Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngajèni Hadiahé Yéhuwah sing Paling Aji

Ngajèni Hadiahé Yéhuwah sing Paling Aji

”Mulané asmané Allah kaluhurna merga sih-peparingé sing semono gedhéné.”​2 KR. 9:15, Basa Jawi Padintenan (BJP).

LAGU: 53, 18

1, 2. (a) Hadiahé Yéhuwah sing paling aji kuwi apa? (b) Pitakonan apa waé sing arep dirembug ing wulangan iki?

MERGA tresna, Yéhuwah ngutus putrané, Yésus, menyang bumi. Kuwi hadiah sing paling aji. (Yo. 3:16; 1 Yo. 4:9, 10) Rasul Paulus nyebut kuwi ”sih-peparingé sing semono gedhéné.” (2 Kr. 9:15, BJP) Apa maksudé?

2 Paulus ngerti kurban tebusané Yésus njamin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon. (Wacanen 2 Korinta 1:20.) ”Sih-peparingé sing semono gedhéné” saka Gusti Allah kuwi, klebu tebusané Yésus, lan sipat apikan lan tresnané Yéhuwah kanggo manungsa mbésuk. Ajiné hadiah saka Yéhuwah kuwi ora isa dibayangké. Piyé perasaané awaké dhéwé bab kuwi? Apa pengaruhé hadiahé Yéhuwah kuwi kanggo awaké dhéwé, wektu nyiapké Pèngetan Sédané Yésus, dina Rebo tanggal 23 Maret 2016?

HADIAHÉ YÉHUWAH SING PALING AJI

3, 4. (a) Piyé perasaanmu pas dikèki hadiah? (b) Kok isa ana hadiah sing isa nggawé uripmu luwih apik?

3 Awaké dhéwé seneng wektu nampa hadiah. Ning, hadiah kuwi aji nèk isa nggawé urip dadi luwih apik. Contoné, bayangna nèk kowé dadi penjahat sing arep diukum mati. Ning, ana wong sing gelem mati nggantèni kowé. Piyé perasaanmu?

4 Hadiah kuwi isa mbantu ngowahi uripmu. Mbokmenawa, kowé péngin dadi luwih loma, tresna, lan seneng ngapura wong liya sing nglarani ati. Mesthiné, uripmu sakterusé bakal digunakké kanggo ngajèni pangurbanané wong mau, ta?

5. Apa sebabé kurban tebusan luwih aji timbang hadiah liyané?

5 Hadiah tebusan saka Gusti Allah luwih aji saka conto mau. (1 Pt. 3:18) Coba dipikir, kabèh manungsa diwarisi dosané Adam, lan akhiré mati. (Rm. 5:12) Merga tresna, Yéhuwah ngutus Yésus menyang bumi bèn ”nglampahi séda iku kanggo manungsa kabèh.” (Ib. 2:9) Paédahé kurban tebusan Yésus pancèn gedhé, merga isa nyingkirké pati saklawasé. (Yé. 25:7, 8; 1 Kr. 15:22, 26) Wektu Yésus dadi raja mréntah bumi saka Kratoné swarga, kabèh wong sing nduduhké iman marang Yésus bakal urip seneng lan ayem tentrem. (Rm. 6:23; Wy. 5:9, 10) Ana berkah liyané apa sing klebu hadiahé Yéhuwah?

6. (a) Berkahé Yéhuwah apa sing kok arep-arep? (b) Apa pengaruhé hadiah saka Yéhuwah? Sebutna.

6 Berkah liyané yakuwi bumi dadi Pirdus, sing lara ditambani, lan sing mati diuripké. (Yé. 33:24; 35:5, 6; Yo. 5:28, 29) Awaké dhéwé nresnani Yéhuwah lan Yésus, merga wis mènèhi ”sih-peparingé sing semono gedhéné”. Apa pengaruh hadiah kuwi? Pengaruhé yakuwi mbantu awaké dhéwé (1) niru tuladhané Yésus, (2) nresnani para sedulur, lan (3) ngapura wong liya tulus saka ati.

PENGARUHÉ TRESNANÉ YÉSUS

7, 8. Kuduné piyé perasaané awaké dhéwé merga ditresnani Yésus, lan kuwi isa mbantu nindakké apa?

7 Siji, kuduné awaké dhéwé nggunakké urip kanggo ngajèni Yésus. Rasul Paulus kandha, ”Sih katresnané Sang Kristus kang mbereg [ana pengaruhé] marang aku kabèh.” (Wacanen 2 Korinta 5:14, 15.) Paulus ngerti, nèk nampa tresnané Yésus, kuwi isa mbantu nresnani lan ngajèni Yésus. Wektu ngerti nèk kabèh sing ditindakké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé, tresnané Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé nduduhké nèk ngajèni Yésus. Piyé carané?

