Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Surat saka Pengurus Pusat

Surat saka Pengurus Pusat

Para sedulur sing kami sayangi,

Yésus ngekèki préntah, ”Lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi.” Awaké dhéwé gelem manut préntah kuwi merga sayang Gusti Allah lan wong liya. (Mat. 28:​19, 20; Mrk. 12:​28-31) Nèk nduwé rasa sayang kuwi, awaké dhéwé isa mbantu ”wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé”.—Kis. 13:48.

Mémang mbiyèn pas nginjil, fokusé kuwi ngapalké kata pengantar lan ngekèki wacan. Tapi saiki, sing kudu ditingkatké kuwi piyé bèn isa luwih trampil omong-omongan. Merga sayang wong liya, awaké dhéwé bakal milih topik sing meréka senengi. Kuwi berarti kudu ngrungokké tenanan bèn ngerti sing dipikirké saben wong lan siap nyesuaikké rembugané. Hal-hal kuwi sing bakal dirembug ing brosur iki.

Ing brosur iki ana 12 pelajaran sing mbahas soal sifat-sifat sing kudu diduwèni lan apa sing kudu diupayakké bèn isa ndadèkké murid lan mbuktèkké nèk sayang karo kabèh wong. Ing saben pelajaran bakal dirembug siji sifat. Yésus lan wong Kristen jamané para rasul wis nduduhké sifat kuwi pas nginjil. Awaké dhéwé bakal sinau piyé carané niru meréka. Tujuané dudu bèn isa apal kudu ngomong apa pas nginjil, tapi isa ngerti kudu piyé kanggo nduduhké nèk sayang wong liya. Mémang, kabèh sifat sing arep dipelajari iki berguna kanggo kabèh kegiatan nginjil. Tapi sing arep dirembug kuwi sifat-sifat tertentu sing kudu diduwèni kanggo mulai ngejak omong-omongan, marani manèh, utawa mandhu pelajaran Alkitab.

Pas maca saben pelajaran, pikirna tenanan carané nduduhké sifat sing dipelajari kuwi wektu omongan karo wong-wong ing dhaérahé njenengan. Njenengan ya kudu berupaya bèn isa tambah sayang karo Yéhuwah lan wong liya. Soalé, kunci bèn isa berhasil ndadèkké murid kuwi kudu nduwé rasa sayang. Kuwi luwih penting timbang mempelajari tèknik-tèknik tertentu kanggo nginjil.

Kami seneng isa kerja sama karo njenengan nglayani Yéhuwah. (Zéf. 3:9) Muga-muga Yéhuwah mberkahi njenengan sing terus ngupaya ndadèkké murid lan sayang karo kabèh wong.

Sedulur-sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah