Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Dibandhingké wong liya, apa bedané tumindaké Yésus marang wong sing lara kusta?

Wong-wong Yahudi jaman mbiyèn wedi lara kusta utawa lépra, penyakit sing umum ing jamané Alkitab. Lara kusta sing parah isa nyerang saraf lan nyebabké cacad sakterusé. Kusta ora isa ditambani. Wong sing lara kusta dipisahké saka wong liya, lan kudu ngandhani liyané nèk dhèwèké kena kusta.​—Kaimaman 13:45, 46.

Para pemimpin agama Yahudi nggunakké ayat Alkitab kanggo nggawé aturan sing njlimet bab wong sing lara kusta, sing nyebabké wong kuwi tambah rekasa uripé. Contoné, ora éntuk nyedhaki wong lara kusta kurang saka 2 mèter. Ning, wektu ana angin, ora éntuk kurang saka 45 mèter. Ana aturan saka Alkitab nèk wong lara kusta kudu manggon ”ing sajabané pakémahan”. Ning, para ahli kitab Talmud nganggep nèk kuwi maksudé wong sing lara kusta kudu ditokké saka témbok kutha. Mula, wektu ketemu wong lara kusta ing kutha, salah sijiné pemimpin agama Yahudi mbalangi wong kuwi nganggo watu karo kandha, ”Minggata kana, aja nulari liyané.”

Ning, tumindaké Yésus béda. Yésus ora ngusir wong lara kusta, malah gelem ndemèk lan nambani.​—Matéus 8:3. ▪

Nganggo dhasar apa pemimpin agama Yahudi ngéntukké wong pegatan?

Surat cerai taun 71/72 M

Ing abad 1 M, pegatan dadi bab sing dipermasalahké ing antarané para pemimpin agama. Mula, ana wong Farisi sing takon marang Yésus, ”Tiyang punapa dipun kéngingaken megat sémahipun awit saking sadhéngaha sabab?”​—Matéus 19:3.

Hukum Musa ngéntukké wong wédok dipegat bojoné nèk ”kabuktèn ana tindaké kang ora pantes”. (Pangandharing Torèt 24:1) Ing jamané Yésus, ana loro sekolah kanggo pemimpin agama Yahudi sing pangertèné béda-béda bab hukum mau. Sekolahan sing aturané ketat yaiku Shammai, mulang nèk dhasar sing sah kanggo pegatan yaiku ”tumindak bejat”, contoné laku jina. Sekolahan sijiné sing jenengé Hillel, mulang nèk dhasar sing sah kanggo pegatan yaiku masalah ing urip bebojoan, senajan masalahé mung sepélé. Contoné, masakané sing wédok ora énak, utawa kenal wong wédok liya sing luwih ayu.

Banjur, apa jawabané Yésus marang pitakonané wong Farisi mau? Yésus kandha, ”Sing sapa megat rabiné, liyané jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyané, iku dadi laku bandrèk [jina, New World Translation].”​—Matéus 19:6, 9.