Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Mungkin Tumindak Kasar Bakal Ora Ana Manèh Ing Donya?

Apa Mungkin Tumindak Kasar Bakal Ora Ana Manèh Ing Donya?

Apa panjenengan utawa keluarga panjenengan wis tau dadi korban tumindak kasar? Apa panjenengan wedi dadi korban? Tumindak kasar dadi ”masalah keséhatan masyarakat sing saya akèh ing donya iki”. Gatèkna conto-conto iki.

TUMINDAK KASAR MARANG WONG WÉDOK: Perserikatan Bangsa-Bangsa kandha, ”Siji saka antarané wong wédok telu wis tau dikasari ing bab sèks lan dianiaya karo pasangané. Kira-kira, siji ing antarané wong wédok lima bakal diperkosa utawa mèh dadi korban pemerkosaan.”

GÈNG ING DALAN: Nurut laporan, luwih saka 30.000 gèng ing Amerika Serikat tumindak kasar lan jahat. Ing Amerika Latin, mèh 1 saka antarané wong 3 dadi korban tumindak kasar.

PEMBUNUHAN: Kira-kira mèh setengah yuta wong sing dipatèni setahun iki. Kuwi luwih akèh timbang sing mati ing perang. Pembunuhan sing paling akèh ana ing Afrika Selatan lan Amerika Tengah, merga cacahé pembunuhan ing kono luwih saka ping papaté rata-rata pembunuhan sakdonya. Saksuwéné setahun, ana luwih saka 100.000 sing dipatèni ing Amerika Latin lan ana 50.000 sing dipatèni ing Brasil. Apa masalah kuwi isa dirampungi kanggo sakterusé?

APA TUMINDAK KASAR BAKAL ORA ANA MANÈH?

Apa sebabé tumindak kasar dadi saya akèh? Nurut laporan, sing nyebabké anané tumindak kuwi yaiku klebu masalah sosial-ékonomi merga ana sing sugih lan mlarat, ana sing ngrèmèhké uripé wong liya, wong nggunakké alkohol lan narkoba, wong diwasa sing ngasari cah-cah cilik, lan wong-wong jahat sing ora diukum.

Pancèn ana upaya ing akèh negara kanggo ngrampungi masalah tumindak kasar mau. Ing kutha São Paulo, Brasil, sing akèh pendhudhuké, ana laporan nèk cacahé pembunuhan mudhun 80 persèn sepuluh taun iki. Ning, werna-werna tumindak kasar isih ana ing endi-endi. Ing kono, kira-kira ana wong 10 sing dipatèni ing antarané 100.000 pendhudhuk. Terus, apa sing isa ditindakké kanggo ngrampungi masalah kuwi nganti tuntas?

Carané ngrampungi masalah kuwi nganti tuntas yaiku ngowahi manungsané, yaiku ngowahi tumindak lan kebiasaané manungsa. Wong-wong sing kasar, sombong, srakah, lan mentingké awaké dhéwé kudu diajari nresnani, ngajèni, lan perduli karo wong liya.

Apa sing isa nggawé wong péngin ngowahi tumindaké? Gatèkna wulangané Alkitab:

  • ”Katresnan marang Gusti Allah iku wujudé yaiku, yèn kita padha netepi ing pepakoné.”​—1 Yokanan 5:3.

  • ”Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala.” *Wulang Bebasan 8:13.

Wong-wong sing mauné tumindak kasar isa ngowahi kabèh tumindak lan sipat-sipaté merga nresnani lan ora péngin nglarani atiné Gusti Allah. Apa ana pengalaman nyata bab kuwi?

Gatèkna pengalamané Alex, * sing wis tau 19 taun dipenjara ing Brasil merga nyerang wong. Dhèwèké sinau Alkitab banjur dadi Seksi Yéhuwah ing taun 2000. Apa dhèwèké pancèn ngowahi tumindaké sing kasar? Ya. Alex getun banget nèk kèlingan tumindaké mbiyèn. Dhèwèké kandha, ”Aku nresnani Gusti Allah merga aku ngrasakké nèk wis tenan diapura Gusti Allah. Rasa maturnuwun lan tresnaku marang Yéhuwah wis mbantu ngowahi uripku.”

César saka Brasil gawéané ngrampog nganggo senjata kira-kira 15 taun suwéné. Apa sing nggawé dhèwèké ngowahi uripé? Wektu dipenjara, dhèwèké dikabari Seksi-Seksi Yéhuwah banjur gelem sinau Alkitab. César kandha, ”Kuwi sepisanan aku ngerti nèk urip kuwi ana tujuané. Aku sinau carané nresnani Gusti Allah. Aku uga sinau bèn aja nganti nindakké sing salah lan nglarani atiné Yéhuwah. Aku ora péngin dadi wong sing ora ngajèni welas asihé Gusti Allah. Aku ngowahi uripku merga nresnani lan péngin nyenengké Gusti Allah.”

Panjenengan isa ngerti carané bèn isa urip ing donya sing ayem tentrem.

Pengalaman kuwi mbuktèkké apa? Kuwi bukti nèk Alkitab nduwé kuwasa ngowahi urip lan pikirané manungsa. (Éfesus 4:23) Alex, sing mau disebutké, kandha, ”Wektu aku sinau Alkitab, rasané kaya digrujugi banyu resik sing ngresiki pikiranku sing jahat, padhahal mbiyèn aku mikir nèk pikiran-pikiran sing jahat kuwi ora bakal isa ilang.” Nèk pikiran diisi nganggo bab sing resik, kuwi isa ngilangi sing reged. Alkitab nduwé kuwasa kanggo ngresiki. (Éfesus 5:26) Hasilé, wong-wong sing kejem lan mentingké awaké dhéwé isa dadi apikan lan seneng rukun. (Rum 12:18) Wong-wong kuwi urip ayem tentrem merga ngetrapké pathokané Alkitab.​—Yésaya 48:18.

Luwih saka wolung yuta Seksi-Seksi Yéhuwah ing 240 negara wis ngerti carané ngilangi tumindak kasar. Wong-wong saka bangsa, budaya, lan asal sing béda-béda padha ngupaya nresnani lan nyenengké Gusti Allah, nresnani siji lan sijiné, lan urip rukun dadi keluarga sakdonya. (1 Pétrus 4:8) Wong-wong kuwi dadi bukti nèk tumindak kasar bakal ora ana manèh ing donya.

DONYA SING TENTREM ORA SUWÉ MANÈH

Alkitab janji nèk Gusti Allah ora suwé manèh bakal nyingkirké tumindak kasar ing donya iki. Wong-wong sing kasar bakal ngadhepi ”dina pangadilan sarta tumpesé para wong mblasar”. (2 Pétrus 3:5-7) Ora ana wong sing kasar sing bakal nyengsarakké wong liya. Apa buktiné nèk Gusti Allah bakal nyingkirké tumindak kasar?

Alkitab kandha nèk Gusti Allah ”gething marang wong sing dhemen nganiaya”. (Jabur 11:5, Basa Jawi Padintenan) Gusti Allah adil lan seneng rukun. (Jabur 33:5; 37:28) Mula, wong-wong sing kasar ora bakal ana manèh kanggo saklawasé.

Pirdus sing tentrem ora suwé manèh. (Jabur 37:11; 72:14) Apa panjenengan péngin ngerti luwih akèh carané urip ing donya sing ayem tentrem lan ora ana sing tumindak kasar manèh?

^ par. 14 Dudu jenengé asli.