Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Ing jamané Alkitab, piyé carané nggawé lan nggunakké gulungan Alkitab?

Injil Lukas kandha nèk Yésus mbukak, maca, lan nggulung manèh gulungan Yésaya. Ing bagéan akhir Injil Yokanan, Yokanan uga kandha bab gulungan. Dhèwèké kandha nèk ora isa nulis kabèh mukjijaté Yésus ing gulungan kuwi.​—Lukas 4:16-20; Yokanan 20:30; 21:25.

Piyé carané nggawé gulungan Alkitab? Bahan-bahané saka kulit lan papirus, sing dilém bèn mbentuk gulungan. Bar kuwi, digulung ing gagang lan tulisané ing njero. Tulisané digawé per kolom sak ambané gulungan kuwi. Nèk gulungané dawa, gagangé ana loro. Wektu maca, tangan sing siji nggulung mlebu, lan sijiné mbukak gulungan, nganti ketemu bagéan sing arep diwaca.

The Anchor Bible Dictionary kandha, ”Ana gunané Alkitab digawé gulungan. Senajan dawané kira-kira 10 m, ning merga digulung, dadi luwih ringkes.” Contoné, Injil Lukas kira-kira dawané 9,5 m. Kadhang kala, pinggirané gulungan bagéan ndhuwur lan ngisor dihias, digosok nganggo watu apung nganti alus, lan diwernani.

Sapa sing dimaksud ”para pangareping imam” ing Kitab Yunani Kristen?

Ing jamané Israèl, mung ana siji sing dipilih dadi imam agung. Kuwi jabatan nganti dhèwèké mati. (Wilangan 35:25) Harun sing pisanan dadi imam agung. Jabatan imam agung kuwi mung kanggo anak lanang mbarep. (Pangentasan 29:9) Akèh keturunané Harun sing dadi imam, ning mung sithik sing dadi imam agung.

Wektu Israèl dijajah negara liya, pamréntah sing nguwasani Israèl milih lan ngganti imam Yahudi sakpénaké dhéwé. Senajan ngono, kayané imam sing dipilih mesthi saka keluarga sing diurmati, lan akèh-akèhé keturunané Harun. Tembung ”para pangareping imam” maksudé anggota utama golongan imam. Mbokmenawa kuwi klebu para pemimpin 24 bagéan golongan imam, anggota sing dikenal saka keluarga para imam agung, lan imam agung sing wis dipecat, kaya Hanas.​—1 Babad 24:1-19; Matéus 2:4; Markus 8:31; Lelakoné Para Rasul 4:6.