Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Dhidhiken Anakmu sing Isih Cilik Bèn Isa Dadi Abdiné Yéhuwah

Dhidhiken Anakmu sing Isih Cilik Bèn Isa Dadi Abdiné Yéhuwah

”Mugi abdinipun Gusti Allah . . . mulangna dateng kawula punapa ingkang perlu kawula lampahi tumrap laré ingkang badhé lair punika.”PH. 13:8.

LAGU: 41, 6

1. Apa sing ditindakké Manoakh wektu ngerti nèk bakal nduwé anak?

MANOAKH lan bojoné rumangsa ora bakal isa nduwé anak. Ning, malaékaté Yéhuwah ngandhani bojoné Manoakh, nèk dhèwèké bakal nglairké anak lanang. Mesthiné kagèt banget, ta? Manoakh seneng banget wektu krungu berita kuwi saka bojoné. Ning, Manoakh ngerti nèk nurut Yéhuwah, ndhidhik anak kuwi tanggung jawab sing gedhé. Wektu kuwi, akèh wong Israèl tumindaké bejat. Dadi, piyé carané bèn anaké mengko isa nresnani lan ngabdi marang Yéhuwah? Manoakh njaluk bèn malaékaté Yéhuwah teka manèh, ”Mugi abdinipun Gusti Allah . . . mulangna dhateng kawula tumrap ingkang perlu kawula lampahi tumrap laré ingkang badhé lair punika.”PH. 13:1-8.

2. Bocah-bocah perlu diwulang apa, lan piyé carané? (Deloken kothak ” Siswa Alkitab Panjenengan sing Paling Utama.”)

2 Nèk panjenengan nduwé anak, mesthiné panjenengan ngerti perasaané Manoakh. Panjenengan uga nduwé tanggung jawab mbantu anak panjenengan sinau lan nresnani Yéhuwah. (WB. 1:8) Wektu ibadah sak keluarga, bocah kuwi isa dibantu sinau Alkitab lan sinau bab Yéhuwah. Ning, ora mung sinau Alkitab thok saben minggu. (Wacanen Pangandharing Torèt 6:6-9.) Apa manèh sing kudu ditindakké kanggo mbantu bocah kuwi, bèn isa nresnani lan ngabdi marang Yéhuwah? Artikel iki bakal ngrembug tuladhané Yésus. Senajan Yésus ora nduwé anak, ning awaké dhéwé isa sinau saka carané Yésus mulang para muridé. Yésus andhop asor lan nresnani para muridé. Yésus uga nduwé pangertèn. Yésus ngerti perasaané para muridé, lan ngerti carané mbantu. Carané niru Yésus ya ngéné iki.

KUDU NRESNANI

3. Kok para muridé Yésus ngerti nèk ditresnani Yésus?

3 Yésus kerep ngomong langsung karo para muridé, nèk dhèwèké nresnani para muridé. (Wacanen Yokanan 15:9.) Yésus uga nggunakké akèh wektu karo para muridé. (Mk. 6:31, 32; Yo. 2:2; 21:12, 13) Yésus ora mung dadi guru, ning uga dadi kanca. Mula, cetha nèk murid-muridé isa ngrasakké katresnané Yésus. Apa sing isa ditiru saka Yésus?

4. Piyé carané nduduhké karo anak, nèk panjenengan tresna karo dhèwèké? (Deloken gambar ing kaca 8.)

4 Nèk panjenengan tresna, kudu ngomong langsung karo anak panjenengan. Omonga uga nèk dhèwèké aji banget kanggo panjenengan. (WB. 4:3; Tt. 2:4) Samuèl saka Australia kandha, ”Pas aku isih cilik, aku diwacakké buku Cerita Alkitab karo bapakku saben mbengi. Kabèh pitakonanku dijawab. Aku dikekep lan diambung sakdurungé turu. Kuwi nrenyuhké ati, merga aku ngerti nèk bapakku ora tau dikekep lan diambung keluargané. Kuwi mesthi upaya sing gedhé banget kanggo bapakku bèn isa nduduhké katresnané karo aku. Mula, hubunganku raket banget karo bapakku. Aku seneng lan rumangsa diayomi.” Bèn anak panjenengan ya rumangsa ngono, kerep-kerepa ngomong karo anak panjenengan ”Aku sayang karo kowé.” Kekepen lan ambungen anak panjenengan. Gunakna akèh wektu kanggo omong-omongan, mangan, lan dolan bareng.

5, 6. (a) Merga nresnani muridé, apa sing ditindakké Yésus? (b) Piyé carané ngandhani anak?

5 Yésus kandha, ”Sapa singSun kasihi iku Sunwelèhaké [kandhani] lan Sunrangkèt.” * (Wy. 3:19) Contoné, para muridé bola-bali padu masalah sapa murid sing paling penting lan utama. Masalah kuwi ora dianggep sepélé karo Yésus. Yésus kanthi sabar bola-bali ngandhani para muridé bab kuwi. Yésus apikan, lan pas ngandhani nggolèk panggonan lan wektu sing cocog.Mk. 9:33-37.

