Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Keterangan kanggo Sing Mèlu

Keterangan kanggo Sing Mèlu

BAPTISAN Kursi kanggo calon baptis disedhiakké ing ngarep panggung, kecuali nèk mengko ana perubahan. Para calon baptis kudu wis lungguh ing kono sakdurungé ceramah baptisan dimulai pas dina Setu ésuk. Sing arep baptis kudu nggawa andhuk lan klambi ganti sing pantes.

BARANG SING ILANG LAN DITEMOKKÉ Nèk ana barang sing ditemokké lan njenengan ora ngerti barang kuwi duwèké sapa, tulung digawa ing bagéan Barang sing Ilang lan Ditemokké. Nèk njenengan kélangan barang, njenengan isa mara ing bagéan iki lan sebutna barang apa sing ilang. Bocah-bocah sing kesasar ya isa digawa ing bagéan iki. Ning, bèn ora ana kejadian kaya ngono, wong tuwa kudu terus ngawasi lan njaga anak-anaké.

DINAS SUKARÉLA Nèk njenengan péngin mbantu gawéan sing ana hubungané karo pertemuan iki, njenengan isa ngandhani bagéan Informasi lan Dinas Sukaréla.

LUNGGUHAN Awaké dhéwé perlu mikirké kepentingané wong liya. Élinga nèk kursi isa disisihké mung kanggo keluarga cedhaké njenengan, sing sak kendaraan karo njenengan, sing sak omah karo njenengan, utawa sing lagi sinau Alkitab karo njenengan. Tulung aja ndèlèhké barang-barangé njenengan ing kursi sing ora njenengan sisihké.

P3K Bagéan iki mung kanggo situasi darurat.

PETUGAS TATA TERTIB Para petugas tata tertib ditugasi kanggo mbantu njenengan. Njenengan isa manut karo pengarahané petugas soal parkir, mlebu metu panggonan pertemuan, nyisihké kursi, lan liya-liyané.

SUMBANGAN Ana akèh biaya sing dibutuhké kanggo nyéwa kursi, peralatan tata suara lan vidéo, lan kebutuhan liyané bèn acara pertemuan iki isa lancar lan awaké dhéwé isa dibantu bèn luwih cedhak karo Yéhuwah. Nèk njenengan seneng lan réla mènèhi sumbangan, kuwi isa dienggo nutupi biaya sing ditokké lan ndhukung gawéan nginjil sak donya. Ana kothak-kothak sumbangan sing didèlèhké ing beberapa tempat ing panggonan iki. Njenengan ya isa nyumbang liwat situs wèb donate.pr418.com. Nyumbang pira waé éntuk. Pengurus Pusat maturnuwun merga njenengan gelem ndhukung kepentingané Kerajaané Gusti Allah.

Digawé karo Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah

© 2024 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania