Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAMPIRAN C

Mandhu Pelajaran Alkitab Nganggo Buku Bahagia Saklawasé

Mandhu Pelajaran Alkitab Nganggo Buku Bahagia Saklawasé

Buku Bahagia Saklawasé nggawéné tenanan. Para sedulur sing nggawé buku kuwi akèh ndonga lan riset. Piyé carané bèn isa éntuk akèh manfaat saka buku iki, terutama wektu mandhu pelajaran Alkitab? Praktèkna cara-cara iki.

Sakdurungé mandhu pelajaran

  1. 1. Disiapké kabèh. Pas lagi persiapan, pikirna apa sing lagi dialami, sing kudu diupayakké, lan sing wis dipahami sing sinau Alkitab. Pikirna hal-hal apa waé sing mungkin bakal angèl dipahami utawa ditrapké sing sinau Alkitab. Deloken bagéan ”Bahan Tambahan”. Pikirna bahan-bahan apa ing kono sing bermanfaat kanggo sing sinau Alkitab. Mengko nèk pas sinau njenengan ngrasa ana bahan sing cocog, njenengan isa langsung nyampèkké kuwi.

Selama mandhu pelajaran

  1. 2. Nèk sing sinau Alkitab setuju, pelajarané dimulai lan ditutup nganggo donga.

  2. 3. Aja kakèhan njelaské. Fokus waé karo bahan sing lagi dipelajari. Kèkana kesempatan sing sinau Alkitab kanggo nyampèkké pendapaté.

  3. 4. Wektu arep ngrembug ”Bagian” anyar, wacanen inti ”Bagian” kuwi. Terus, sebutna judhul-judhul pelajaran ing ”Bagian” kuwi.

  4. 5. Bar rampung ngrembug siji ”Bagian”, rembugen ”Ringkesan Bagian” kuwi bèn sing sinau éling apa waé sing wis dhèwèké pelajari.

  5. 6. Pas ngrembug saben pelajaran:

    1. Wacanen paragrafé.

    2. Wacanen kabèh ayat sing ana tulisané ”Wacanen”.

    3. Wacanen ayat-ayat liyané nèk situasiné cocog.

    4. Setèlen kabèh vidéo sing ana tulisané ”Setèlen” (nèk njenengan isa nyetèlké).

    5. Takokna saben pertanyaané.

    6. Njaluka sing sinau nyritakké gambar ing bagéan ”Sinau Luwih Akèh”.

    7. Bèn sing sinau ngerti apa sing kudu diupayakké bèn isa maju, gunakna kothak ”Rencana”. Kandhanana sing sinau kanggo nyoba ngetrapké conto rencana sing wis ditulis ing kono utawa nggawé rencana liyané sing isa ditrapké.

    8. Takona sing sinau apa ana artikel utawa vidéo ing bagéan ”Bahan Tambahan” sing menarik kanggo dhèwèké pas dhèwèké persiapan.

    9. Nèk isa, saben sinau ngrembug sak pelajaran nganti rampung.

Sakwisé mandhu pelajaran

  1. 7. Terus pikirna sing sinau Alkitab. Ndongaa karo Yéhuwah. Njaluka bèn Yéhuwah mberkahi upayané sing sinau Alkitab kanggo nggawé kemajuan. Terus ya njaluka bèn njenengan isa ngerti kudu piyé bèn isa mbantu sing sinau Alkitab kuwi.