Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG

Apa Sebabé Yésus Sengsara lan Séda?

Apa Sebabé Yésus Sengsara lan Séda?

”Kaya tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji [Adam], sarta tekané pati merga saka dosa mau.”​—Rum 5:​12

Apa jawaban panjenengan nèk ditakoni, ”Apa péngin urip saklawasé?” Akèh-akèhé wong njawab péngin, ning mesthi mikir kuwi ora mungkin. Umumé wong kandha nèk kabèh wong mesthi mati.

Nèk pitakonan kuwi diganti, ”Apa panjenengan wis siap mati?” Umumé wong njawab ora. Lha ngapa? Merga lumrahé wong péngin urip senajan ngadhepi masalah. Alkitab kandha nèk wektu nggawé manungsa, Gusti Allah ngekèki rasa péngin urip. Gusti Allah ngekèki ”kalanggengan” ing ”atiné”.​—Kohèlèt 3:11.

Ning, nyatané manungsa ora isa urip saklawasé. Dadi, apa masalahé? Apa Gusti Allah bakal ngowahi kahanané? Jawabané Alkitab pancèn nentremké, lan ana hubungané karo alesané Yésus sengsara lan séda.

MASALAHÉ

Bab siji tekan telu buku Purwaning Dumadi, ngandhani nèk Gusti Allah nduwé rencana kanggo Adam lan Kawa. Gusti Allah ngekèki pengarep-arep kanggo urip saklawasé, lan kuwi kudu diupaya. Ning, nyatané Adam lan Kawa ora manut, banjur mati. Pancèn critané mung cekak, malah ana sing ngarani mung dongèng. Ning, kaya buku-buku Injil, buku Purwaning Dumadi cocog karo sejarah. *

Apa akibaté merga Adam ora manut? Alkitab kandha, ”Mulané padha kaya tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wus padha gawé dosa.” (Rum 5:12) Adam dosa merga ora manut. Dhèwèké ora isa urip saklawasé. Merga keturunané Adam, awaké dhéwé ya mèlu dosa, lara, tuwa, lan mati. Kuwi kaya penyakit turunan. Ning, apa Gusti Allah bakal ngowahi kahanané?

SING WIS DITINDAKKÉ GUSTI ALLAH

Gusti Allah nebus utawa nuku manèh sing wis diilangké Adam, yaiku pengarep-arep urip saklawasé kanggo keturunané. Piyé carané?

Rum 6:23 kandha, ”Awit pituwasé [upahé] dosa iku pati.” Kuwi maksudé, wong akhiré mati merga dosa. Adam mati merga dosa. Wektu lair, awaké dhéwé wis dosa, senajan kuwi dudu salahé awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé uga mati merga dosa. Gusti Allah sing nresnani manungsa, ngutus putrané, Yésus, kanggo nanggung ”pituwasé dosa” sing kuduné ditanggung manungsa. Piyé carané?

Sédané Yésus nggawé manungsa tentrem lan urip saklawasé

Merga Adam sing sampurna kuwi ora setya, akhiré keturunané dosa lan mati. Mula, sing kudu mati kanggo mbébaské manungsa saka dosa ya kudu sampurna lan setya. Alkitab kandha, ”Dadi padha kaya pambangkangé wong siji mau njalari wong kabèh dadi wong dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turuté wong siji kabèh wong banjur padha dadi wong kang bener.” (Rum 5:19) ”Wong siji” sing setya kuwi Yésus. Dhèwèké ninggalké swarga, lair dadi manungsa sampurna *, lan séda kanggo manungsa. Hasilé, manungsa isa nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah lan urip saklawasé.

ALESANÉ YÉSUS SENGSARA LAN SÉDA

Sakjané apa perlu Yésus séda kanggo manungsa? Apa Gusti Allah sing mahakwasa ora isa nggawé keputusan bèn keturunané Adam urip saklawasé? Gusti Allah nduwé kwasa kanggo nindakké kuwi. Ning, kuwi bakal ora cocog karo hukumé Gusti Allah nèk upahé dosa kuwi mati. Hukum kuwi dudu bab sepélé sing isa diowahi bèn padha-padha kepénak. Hukum kuwi penting banget kanggo keadilané Gusti Allah.​—Jabur 37:28.

Nèk Gusti Allah ora tumindak adil ing bab kuwi, isa waé wong-wong mikir, apa Gusti Allah bakal tumindak adil ing bab liyané. Contoné, apa Gusti Allah bakal adil wektu milih wong-wong sing isa urip saklawasé ing antarané keturunané Adam? Apa Gusti Allah isa dipercaya bakal terus netepi janjiné? Tumindaké Gusti Allah sing adil wektu nylametké manungsa, kuwi jaminan nèk kabèh sing ditindakké Gusti Allah mesthi bener.

Merga Yésus séda, Gusti Allah isa mènèhi pengarep-arep urip saklawasé ing Pirdus ing bumi. Yésus kandha ing Yokanan 3:16, ”Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.” Sédané Yésus ora mung nduduhké nèk kabèh tumindaké Gusti Allah kuwi adil, ning sing paling penting, nduduhké tresnané sing gedhé marang manungsa.

Ning, apa sebabé Yésus kudu ngalami sengsara ndhisik sakdurungé séda kaya sing ditulis ing Injil? Yésus gelem nglakoni kuwi lan tetep setya, kanggo mbuktèkké nèk Iblis ngapusi, merga Iblis kandha nèk manungsa ora bakal setya nèk urip sengsara. Bukti kuwi sepisan kanggo saklawasé. (Ayub 2:4, 5) Omongané Iblis kuwi kayané bener, merga Adam gelem dipengaruhi bèn dosa. Ning, Yésus sing sampurna kaya Adam, tetep setya senajan sengsara. (1 Korinta 15:45) Yésus uga mbuktèkké nèk sakjané Adam isa milih setya karo Gusti Allah. Rasa setyané Yésus kuwi dadi conto kanggo manungsa. (1 Pétrus 2:21) Mula, Gusti Allah ngekèki Yésus sing setya, urip saklawasé tanpa isa mati ing swarga.

GUNANÉ KANGGO PANJENENGAN

Sédané Yésus kuwi pancèn nyata. Manungsa isa nduwé kesempatan urip saklawasé. Apa panjenengan péngin urip saklawasé? Yésus ngandhani syaraté wektu kandha, ”Wondéné menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yésus Kristus utusan Paduka.”​—Yokanan 17:3.

Penerbit majalah iki ngajak panjenengan sinau luwih akèh bab Yéhuwah lan putrané, Yésus Kristus. Seksi-Seksi Yéhuwah ing dhaérah panjenengan seneng mbantu. Lan, panjenengan uga isa éntuk katrangan luwih akèh ing www.pr418.com/jv.

^ par. 8 Deloken ”Kejadian sebagai Buku Sejarah” ing buku Pemahaman Alkitab jilid 1 kaca 1203, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah.

^ par. 13 Gusti Allah mindhah uripé putrané saka swarga ing wetengé Maryam, banjur Maryam meteng. Lan, roh suciné Gusti Allah ngayomi bèn Yésus ora éntuk warisan dosa saka Maryam.​—Lukas 1:31, 35.