Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MULAI OMONG-OMONGAN

PELAJARAN 3

Apikan

Apikan

Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi . . . apikan.”—1 Kor. 13:4.

Conto saka Yésus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Yohanes 9:​1-7. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Yésus marèkké sik wong wuta kuwi apa ngekèki dhèwèké kesaksian sik?—Deloken Yohanes 9:​35-38.

  2.   Kira-kira, ngapa kok perbuatané Yésus kuwi marakké wong wuta mau gelem ngrungokké Yésus?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Biasané wong dadi luwih tertarik nampa kabar apik nèk dhèwèké ngrasa digatèkké.

Carané Niru Yésus

3. Memahami perasaané wong kuwi.

  1.    Pikirna, ’Dhèwèké lagi nguwatirké soal apa ya? Kira-kira dhèwèké butuh bantuan apa?’ Nèk mikirké kuwi, njenengan isa tergerak kanggo tulus apikan karo wong kuwi.

  2.   Rungokna tenanan wong kuwi kanggo nduduhké nèk njenengan perduli. Nèk wongé lagi nyritakké soal masalah utawa perasaané, ngrembugé soal masalah kuwi waé, aja mbahas liyané.

4. Ngomong sing ramah lan sopan. Saka carané njenengan ngomong, wong isa krasa njenengan ngrasa mesakké tenan lan bener-bener péngin mbantu apa ora. Mulané, kudu ngati-ati nèk ngomong. Kata-kata lan nada swarané aja nganti marakké wong liya tersinggung.

5. Ngekèki bantuan. Nèk isa, nggolèka cara bèn isa ngekèki bantuan sing dibutuhké. Nèk diapiki sik, biasané wong dadi gelem dijak omong-omongan.