Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MULAI OMONG-OMONGAN

PELAJARAN 5

Wicaksana

Wicaksana

Ayat: ”Omonganmu kudu nyenengké.”—Kol. 4:6.

Conto saka Paulus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Kisah 17:​22, 23. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Wektu ndelok penyembahan brahala ing Athéna, Paulus piyé?—Deloken Kisah 17:16.

  2.   Paulus ora nyalahké wong Athéna, tapi kepercayaané wong-wong kuwi malah didadèkké dhasar kanggo nyampèkké kabar apik. Piyé carané Paulus nyampèkké kuwi?

Sing Isa Dipelajari saka Paulus

2. Biasané wong luwih gelem ngrungokké nèk awaké dhéwé mikirké tenanan kata-kata sing arep disampèkké, piyé carané nyampèkké, lan kapan wektu sing pas nyampèkké kuwi.

Carané Niru Paulus

3. Milih kata-kata sing cocog. Misalé pas ketemu karo wong sing dudu Kristen, nèk mèh nyebut Alkitab utawa Yésus, kata-katané isa disesuaikké.

4. Aja langsung dikorèksi. Bèn waé wongé leluasa nyritakké pandhangané. Nèk gelem ngrungokké, mengko isa ngerti ngapa kok dhèwèké nduwé pandhangan kaya ngono. (WB. 20:5) Nèk misalé omongané ora cocog karo ajaran ing Alkitab, aja kepancing kanggo debat.—Yak. 1:19.

5. Nèk misalé pendapaté ana sing bener, ya setuju waé lan isa dipuji. Wong kuwi mungkin nganggep nèk kepercayaané kuwi bener. Nèk ana pandhangané sing sesuai karo Alkitab, ya sing diomongké kuwi sik waé. Terus, alon-alon lagi ngrembug ajaran ing Alkitab.