Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MULAI OMONG-OMONGAN

PELAJARAN 4

Rendah Hati

Rendah Hati

Ayat: ”Kowé kudu rendah hati nganggep wong liya luwih unggul timbang kowé.”—Flp. 2:3.

Conto saka Paulus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Kisah 26:​2, 3. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Wektu omong-omongan karo Raja Agripa, apa buktiné nèk Paulus rendah hati?

  2.   Apa buktiné nèk sing ditonjolké Paulus kuwi soal Yéhuwah lan omongané, dudu soal Paulus dhéwé?—Deloken Kisah 26:22.

Sing Isa Dipelajari saka Paulus

2. Wong isa luwih tertarik ngrungokké kabar apik nèk awaké dhéwé rendah hati lan sopan wektu nyampèkké kuwi.

Carané Niru Paulus

3. Aja ngrèmèhké. Aja rumangsa paling ngerti sak kabèhé lan wong kuwi ora ngerti apa-apa. Nèk ngomong sing sopan.

4. Duduhna nèk berita sing disampèkké kuwi sumberé saka Kitab Suci. Omongané Gusti Allah isa marakké wong tersentuh lan tergerak nglakoni sing bener. Mulané nèk macakké Alkitab pas nginjil, awaké dhéwé isa nggawé wong dadi beriman karo omongané Gusti Allah, dudu omongané awaké dhéwé.

5. Tetep alus. Aja meksa kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé sing bener. Ora usah debat. Nèk tetep tenang lan ngerti kapan ora perlu nglanjutké omong-omongané, kuwi bukti nèk rendah hati. (WB. 17:14; Tit. 3:2) Nèk omongané awaké dhéwé tetep alus, isa waé sukmbèn wongé dadi gelem ngrungokké.