6 Merga tresna, anak perlu dikandhani. Kadhang kala ora cukup mung diomongi nèk kuwi bener apa salah. Piyé nèk bocahé ora gelem manut? (WB. 22:15) Awaké dhéwé kudu niru Yésus. Kudu sabar, nuntun, mulang, lan ngandhani sing bener bocah kuwi. Golèka wektu lan panggonan sing cocog kanggo ngandhani, lan aja kasar-kasar. Sedulur wédok ing Afrika Selatan, sing jenengé Elaine isih éling wektu wong tuwané ngandhani dhèwèké. Wong tuwané mesthi nerangké apa sing dikarepké saka anaké. Wektu wong tuwané ngomong nèk arep ngukum, ya pancèn kuwi sing ditindakké tenan. Elaine kandha, ”Aku ora tau disenèni pas wong tuwaku nesu, lan mesthi dikandhani alesané aku disenèni.” Mula, Elaine ngerti nèk ditresnani wong tuwané.

KUDU ANDHAP ASOR

7, 8. (a) Apa sing disinaoni para muridé saka dongané Yésus? (b) Piyé donga panjenengan isa ndadèkké anak panjenengan ngendelké Gusti Allah?

7 Sakdurungé dicekel lan dipatèni, Yésus ndonga marang Yéhuwah, ”Dhuh, Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.” * (Mk. 14:36) Piyé perasaané para muridé wektu krungu dongané Yésus? Para muridé dadi ngerti, nèk Yésus tetep njaluk bantuané Yéhuwah senajan manungsa sampurna. Mula, para muridé kuwi uga kudu andhap asor lan ngendelké Yéhuwah.

8 Anak panjenengan isa nggatèkké lan sinau saka donga panjenengan. Wektu krungu panjenengan ndonga, bocah-bocah ora mung sinau carané ndonga, ning uga isa sinau carané ngendelké Yéhuwah. Wektu ndonga, aja mung njaluk bèn Yéhuwah mbantu anak panjenengan, ning uga njaluk Yéhuwah mbantu panjenengan. Ana, saka Brasil kandha, ”Wektu ana masalah, contoné pas simbahku lara, wong tuwaku njaluk kekuwatan lan roh suciné Yéhuwah, kanggo ngrampungi masalahé lan nggawé keputusan sing cocog. Malah wektu éntuk masalah sing abot banget, wong tuwaku pasrah marang Yéhuwah. Mula, aku ya isa niru wong tuwaku anggoné ngendelké Yéhuwah.” Wektu anak krungu nèk panjenengan ndonga njaluk kekuwatan marang Yéhuwah bèn wani nginjil, utawa wektu panjenengan njaluk ijin marang majikan bèn isa teka ing kebaktian, anak panjenengan isa nggatèkké nèk panjenengan ngendelké Yéhuwah. Kuwi bakal ditiru karo dhèwèké.

9. (a) Piyé Yésus ngekèki conto para muridé bèn andhap asor lan ora mentingké awaké dhéwé? (b) Nèk panjenengan andhap asor lan ora mentingké awaké dhéwé, anak isa sinau apa saka panjenengan?

9 Yésus ngandhani lan ngekèki conto para muridé bèn andhap asor lan ora mentingké awaké dhéwé. (Wacanen Lukas 22:27.) Para muridé weruh nèk Yésus ngupaya tenanan kanggo ngabdi marang Yéhuwah lan mbantu wong liya. Mula, kuwi ya ditiru para muridé. Anak panjenengan uga isa niru tuladha panjenengan. Debbie, sing nduwé anak loro, kandha, ”Aku ora tau nesu nèk bojoku nggunakké wektu kanggo nindakké tugasé dadi pinituwa, merga aku ngerti kapan waé keluargaku butuh digatèkké, bojoku mesthi siap nggatèkké.” (1 Tm. 3:4, 5) Piyé tuladhané Debbie lan bojoné yaiku Pranas, ditiru anak-anaké? Pranas kandha nèk anak-anaké sregep mbantu ing kebaktian. Bocah-bocah kuwi rumangsa seneng lan gelem kekancan karo para sedulur. Sak keluarga saiki dadi perintis. Nèk panjenengan andhap asor lan ora mentingké awaké dhéwé, anak panjenengan bakal seneng lan ikhlas mbantu liyané.

KUDU PANGERTÈN

10. Yésus ngerti bab apa wektu wong-wong Galiléa nggolèki dhèwèké?

10 Yésus kuwi pangertèné gedhé banget. Yésus ora mung ndelok tumindaké wong, ning uga ngerti alesané kuwi ditindakké. Yésus isa maca ati. Contoné, wektu wong-wong Galiléa nggolèki Yésus. (Yo. 6:22-24) Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi nggolèki merga arep njaluk mangan, dudu merga péngin diwulang. (Yo. 2:25) Yésus ngerti perasaané wong-wong kuwi. Yésus sabar ngandhani wong-wong kuwi, bèn isa ngowahi tumindaké.Wacanen Yokanan 6:25-27.