8 Rasa tresna marang Yéhuwah mbantu awaké dhéwé niru tuladhané Yésus. (1 Pt. 2:21; 1 Yo. 2:6) Nèk gelem manut, kuwi bukti rasa tresna marang Yéhuwah lan Yésus. Yésus kandha, ”Sing sapa nggondhèli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi déning RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairaké sariraKu marang wong iku.”​—Yo. 14:21; 1 Yo. 5:3.

9. Awaké dhéwé isa kena pengaruh apa?

9 Pas sasi Pèngetan, awaké dhéwé isa mikirké piyé carané niru Yésus. Awaké dhéwé isa mikir, ’Endi sipaté Yésus sing wis tak tiru? Sipat endi sing kudu tak owahi?’ Penting kanggo dipikirké, merga wong-wong ing donya iki péngin awaké dhéwé urip manut wong-wong mau. (Rm. 12:2) Nèk ora ati-ati, awaké dhéwé isa kena pengaruhé guru, bintang film, lan pemain olahraga. (Kl. 2:8; 1 Yo. 2:15-17) Piyé carané nampik pengaruh kuwi?

10. Pitakonan apa waé sing isa dipikirké pas sasi Pèngetan, lan jawabané isa mbantu nindakké apa? (Deloken gambar ing kaca 12.)

10 Pas sasi Pèngetan penting uga mikirké pakaian, film, musik, lan isiné komputer, HP, utawa tablèté awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa takon, ’Nèk Yésus weruh klambi sing tak nggo, apa dhèwèké isin?’ (Wacanen 1 Timotéus 2:9, 10.) ’Apa klambiku nduduhké nèk aku ki muridé Yésus? Apa Yésus seneng nonton filmku? Apa Yésus gelem ngrungokké laguku? Nèk Yésus nyilih HP utawa tablètku, apa dhèwèké isin nonton isiné? Apa angèl nerangké karo Yésus apa sebabé aku seneng dolanan vidhéo game kuwi?’ Tresna marang Yéhuwah, kuduné mbantu nyingkiri kabèh sing ora cocog kanggoné wong Kristen, senajan biayané gedhé. (PR. 19:19, 20) Wektu janji ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé janji nèk arep nggunakké urip kanggo ngajèni Yésus. Mula, aja nganti ana sing ngalangi awaké dhéwé niru tuladhané Yésus.​—Mt. 5:29, 30; Fp. 4:8.

11. (a) Piyé rasa tresna marang Yéhuwah lan Yésus isa mbantu ing gawéan nginjil? (b) Piyé rasa tresna isa mbantu liyané ing jemaat?

11 Rasa tresna marang Yésus uga mbantu bèn luwih semangat nginjil lan mulang Alkitab. (Mt. 28:19, 20; Lk. 4:43) Pas sasi Pèngetan, apa kowé isa dadi perintis èkstra lan nggunakké wektu 30 utawa 50 jam kanggo nginjil? Ana penginjil dhudha sing umuré 84 taun, ora péngin merintis merga wis tuwa lan lara-laranen. Ning, para perintis liyané mbantu dhèwèké. Para perintis kuwi nyedhiyakké nunutan, lan milihké dhaérah nginjil sing cocog. Akhiré, sedulur mau isa nginjil 30 jam. Apa kowé isa mbantu liyané, bèn dadi perintis èkstra sasi Maret utawa April? Senajan ora kabèh isa dadi perintis, ning awaké dhéwé isa nggunakké wektu lan tenaga luwih akèh kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, kaya Paulus, awaké dhéwé nduduhké nèk niru tresnané Yésus. Tresnané Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé nindakké apa manèh?

KUDU NRESNANI SIJI LAN SIJINÉ

12. Tresnané Yéhuwah mbantu nindakké apa?

12 Loro, tresnané Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé nresnani para sedulur. Rasul Yokanan nulis, ”Hé, para kekasih, sarèhné nganti samono anggoné Gusti Allah ngasihi marang kita, dadiné kita iki iya padha kawajiban tresna-tinresnan.” (1 Yo. 4:7-11) Dadi, nèk wis ngrasakké tresnané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nresnani para sedulur. (1 Yo. 3:16) Piyé carané?

13. Apa tuladhané Yésus bab nresnani liyané?

13 Tuladhané Yésus nduduhké carané nresnani liyané. Wektu ing bumi, Yésus mbantu wong-wong, utamané wong sing andhap asor. Yésus nambani sing lara, pincang, wuta, budheg, lan bisu. (Mt. 11:4, 5) Ora kaya pemimpin agama wektu kuwi, Yésus seneng mulang wong sing péngin sinau bab Gusti Allah. (Yo. 7:49) Yésus nresnani lan tenanan mbantu wong sing andhap asor.​—Mt. 20:28.

Apa isa mbantu sedulur sing wis tuwa wektu nginjil? (Deloken paragraf 14)

14. Piyé carané nduduhké rasa tresna marang para sedulur?

14 Ing sasi Pèngetan, ana kesempatan sing apik kanggo mikirké carané mbantu para sedulur ing jemaat, utamané sing wis tuwa. Apa isa kok tekani para sedulur kuwi? Apa isa kok gawakké panganan, ngéwangi gawéan omahé, methuk dhèwèké teka ing pakumpulan ibadah, utawa ngajak nginjil bareng? (Wacanen Lukas 14:12-14.) Ayo nduduhké tresna marang para sedulur merga niru tresnané Yéhuwah!

SENENG NGAPURA PARA SEDULUR

15. Awaké dhéwé perlu ngakoni apa?

15 Telu, tresnané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé ngapura para sedulur. Kabèh manungsa dosa lan mati merga Adam, mula ora ana sing isa kandha, ”Aku ora butuh tebusan.” Malah, para abdiné Yéhuwah sing setya uga mbutuhké tebusan. Kabèh wong akèh utangé. Apa sebabé penting ngakoni bab kuwi? Jawabané ana ing salah siji critané Yésus.

16, 17. (a) Apa sing isa disinaoni saka critané Yésus bab raja lan abdiné? (b) Sakwisé mikirké crita mau, apa sing péngin kok tindakké?

16 Yésus nyritakké bab raja sing ngapura abdiné sing ngutang 60.000.000 dinar. Ning bar kuwi, abdi mau ora gelem ngapura kancané sing utang mung 100 dinar. Pangapurané raja kuwi sakjané mbantu abdi mau gelem ngapura kancané. Raja kuwi nesu wektu ngerti abdiné ora gelem nglunaské utangé kancané sing luwih sithik. Raja kuwi kandha, ”Héh, abdi kang ala, utangira kang semana kèhé wis sunlilakaké kabèh, marga sira matur memelas marang ingsun. Apa kowé ora wajib melasi marang mitramu, kayadéné aku iya wis melasi kowé?” (Mt. 18:23-35) Kaya raja mau, Yéhuwah wis nglunaské kabèh utangé awaké dhéwé. Tresna lan pangapurané Yéhuwah isa mbantu nindakké apa?

17 Wektu nyiapké acara Pèngetan, awaké dhéwé isa mikirké, ’Apa aku wis tau dilarani sedulur liya? Apa angèl ngapura dhèwèké?’ Nèk ngono, saiki wektuné kanggo niru Yéhuwah sing ”remen ngapunten”. (Ny. 9:17; Ms. 86:5) Nèk ngajèni pangapurané Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngapura siji lan sijiné saka ati. Nèk ora nresnani lan ngapura para sedulur, ora isa ngarep-arep Yéhuwah bakal nresnani lan ngapura awaké dhéwé. (Mt. 6:14, 15) Senajan wis ngapura sedulur liyané, tetep waé ana sing nglarani ati, ning kuwi bakal mbantu awaké dhéwé nduwé rasa seneng mbésuké.

18. Kok isa tresnané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé ngadhepi para sedulur sing ora sampurna?

18 Ora gampang ngadhepi para sedulur sing ora sampurna. (Wacanen Éfesus 4:32; Kolosé 3:13, 14.) Sedulur wédok sing jenengé Sri mbantu randha sing jenengé Karti. [1] (Deloken katrangan ing ngisor.) Contoné, dhèwèké ngeterké Karti lunga ing endi-endi, ngéwangi blanja, lan mbantu liyané. Senajan Sri wis apikan, Karti tetep sambat terus. Ora gampang mbantu Karti. Ning, Sri terus ndelok sipat apiké Karti, lan pirang-pirang taun terus mbantu, nganti Karti lara lan mati. Senajan mbantu Karti kuwi angèl, Sri kandha, ”Aku péngin ketemu nèk Karti diuripké manèh. Aku péngin ngerti nèk dhèwèké wis dadi manungsa sampurna.” Dadi, tresnané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé ngadhepi para sedulur, lan ngarep-arep wektu para sedulur dadi sampurna.

19. Piyé carané ”sih-peparingé sing semono gedhéné” saka Yéhuwah mbantu kowé?

19 ”Sih-peparingé sing semono gedhéné” saka Yéhuwah kanggo awaké dhéwé, kudu diajèni banget. Pèngetan taun iki, wektu kanggo mikirké kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah lan Yésus kanggo awaké dhéwé. Tresnané Yéhuwah lan Yésus mbantu awaké dhéwé niru tuladhané Yésus, nduduhké katresnan marang para sedulur, lan ngapura para sedulur tulus saka ati.

^ [1] (paragraf 18) Dudu jenengé asli.