Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MULAI OMONG-OMONGAN

PELAJARAN 1

Mikirké sing Diminati Wong Liya

Mikirké sing Diminati Wong Liya

Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan . . . ora mung mikirké kepentingané dhéwé.”—1 Kor. 13:​4, 5.

Conto saka Yésus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Yohanes 4:​6-9. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Sakdurungé mulai ngejak omong-omongan, apa sing diamati Yésus?

  2.   Yésus ngomong, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” Ngapa kok omongané Yésus kuwi cara sing apik kanggo mulai omong-omongan?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Biasané wong gelem dijak omong-omongan nèk topik sing dirembug kuwi topik sing diminati.

Carané Niru Yésus

3. Ora kaku. Meskipun sakdurungé wis nyiapké topik, tapi nèk topiké ora cocog karo sing diminati wong kuwi, ya aja meksa nganggo topik kuwi. Mulai omong-omongané isa nganggo topik sing lagi dipikirké wong kuwi. Pikirna:

  1.    ’Saiki lagi ana berita soal apa?’

  2.   ’Tangga, kanca kerja, utawa kanca sekolahku saiki lagi seneng ngomongké soal apa?’

4. Ngamati. Pikirna:

  1.    ’Wong kuwi lagi ngapa? Kira-kira apa sing lagi dhèwèké pikirké?’

  2.   ’Saka pakaian, penampilan, utawa omahé, aku isa ngerti apa ya soal agama utawa budayané?’

  3.   ’Wektuné cocog apa ora ya nèk saiki wongé tak ajak omong-omongan?’

5. Ngrungokké.

  1.    Aja kakèhan ngomong.

  2.   Wongé dikon leluasa nyritakké perasaané. Nèk situasiné cocog, takonana.