Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Gelem Mbandhingké Agama Panjenengan Karo Alkitab?

Apa Panjenengan Gelem Mbandhingké Agama Panjenengan Karo Alkitab?

APA panjenengan Kristen? Nèk iya, tegesé panjenengan klebu salah sijiné luwih saka rong milyar wong ing bumi sing ngaku Kristen. Saiki, ana éwon aliran agama Kristen, sing ajaran lan pangertèné béda-béda. Mula, mbokmenawa agama panjenengan béda karo Kristen liyané. Apa panjenengan perlu mriksa agama panjenengan? Mesthiné ngono nèk panjenengan péngin nindakké ajarané Yésus ing Alkitab.

Para muridé Yésus jaman mbiyèn disebut ”Kristen”. (Lelakoné Para Rasul 11:26) Ora ana aliran agama Kristen liyané, merga Kristené mung siji. Kabèh wong Kristen wektu kuwi nindakké ajarané Yésus, sing miwiti agama Kristen. Nèk geréja panjenengan piyé? Apa panjenengan yakin nèk ajaran geréja panjenengan padha karo ajarané Yésus lan padha karo sing dipercaya para muridé Yésus jaman mbiyèn? Piyé carané bèn panjenengan isa yakin? Carané mung siji, yaiku nggunakké Alkitab kanggo mbandhingké.

Coba gatèkna: Yésus Kristus tenanan ngajèni Alkitab merga Alkitab kuwi sabdané Gusti Allah. Yésus ora seneng nèk ana wong sing ngowahi ajaran Alkitab merga ajarané manungsa. (Markus 7:9-13) Mula, awaké dhéwé isa percaya nèk para muridé Yésus sing sejati mesthi nggunakké Alkitab dadi dhasar agamané. Dadi, saben wong Kristen kudu mikirké pitakonan iki, ’Apa ajaran geréjaku cocog karo Alkitab?’ Kanggo njawab pitakonan mau, panjenengan isa mbandhingké ajaran geréja panjenengan karo Alkitab.

Nurut Yésus, dhasar ibadahé awaké dhéwé kudu saka Alkitab. (Yokanan 4:24; 17:17) Rasul Paulus kandha awaké dhéwé isa slamet nèk ”ngerti pitutur sing bener”. (1 Timotéus 2:4, Basa Jawa Suriname [BJS]) Mula, penting banget nggunakké Alkitab dadi dhasar agamané awaké dhéwé, merga kuwi ana hubungané karo urip matiné awaké dhéwé.

CARANÉ MBANDHINGKÉ AGAMANÉ AWAKÉ DHÉWÉ KARO ALKITAB

Panjenengan isa maca nem pitakonan ing kaca 14 lan 15, banjur gatèkna jawabané Alkitab. Bukaken ayat-ayat Alkitab sing dicuplik, lan pikiren jawabané. Banjur, pikiren pitakonan iki, ’Apa ajaran geréjaku cocog karo Alkitab?’

Pitakonan-pitakonan kuwi mbokmenawa isa mbantu panjenengan mbandhingké ajaran agama panjenengan karo Alkitab. Apa panjenengan gelem mbandhingké ajaran liya saka geréja panjenengan karo Alkitab? Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu panjenengan ngerti isiné Alkitab. Panjenengan isa sinau Alkitab gratis, utawa mbukak situs wèb www.pr418.com/jv.