Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAMPIRAN A

Ajaran ing Alkitab sing Seneng Dicritakké

Ajaran ing Alkitab sing Seneng Dicritakké

Yésus tau ngomong nèk wong sing atiné tulus dikandhani ajaran ing Alkitab, meréka mesthi bakal langsung paham nèk kuwi ajaran sing bener. (Yoh. 10:​4, 27) Mulané kapan pun, wektu omong-omongan karo wong liya, coba critakna siji ajaran ing Alkitab sing gampang dipahami. Nèk melakukan kuwi, awaké dhéwé kaya lagi nandur benih. Gusti Allah isa nggawé benih kuwi bertumbuh. (1 Kor. 3:​6, 7) Kanggo mulai omong-omongan, isa ngomong ngéné sik, ”Apa njenengan ngerti nèk . . . ?” utawa ”Apa njenengan tau krungu nèk . . . ?” Bar kuwi wacakna ayat sing cocog.

 MASA DEPAN

  1. 1. Peristiwa lan sifaté wong-wong saiki sakjané tandha nèk bakal ana keadaan sing luwih apik.—Mat. 24:​3, 7, 8; Luk. 21:​10, 11; 2 Tim. 3:​1-5.

  2. 2. Bumi ora bakal dihancurké.—Mzm. 104:5; Pkh. 1:4.

  3. 3. Bumi sing rusak bakal dadi apik manèh.—Yés. 35:​1, 2; Why. 11:18.

  4. 4. Wong-wong bakal séhat kabèh.—Yés. 33:24; 35:​5, 6.

  5. 5. Njenengan isa urip saklawasé ing bumi.—Mzm. 37:29; Mat. 5:5.

 KELUARGA

  1. 6. Wong lanang kudu ”sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé”.—Éf. 5:33; Kol. 3:19.

  2. 7. Wong wédok kudu bener-bener ngajèni bojoné.—Éf. 5:33; Kol. 3:18.

  3. 8. Wong sing wis nikah kudu setya karo bojoné.—Mal. 2:16; Mat. 19:​4-6, 9; Ibr. 13:4.

  4. 9. Anak-anak kudu ngajèni lan manut wong tuwané bèn isa bahagia.—WB. 1:​8, 9; Éf. 6:​1-3.

NASA, ESA and the Hubble Heritage Team (STScI/AURA)-ESA/Hubble Collaboration. Licensed under CC BY 4.0. Source.

 GUSTI ALLAH

  1. 10. Gusti Allah nduwé jeneng.—Mzm. 83:18; Yér. 10:10.

  2. 11. Gusti Allah ngomong liwat Kitab Suci.—2 Tim. 3:​16, 17; 2 Ptr. 1:​20, 21.

  3. 12. Gusti Allah adil lan ora pilih kasih.—PT. 10:17; Kis. 10:​34, 35.

  4. 13. Gusti Allah seneng nulungi.—Mzm. 46:1; 145:​18, 19.

 DONGA

  1. 14. Gusti Allah péngin awaké dhéwé ndonga karo Dhèwèké.—Mzm. 62:8; 65:2; 1 Ptr. 5:7.

  2. 15. Ing Kitab Suci ana keterangan soal carané ndonga.—Mat. 6:​7-13; Luk. 11:​1-4.

  3. 16. Awaké dhéwé kudu kerep ndonga.—Mat. 7:​7, 8; 1 Tés. 5:17.

 YÉSUS

  1. 17. Yésus kuwi guru, lan ajarané bermanfaat nganti saiki.—Mat. 6:​14, 15, 34; 7:12.

  2. 18. Kabèh peristiwa saiki wis diramalké Yésus.—Mat. 24:​3, 7, 8, 14; Luk. 21:​10, 11.

  3. 19. Yésus kuwi anaké Gusti Allah.—Mat. 16:16; Yoh. 3:16; 1 Yoh. 4:15.

  4. 20. Yésus kuwi dudu Gusti Allah sing Mahakuwasa.—Yoh. 14:28; 1 Kor. 11:3.

Based on NASA/Visible Earth imagery

 KERAJAANÉ GUSTI ALLAH

  1. 21. Gusti Allah ngedegké pamréntahan ing swarga.—Dan. 2:44; Mat. 6:​9, 10; Why. 11:15.

  2. 22. Kabèh pamréntahan saiki bakal disingkirké. Sing bakal mréntah mung Kerajaané Gusti Allah. —Mzm. 2:​7-9; Dan. 2:44.

  3. 23. Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngrampungi kabèh masalahé manungsa.—Mzm. 37:​10, 11; 46:9; Yés. 65:​21-23.

 KESUSAHAN

  1. 24. Wong susah kuwi dudu merga Gusti Allah.—PT. 32:4; Yak. 1:13.

  2. 25. Sétan sing nguwasani donya iki.—Luk. 4:​5, 6; 1 Yoh. 5:19.

  3. 26. Gusti Allah perduli pas njenengan susah.—Mzm. 34:​17-19; Yés. 41:​10, 13.

  4. 27. Sedhéla manèh Gusti Allah arep nyingkirké sing marakké manungsa susah.—Yés. 65:17; Why. 21:​3, 4.

 KEMATIAN

  1. 28. Wong mati ora ngerti apa-apa lan ora disiksa.—Pkh. 9:5; Yoh. 11:​11-14.

  2. 29. Wong mati ora isa nulungi utawa nyilakani awaké dhéwé.—Mzm. 146:4; Pkh. 9:​6, 10.

  3. 30. Keluarga utawa kanca sing wis mati bakal diuripké manèh.—Ayb. 14:​13-15; Yoh. 5:​28, 29; Kis. 24:15.

  4. 31. ’Kematian ora bakal ana manèh’.—Why. 21:​3, 4; Yés. 25:8.

 AGAMA

  1. 32. Ora kabèh agama kuwi bener menurut Gusti Allah.—Yér. 7:11; Mat. 7:​13, 14, 21-23.

  2. 33. Gusti Allah ora seneng karo wong sing mung éthok-éthok ngibadah.—Yés. 29:13; Mi. 3:11; Mrk. 7:​6-8.

  3. 34. Agama sing bener kuwi wong-wongé saling menyayangi.—Mi. 4:3; Yoh. 13:​34, 35.