Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MULAI OMONG-OMONGAN

PELAJARAN 2

Luwes

Luwes

Ayat: ”Omongan sing diomongké ing wektu sing pas kuwi nyenengké banget.”—WB. 15:23.

Conto saka Filipus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Kisah 8:​30, 31. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Piyé carané Filipus mulai ngejak omong-omongan?

  2.   Ngapa kok kuwi cara sing apik kanggo mulai ngejak omong-omongan lan ngandhani keterangan anyar soal ajaran sing bener?

Sing Isa Dipelajari saka Filipus

2. Biasané wong bakal ngrasa nyaman lan gelem ngrembug kabar apik nèk misalé pas omong-omongan awaké dhéwé kaya wong sing lagi ngobrol biasa.

Carané Niru Filipus

3. Ngamati. Wong gelem dijak omong-omongan apa ora kuwi isa kétok saka èksprèsi wajah karo sikapé. Nèk wongé ora gelem dijak ngomong, ya aja dipeksa. Tapi nèk misalé kétoké gelem dijak ngomong, njenengan isa takon, ”Apa njenengan ngerti nèk . . . ?”

4. Ora kesusu. Ora perlu ngrasa kudu langsung ngomongké soal Alkitab. Isa ngobrol biasa sik. Nèk omong-omongané wis ngalir lan ana kesempatan sing cocog, lagi isa nyampèkké soal Alkitab. Kadhang, mungkin lagi isa ngekèki kesaksian mengko nèk pas ketemu manèh.

5. Nyesuaikké topik. Isa waé wong sing dijak omong-omongan ngerti-ngerti ngomongké topik liya. Nèk ngono, topiké disesuaikké waé bèn cocog karo dhèwèké meskipun kuwi béda karo sing wis awaké dhéwé siapké.