Bocah-bocah perlu dibantu bèn seneng nginjil (Deloken paragraf 11)

11. (a) Piyé carané bèn isa ngerti perasaané anak panjenengan bab nginjil? (b) Piyé carané mbantu anak bèn seneng nginjil?

11 Senajan ora isa maca ati, panjenengan uga isa nduwèni pangertèn. Contoné, panjenengan isa ngupaya bèn ngerti perasaané anak panjenengan bab nginjil. Coba dipikir, ’Apa anakku pancèn seneng nginjil, apa mung mèlu merga arep dijajakké bar nginjil?’ Nèk panjenengan krasa anak panjenengan ora seneng ati wektu nginjil, coba golèk cara bèn bocah kuwi dadi seneng nginjil. Wènèhana tugas sing isa digunakké bocah kuwi pas nginjil.

12. (a) Yésus ngélingké para muridé bab apa? (b) Apa sebabé para muridé Yésus pancèn perlu diélingké?

12 Yésus nggunakké pangertèné ing kedadéan apa manèh? Yésus ngerti nèk tumindak siji sing salah isa njalari tumindak salah liyané, lan malah dadi dosa. Mula, Yésus ngélingké para muridé bab kuwi. Contoné, para murid ngerti nèk laku jina kuwi salah, ning Yésus ngélingké nèk ana sing isa njalari awaké dhéwé tumindak ngono. Yésus kandha, ”Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduwèni krenteg marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné. Mulané manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen.” (Mt. 5:27-29) Para muridé Yésus urip ing saktengahé wong Rum, sing seneng nonton sing saru-saru lan omongané ora nggenah. Mula, Yésus ngélingké para muridé aja nganti nonton utawa ndelok bab sing marahi tumindak bejat.

13, 14. Piyé carané mbantu anak bèn ora kegodha nonton sing saru?

13 Panjenengan uga isa ngerti carané ngayomi bocah-bocah bèn ora nindakké sing disengiti Yéhuwah. Jaman saiki, bocah cilik waé isa nonton sing saru-saru. Pancèn panjenengan isa ngandhani bocah-bocah bèn ora nonton sing saru, ning ora mung kuwi thok sing isa ditindakké. Coba dipikir, ’Apa anakku ngerti nèk gambar lan tontonan sing saru kuwi bahaya? Apa sing isa marakké bocah-bocah padha nonton gambar kuwi? Apa aku pénak diajak crita-crita anakku? Dadi, nèk pas kegodha nonton sing saru, anakku gelem kandha karo aku.’ Karo bocah sing isih cilik banget waé panjenengan isa kandha, ”Nèk ing Internèt ana sing marahi kowé dadi péngin ndelok sing saru, omonga karo Bapak utawa Ibu. Aja wedi lan aja isin. Bapak utawa Ibu péngin mbantu.”

14 Wektu milih hiburan, tulung dipikirké uga apa kuwi bakal ditiru anak panjenengan. Pranas kandha, ”Pancèn panjenengan isa ngandhani anak panjenengan bab apa waé nganggo omongan, ning bocah-bocah bakal ndelok lan niru tumindak panjenengan.” Nèk panjenengan ati-ati milih musik, buku, lan film, kuwi uga bakal ditiru anak panjenengan.Rm. 2:21-24.

YÉHUWAH BAKAL MBANTU

15, 16. (a) Kok awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah isa mbantu ndhidhik anak? (b) Apa sing bakal dirembug minggu ngarep?

15 Piyé tanggepané Yéhuwah wektu dijaluki tulung bèn mbantu Manoakh ndhidhik anaké? ”Gusti Allah banjur nyembadani [nuruti] panyuwuné pak Manoakh.” (PH. 13:9) Yéhuwah uga bakal mirengké donga panjenengan, lan mbantu panjenengan ndhidhik anak. Yéhuwah bakal mbantu panjenengan nduduhké katresnan, lan nduwèni sipat andhap asor, sarta pangertèn.

16 Yéhuwah pancèn isa mbantu ndhidhik anak sing isih cilik. Ning, Yéhuwah uga isa mbantu ndhidhik cah-cah enom. Minggu ngarep bakal dirembug tuladhané Yésus anggoné nresnani lan nduwèni sipat andhap asor, sarta pangertèn, sing isa mbantu panjenengan ndhidhik cah-cah enom.

^ par. 5 Nurut Alkitab, melèhké utawa ngandhani, kuwi maksudé nuntun, mulang, nyenèni, lan ngukum. Kuwi ditindakké aja kasar, lan aja pas nesu.

^ par. 7 Ing jamané Yésus, bocah-bocah ngundang bapaké nganggo sebutan Abba. Sebutan iki bukti nèk bocah-bocah nresnani lan ngajèni bapaké.The International Standard Bible Encyclopedia.