Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah-Cah Enom​—Apa Kowé Wis Siap Dibaptis?

Cah-Cah Enom​—Apa Kowé Wis Siap Dibaptis?

”Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegaké manara, ora linggih dhisik ngétung-étung, apa dhuwité cukup kanggo ngragadi nganti sarampungé.”​—LK. 14:28.

LAGU: 6, 34

Rong wulangan iki kanggo cah-cah enom sing péngin dibaptis

1, 2. (a) Apa sing saiki nggawé seneng umaté Gusti Allah? (b) Piyé carané wong tuwa Kristen lan pinituwa mbantu cah-cah enom ngerti maksudé dibaptis?

”AKU kenal kowé kèt lair, aku seneng wektu krungu kowé arep dibaptis. Aku péngin takon, ’Apa sebabé kowé gelem dibaptis?’” kandhané pinituwa marang Christopher sing umuré 12 taun. Pinituwa mau nduwé alesan takon bab kuwi. Awaké dhéwé seneng ndelok cah-cah enom sing cacahé éwon dibaptis saben taun. (Ko. 12:1) Ning, para wong tuwa Kristen lan pinituwa ing jemaat péngin masthèkké apa cah-cah enom mau dibaptis merga keputusané dhéwé, lan apa cah-cah kuwi ngerti maksudé dibaptis.

2 Ing Alkitab, awaké dhéwé sinau nèk janji ngabdi lan dibaptis kuwi tandha mulainé dadi Seksi Yéhuwah. Uripé awaké dhéwé wis ora kaya mbiyèn. Yéhuwah bakal mberkahi, senajan Iblis ora seneng. (WB. 10:22; 1 Pt. 5:8) Iki alesané wong tuwa Kristen kudu nggunakké wektu, kanggo mulang anaké maksudé dadi muridé Yésus. Nèk ora nduwé wong tuwa Seksi Yéhuwah, para pinituwa ing jemaat bakal mbantu bèn ngerti maksudé janji ngabdi lan dibaptis. (Wacanen Lukas 14:27-30.) Padha kaya mbangun omah, cah-cah enom kudu persiapan dhisik sakdurungé dibaptis, bèn isa setya ngabdi marang Yéhuwah ”tekan ing wekasan”. (Mt. 24:13) Apa sing mbantu cah-cah enom isa mutuské ngabdi marang Yéhuwah saklawasé? Ayo dirembug.

3. (a) Piyé kandhané Yésus lan Pétrus isa mbantu awaké dhéwé ngerti pentingé dibaptis? (Mt. 28:19, 20; 1 Pt. 3:21) (b) Pitakonan-pitakonan apa sing bakal dirembug, lan apa sebabé?

3 Apa kowé cah enom sing péngin dibaptis? Nèk ngono, kuwi tujuan sing apik banget. Kaurmatan gedhé dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Kuwi uga sing kudu ditindakké wong Kristen, lan penting banget bèn isa slamet ngliwati sengsara gedhé. (Mt. 28:19, 20; 1 Pt. 3:21) Wektu dibaptis, kowé nduduhké nèk wis janji bakal ngabdi marang Yéhuwah saklawasé. Bèn isa terus netepi janji kuwi, gatèkna pitakonan-pitakonan iki kanggo mriksa apa kowé wis siap dibaptis: (1) Apa aku wis diwasa kanggo nggawé keputusan dibaptis? (2) Apa dibaptis kuwi keputusanku dhéwé? (3) Apa aku ngerti maksudé janji ngabdi marang Yéhuwah? Ayo dirembug siji-siji.

NÈK WIS DIWASA

4, 5. (a) Apa sebabé dibaptis kuwi ora mung kanggo wong sing diwasa umuré? (b) Apa maksudé diwasa?

4 Alkitab ora nemtokké umur pira isa dibaptis. Wulang Bebasan 20:11 kandha, ”Sanadyan isih bocah iya bisa dititèni kapirid saka ing panggawéné, apa resik lan apa jujur kelakuané.” Cah cilik waé isa ngerti maksudé nindakké sing bener lan janji ngabdi marang Yéhuwah. Dadi, dibaptis kuwi penting banget kanggo mbuktèkké nèk dhèwèké wis diwasa lan wis janji ngabdi marang Yéhuwah.​—WB. 20:7.

5 Apa maksudé diwasa? Wong sing diwasa kuwi ora ditemtokké karo umur utawa gedhéné awak. Alkitab kandha, wong sing diwasa kulina nggunakké ”daya pangertèn” kanggo mbédakké sing bener lan sing salah. (Ib. 5:14, New World Translation) Wong sing diwasa ngerti bab sing bener, lan isa mutuské saka atiné kanggo nindakké sing bener. Dhèwèké ora gampang dipengaruhi karo sing ala. Uga, ora terus-terusan njaluk wong liya ngandhani bèn isa nindakké sing bener. Cah enom sing dibaptis kudu nindakké sing bener, senajan wong tuwa lan wong diwasa liyané ora ana ing kono.​—Bandhingna Filipi 2:12.

6, 7. (a) Terangna sing diadhepi Dhanièl ing Babil. (b) Apa buktiné nèk Dhanièl diwasa?

6 Apa kowé klebu cah enom sing diwasa? Gatèkna contoné Dhanièl. Mbokmenawa dhèwèké isih cilik wektu dipisahké karo wong tuwané, lan digawa menyang Babil. Akhiré, Dhanièl manggon karo wong sing dudu abdiné Yéhuwah. Ning, coba digatèkké luwih tenanan kahanané Dhanièl. Dhèwèké salah sijiné cah enom sing dipilih lan dilatih, bèn dadi abdiné raja. (Dn. 1:3-5, 13) Mbokmenawa, nèk Dhanièl isih ing Israèl, dhèwèké ora bakal dadi abdiné raja.

7 Piyé tanggepané Dhanièl? Apa dhèwèké gelem dipengaruhi wong Babil bèn ilang imané? Ora. Alkitab kandha, wektu ing Babil, Dhanièl mutuské saka atiné ”ora bakal najisaké awak”. Dhanièl ngedohi kabèh perkara sing ana hubungané karo ibadah palsu. (Dn. 1:8) Kuwi bukti nèk Dhanièl pancèn diwasa.

Wong sing diwasa ora bakal tumindak kaya abdiné Yéhuwah ing Balé Ibadah, ning ora kaya Seksi Yéhuwah ing sekolahan (Deloken paragraf 8)

8. Apa sing isa ditiru saka Dhanièl?

8 Apa sing isa ditiru saka Dhanièl? Cah enom sing diwasa bakal tetep setya, senajan ngadhepi masalah. Dhèwèké ora kaya bunglon sing isa malih warna kulité, manut sing diéncoki. Dhèwèké ora bakal tumindak kaya abdiné Yéhuwah ing Balé Ibadah, ning ora kaya Seksi Yéhuwah ing sekolahan. Dhèwèké bakal tetep setya senajan akèh masalah.​—Wacanen Éfesus 4:14, 15.

9, 10. (a) Apa paédahé nèk kowé mikirké dhisik tanggepanmu wektu ana masalah? (b) Baptisan nduduhké apa?

9 Pancèn, ora ana wong sing sampurna. Wong enom lan tuwa kadhang kala nggawé salah. (Ko. 7:20) Ning, nèk péngin dibaptis, coba dipriksa dhisik tékadmu kanggo manut karo préntah-préntahé Yéhuwah. Coba dipikir, ’Saksuwéné iki, apa aku wis kulina manut karo Yéhuwah?’ Uga pikiren, wektu ana masalah akhir-akhir iki, piyé tanggepanmu? Apa kowé isa mutuské arep nindakké sing bener? Kaya Dhanièl, apa ana wong sing ngojok-ojoki nggunakké bakat lan kapinteranmu kanggo donya iki? Nèk ngadhepi kahanan kaya ngono, apa kowé wis mikirké dhisik kersané Yéhuwah bab kuwi?—Éf. 5:17.

10 Apa paédahé nèk kowé mikirké dhisik jawaban saka pitakonan-pitakonan mau? Kuwi bakal mbantu kowé ngerti nèk dibaptis kuwi penting banget. Baptisan nduduhké marang wong liya nèk kowé wis nggawé janji sing penting marang Yéhuwah, yaiku janji bakal nresnani lan ngabdi marang Yéhuwah saklawasé, lan sak gumolonging ati. (Mk. 12:30) Kabèh sing dibaptis kudu netepi janjiné marang Yéhuwah.​—Wacanen Kohèlèt 5:4, 5.

APA KUWI KEPUTUSANMU DHÉWÉ?

11, 12. (a) Wong sing arep dibaptis kudu yakin apa? (b) Piyé carané bèn pangertènmu bab dibaptis padha kaya karepé Yéhuwah?

11 Alkitab kandha nèk kabèh umaté Yéhuwah, klebu cah-cah enom, bakal ngabdi kanthi ”legawa [lila]”. (Ms. 110:3) Dadi, sing arep dibaptis kudu yakin nèk kuwi keputusané dhéwé. Nèk wong tuwamu Seksi Yéhuwah, keputusanmu dibaptis kuwi kudu dipriksa tenanan.

12 Wektu tambah umur, mbokmenawa kowé ndelok akèh sing wis dibaptis, klebu kanca lan sedulur kandhungmu. Ning, ati-ati, aja nganti kowé rumangsa kudu dibaptis mung merga umurmu, utawa merga liyané wis padha dibaptis. Apa pangertènmu bab dibaptis padha kaya sing dikarepké Yéhuwah? Gunakna wektu kanggo mikirké tenanan alesané nèk dibaptis kuwi penting. Kowé bakal ngerti alesané ing wulangan saiki lan minggu ngarep.

13. Apa buktiné nèk dibaptis kuwi keputusanmu dhéwé?

13 Salah sijiné cara bèn ngerti nèk dibaptis kuwi keputusanmu dhéwé, yaiku mriksa dongamu. Apa kowé kerep ndonga marang Yéhuwah? Apa ana sing kusus kok dongakké? Jawaban saka pitakonan kuwi isa nduduhké sepira akrabé kowé karo Yéhuwah. (Ms. 25:4) Yéhuwah kerep njawab dongané awaké dhéwé liwat Alkitab. Mula, cara liyané yaiku mriksa jadwal sinau Alkitabmu. (Ys. 1:8) Coba pikiren, ’Apa aku ajeg sinau Alkitab? Apa aku seneng utawa kepeksa wektu mèlu ibadah sak keluarga?’ Jawaban saka pitakonan kuwi mbantu kowé ngerti nèk dibaptis kuwi keputusanmu dhéwé.

MAKSUDÉ JANJI NGABDI

14. Terangna bédané janji ngabdi lan dibaptis.

14 Ana cah-cah enom sing mbokmenawa durung tenanan ngerti bédané janji ngabdi lan dibaptis. Ana sing mikir nèk dhèwèké wis janji ngabdi marang Yéhuwah, ning durung siap dibaptis. Sakjané aja mikir ngono. Apa sebabé? Janji ngabdi kuwi maksudé ndonga marang Yéhuwah, ngandhakké nèk arep ngabdi saklawasé. Wektu dibaptis, kowé nduduhké marang wong liya nèk wis janji ngabdi marang Yéhuwah. Mula, sakdurungé dibaptis kowé kudu ngerti maksudé janji ngabdi.

15. Apa maksudé janji ngabdi?

15 Janji ngabdi marang Yéhuwah kuwi maksudé, kowé janji nèk gelem dadi abdiné Yéhuwah. Uga, janji nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi, dadi bab sing paling utama ing uripmu. (Wacanen Matéus 16:24.) Dadi, janji ngabdi kuwi penting banget. (Mt. 5:33) Apa buktiné nèk saiki uripmu mung kanggo ngabdi marang Yéhuwah, ora mung kanggo awakmu dhéwé?​—Rm. 14:8.

16, 17. (a) Conto apa sing mbantu ngerti tegesé ora manut karepé dhéwé? (b) Wong sing janji ngabdi kandha apa marang Yéhuwah?

16 Gatèkna conto iki. Bayangna ana kanca ngekèki kowé hadiah mobil. Dhèwèké ngekèki surat-suraté terus kandha, ”Mobil iki duwèkmu.” Ning, dhèwèké banjur kandha, ”Kunciné tak gawa lan aku thok sing éntuk nyetir. Kowé ora éntuk.” Piyé perasaanmu bab hadiah kuwi? Piyé perasaanmu marang kanca sing ngekèki hadiah kuwi?

17 Wektu janji ngabdi marang Yéhuwah, dhèwèké kandha marang Gusti Allah, ”Uripku tak pasrahké Panjenengan. Aku abdi-Mu.” Yéhuwah mesthiné péngin wong kuwi netepi janjiné. Ning, piyé nèk wong kuwi mulai ora manut karo Yéhuwah, wektu pacaran karo sing dudu Seksi Yéhuwah? Utawa, nèk wong kuwi nampa gawéan sing marahi ora isa nginjil lan ajeg teka ing pakumpulan ibadah? Akhiré, wong kuwi ora netepi janjiné marang Yéhuwah. Kuwi kaya dhèwèké nggawa kunci mobil mau. Wektu janji ngabdi, awaké dhéwé kandha marang Yéhuwah, ”Uripku mung kanggo Panjenengan, dudu kanggo aku dhéwé.” Mula, awaké dhéwé bakal nindakké kersané Yéhuwah, senajan dudu karepé awaké dhéwé. Tirunen tuladhané Yésus wektu kandha, ”Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhéwé, nanging karsané kang ngutus Aku.”​—Yo. 6:38.

18, 19. (a) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Rose lan Christopher? (b) Piyé perasaanmu bab dibaptis?

18 Pancèn, dibaptis kuwi keputusan sing penting banget. Kaurmatan gedhé isa janji ngabdi lan dibaptis. Cah-cah enom sing nresnani Yéhuwah lan sing ngerti maksudé janji ngabdi, ora perlu ragu-ragu kanggo janji ngabdi lan dibaptis. Nèk nggawé keputusan kuwi, dhèwèké ora bakal gela. Rose, cah enom sing wis dibaptis kandha, ”Aku nresnani Yéhuwah, lan ora ana sing luwih nyenengké timbang ngabdi marang Yéhuwah. Keputusanku dibaptis kuwi sing paling mantep, ing antarané keputusan liyané.”

19 Piyé perasaané Christopher sing dicritakké ing paragraf siji, bab keputusané dibaptis wektu umur 12 taun? Dhèwèké kandha nèk seneng banget nggawé keputusan kuwi. Dhèwèké mulai dadi perintis biasa umur 17, banjur dadi abdiné jemaat umur 18. Saiki, dhèwèké kerja ing Bètel. Christopher kandha, ”Dibaptis kuwi keputusan sing bener. Uripku tak gunakké kanggo ngabdi marang Yéhuwah lan pakumpulané. Kuwi gawéan sing nyenengké banget.” Nèk kowé péngin dibaptis, persiapan apa waé sing perlu ditindakké? Kuwi bakal dirembug minggu ngarep.