Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

NDADÈKKÉ MURID

PELAJARAN 11

Sederhana Wektu Mulang

Sederhana Wektu Mulang

Ayat: ”Nèk omonganmu angèl dipahami, apa wong liya isa paham kowé lagi ngomong apa?”—1 Kor. 14:9.

Conto saka Yésus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Matius 6:​25-27. Terus jawaban pertanyaan iki:

  1.    Piyé carané Yésus njelaské nèk Yéhuwah nggatèkké umaté?

  2.   Meskipun pengetahuané Yésus soal manuk kuwi akèh, tapi Yésus mung fokus njelaské soal apa? Ngapa kok kuwi cara mulang sing apik?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Nèk awaké dhéwé mulangé sederhana, wong isa éling karo pelajarané lan tergerak kanggo ngetrapké sing wis dipelajari.

Carané Niru Yésus

3. Ora perlu kakèhan njelaské. Timbang nyampèkké kabèh sing njenengan ngerti, mendhing fokus waé karo bahan sing lagi dipelajari. Nèk bar ditakoni sing sinau ora isa langsung njawab, ya dientèni sik. Nèk dhèwèké ora ngerti jawabané utawa jawabané ora cocog karo ajaran ing Alkitab, kèkana pertanyaan tambahan kanggo ngejak dhèwèké mikir. Nèk dhèwèké wis paham intiné, langsung lanjut waé.

4. Topik sing arep dirembug dihubungké karo topik sing wis tau dipelajari. Misalé, sakdurungé ngrembug pelajaran soal wong mati diuripké manèh, rembugen sedhéla sing wis dhèwèké pelajari soal nèk mati kuwi piyé.

5. Mikirké tenanan nèk arep nganggo perumpamaan. Njenengan isa mikirké sik:

  1.    ’Perumpamaan iki sederhana apa ora ya?’

  2.   ’Sing sinau isa langsung mudheng apa ora ya?’

  3.   ’Sing bakal diéling-éling mengko inti pelajarané apa mung perumpamaané thok ya?’