Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KWASANÉ ALKITAB

Aku Terus Ngupaya Nganti Isa Ngetrapké Alkitab

Aku Terus Ngupaya Nganti Isa Ngetrapké Alkitab
  • LAIR TAUN: 1953

  • NEGARA ASAL: AUSTRALIA

  • MBIYÈNÉ: SENENG NONTON SING SARU-SARU

MBIYÈN:

Bapakku pindhah saka Jerman menyang Australia taun 1949. Dhèwèké nggolèk gawéan ing tambang lan industri pembangkit tenaga listrik. Dhèwèké manggon ing dhaérah pinggiran Victoria. Ing kono, nikah karo ibuku, lan aku lair taun 1953.

Pirang-pirang taun bar kuwi, ibuku sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Mula, aku kèlingan banget wulangané Alkitab. Ning, Bapak ora seneng karo kabèh agama. Bapak dadi kasar lan jahat. Ibu wedi karo Bapak, mula sinau Alkitabé ndhelik-dhelik. Senajan ngono, Ibu tetep seneng karo wulangané Alkitab. Mula, wektu Bapak lunga, Ibu crita bab sing disinaoni marang aku lan adhiku wédok. Ibu crita bab Pirdus ing bumi mbésuk lan manungsa isa urip tentrem nèk manut pathokané Alkitab.​—Jabur 37:10, 29; Yésaya 48:17.

Wektu umurku 18, aku kepeksa lunga saka omah merga dikasari Bapak. Aku dadi tukang listrik ing tambang batubara. Senajan percaya nèk sing diwulangké Ibu kuwi saka Alkitab, aku ora ngajèni. Mula, aku ora isa ngetrapké wulangané. Wektu umurku 20, aku nikah. Telung taun bar kuwi, anakku wédok lair, lan aku mikirké manèh bab sing paling penting ing uripku. Aku ngerti nèk Alkitab isa mbantu keluargaku, mula aku mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Bojoku ora seneng aku sinau Alkitab. Wektu lunga menyang pakumpulan ibadah, aku diancam bojoku. Aku dikon milih arep sinau Alkitab utawa lunga saka omah. Aku ora isa apa-apa, akhiré aku manut bojoku lan ora sinau Alkitab manèh karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ning bar kuwi, aku getun merga ora isa ngetrapké sing bener.

Terus, ana kanca kerjaku sing ngajak aku bèn mulai nonton sing saru-saru. Kuwi njijiki ning marahi penasaran. Atiku ora pénak. Merga wis ngerti wulangané Alkitab, aku percaya nèk Gusti Allah bakal ngukum aku. Merga saya akèh ndelok sing saru-saru, aku ora jijik manèh, malah dadi ketagihan.

Luwih saka 20 taun bar kuwi, aku saya lali pathokané Alkitab sing diwulangké ibuku. Pikiranku isa kétok saka tumindakku. Omonganku ora nggenah lan aku seneng guyon sing saru-saru. Pikiranku bab sèks saya ora bener. Senajan urip karo bojoku, aku nylèwèng karo wong wédok liya. Aku ora seneng, jijik, lan ora ngajèni awakku dhéwé.

Aku pegatan, lan uripku dadi saya ora nggenah. Banjur, aku ndonga marang Yéhuwah nyritakké isiné atiku. Aku mulai sinau Alkitab manèh, senajan wis mandheg 20 taun. Wektu kuwi, bapakku wis mati lan ibuku wis dadi Seksi Yéhuwah.

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU:

Uripku béda banget karo pathokané Alkitab. Ning, aku ngupaya bèn pikiranku tentrem kaya sing dijanjèkké Alkitab. Aku ngowahi omonganku lan sipatku sing gampang nesu. Aku ora nindakké manèh laku jina, judhi, ngombé sak akèh-akèhé, lan nyolong saka bosku.

Kanca kerjaku gumun merga aku ngowahi uripku. Telung taun aku diganggu kanca-kancaku bèn uripku bejat kaya mbiyèn. Nèk aku nesu utawa ngomong kasar, kanca-kancaku seneng banget banjur kandha, ”Wah, si Joe kumat manèh.” Aku kelara-lara banget, lan kerep rumangsa ora isa ngetrapké Alkitab.

Panggonan kerjaku kebak gambar sing saru-saru, sing disimpen ing komputer lan dicétak. Kanca-kancaku ajeg ngirim gambar saru liwat komputer, kaya sing tak tindakké mbiyèn. Aku ngupaya bèn ora ketagihan manèh, ning kanca-kancaku ngupaya bèn kuwi ora kelakon. Aku njaluk bantuan lan dhukungan guru Alkitabku. Dhèwèké sabar ngrungokké wektu aku crita isiné atiku. Dhèwèké nggunakké ayat-ayat Alkitab kanggo mbantu aku bèn ora ketagihan manèh. Dhèwèké uga ngekèki semangat aku bèn njaluk bantuané Yéhuwah nganggo cara ajeg ndonga.​—Jabur 119:37.

Terus, aku ngajak kanca-kancaku kumpul bareng, aku ngongkon kanca-kancaku ngekèki bir sak botol marang kancaku lanang loro sing ngaku kecanduan alkohol. Kanca-kancaku liyané kandha, ”Aja ngono! Wong loro iki lagi ngupaya bèn ora kecanduan manèh.” Aku kandha, ”Nèk kuwi aku ya padha.” Kèt wektu kuwi kanca-kancaku ngerti nèk aku ngupaya bèn ora ketagihan nonton sing saru-saru manèh, lan ora mbujuki aku bèn tumindak kaya mbiyèn.

Akhiré, merga bantuané Yéhuwah, aku ora ketagihan nonton sing saru-saru manèh. Taun 1999 aku dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. Aku maturnuwun banget marang Yéhuwah merga dikèki kesempatan manèh bèn urip nggenah.

Saiki aku ngerti apa sebabé Yéhuwah sengit karo sing mbiyèn tak senengi. Kaya bapak sing nresnani anaké, Yéhuwah njaga aku bèn ora kena bahaya merga seneng nonton sing saru-saru. Kandhané Wulang Bebasan 3:5, 6 pancèn bener. Ayat kuwi kandha, ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah klawan gumolonging atimu, lan aja suméndhé marang pangretènmu dhéwé. Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengané, temah Panjenengané bakal nglencengaké dalanmu.” Pathokané Alkitab ora mung njaga ning uga mbantu bèn urip tentrem rahayu.​—Jabur 1:1-3.

PAÉDAHÉ KANGGOKU:

Mbiyèn aku jijik karo awakku dhéwé, ning saiki aku ngajèni awakku lan pikiranku tentrem. Uripku nggenah lan aku ngrasakké nèk Yéhuwah ngapura lan ndhukung aku. Taun 2000 aku nikah karo Karolin, sedulur wédok sing padha-padha nresnani Yéhuwah. Keluargaku ayem-tentrem. Kaurmatan gedhé isa dadi anggotané paseduluran Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya.