Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | WEKTU SING DITRESNANI MATI

Sing Mati Bakal Urip Manèh

Sing Mati Bakal Urip Manèh

Mbokmenawa panjenengan kèlingan Gail, sing disebutké ing kaca papat. Dhèwèké ora percaya nèk isa ngadhepi rasa kélangan wektu bojoné sing jenengé Rob, mati. Gail ora sabar péngin ketemu karo bojoné ing donya anyar. Dhèwèké kandha, ”Ayat sing tak senengi kuwi Wahyu 21:​3, 4.” Ayat kuwi kandha, ”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”

Gail kandha, ”Kabèh janjiné Gusti Allah ana ing ayat kuwi. Aku dadi mikirké wong-wong sing ditinggal mati, sing ora ngerti nèk isa ketemu manèh karo sing wis mati.” Gail dadi perintisé Seksi-Seksi Yéhuwah lan martakké janjiné Gusti Allah nèk mbésuk ”ora ana pati manèh”.

Ayub yakin nèk dhèwèké bakal diuripké manèh

Mbokmenawa panjenengan mikir, ’Kuwi ora mungkin!’ Ning, deloken contoné Ayub. Dhèwèké lara parah. (Ayub 2:7) Senajan péngin mati, Ayub nduwé iman nèk Yéhuwah nduwé kwasa nguripké dhèwèké ing bumi. Ayub kandha, ”Saupami Paduka karsa ngumpetaken kawula wonten ing teleng palimengan [kuburan] . . . Paduka lajeng badhé nimbali kawula, saha kawula badhé ngunjuki wangsulan; Paduka badhé kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.” (Ayub 14:13, 15) Ayub yakin nèk Yéhuwah kangen nguripké dhèwèké manèh.

Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal nguripké Ayub lan liya-liyané, wektu bumi dadi pirdus. (Lukas 23:42, 43) ”Badhé wonten patangènipun tiyang pejah,” kandhané Lelakoné Para Rasul 24:15. Yésus kandha, ”Kowé aja padha gumun marang prakara iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektuné: Sakèhé wong kang ana ing kubur padha krungu swarané, banjur metu.” (Yokanan 5:​28, 29) Ayub bakal ngalami janji kuwi kelakon. Dhèwèké nduwé pengarep-arep bakal dadi ”nom” manèh, lan ”kasegeraké awaké kaya wong nom”. (Ayub 33:24, 25) Kabèh wong sing ngajèni janjiné Gusti Allah mau, isa nduwé pengarep-arep sing padha kaya Ayub.

Nèk panjenengan tau sedhih merga ditinggal mati sing ditresnani, sing dirembug mau mbokmenawa ora isa ngilangi rasa sedhih panjenengan. Ning, nèk mikirké janjiné Gusti Allah ing Alkitab, panjenengan isa éntuk pengarep-arep lan kekuwatan kanggo ngadhepi.​—1 Tésalonika 4:​13.

Apa panjenengan péngin ngerti carané ngatasi rasa sedhih? Utawa, péngin ngerti jawaban saka pitakonan, ”Apa sebabé Gusti Allah durung nyingkirké kasusahan lan kabèh sing jahat?” Bukaken situs wèb resminé Seksi-Seksi Yéhuwah, jw.org/id, bèn ngerti nèk Alkitab isa mènèhi jawaban sing cocog.