Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MULAI OMONG-OMONGAN

PELAJARAN 6

Kendel

Kendel

Ayat: ”Gusti Allahé awaké dhéwé wis nggawé aku kendel martakké kabar apik soal Gusti Allah marang kowé.”—1 Tés. 2:2.

Conto saka Yésus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Lukas 19:​1-7. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Kira-kira ngapa kok ana sing ora seneng karo Zakhéus?

  2.   Apa sing marakké Yésus gelem ngandhani Zakhéus soal kabar apik?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Bèn isa nyritakké soal Kerajaané Gusti Allah karo kabèh wong, butuh sifat kendel.

Carané Niru Yésus

3. Ngendelké Yéhuwah. Liwat roh suci, Yéhuwah mbantu Yésus bèn kendel wektu nginjil. Yéhuwah ya isa mbantu njenengan bèn kendel. (Mat. 10:​19, 20; Luk. 4:18) Nèk misalé njenengan wedi nyritakké kabar apik karo wong tertentu, ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa kendel.—Kis. 4:29.

4. Aja menghakimi. Merga ndelok penampilan, jabatan, kekayaan, gaya hidup, utawa kepercayaané wong, mungkin awaké dhéwé dadi ragu-ragu arep mulai ngejak omong-omongan. Tapi élinga:

  1.    Awaké dhéwé ora isa ndelok isi atiné wong. Sing isa mung Yéhuwah karo Yésus.

  2.   Kabèh wong isa dibantu Yéhuwah bèn cedhak karo Dhèwèké.

5. Kendel tapi tetep wicaksana lan ngati-ati. (Mat. 10:16) Aja debat. Nèk wongé ora gelem ngrungokké kabar apik utawa njenengan ngrasa terancam, omong-omongané ora perlu dilanjutké. Tapi, kudu tetep sopan.—WB. 17:14.