Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bango

Sinau saka Manuk ing Awang-Awang

Sinau saka Manuk ing Awang-Awang

”Takona ta marang manuk ing awang-awang, mesthi kowé disumurupaké. Panunggalané iku kabèh sapa kang ora sumurup, manawa astané Gusti Allah kang nindakaké iku.”​—Ayub 12:7, 9.

LUWIH saka 3.000 taun kepungkur, nabi Ayub nggatèkké nèk manuk ing awang-awang isa crita bab pakaryané Gusti Allah. Sakliyané kuwi, tingkah lakuné manuk isa dinggo conto lan gambaran. Alkitab kerep nyebutké manuk kanggo mulang bab urip lan hubungan kita karo Gusti Allah. Ayo dirembug conto-contoné.

SUSUHÉ MANUK SRITI

Sriti

Ing Yérusalèm akèh manuk sriti sing biyasané nggawé susuh ing ngisor gentèng. Ana sing saben taun nggawé susuh ing baité Suléman, merga panggonan kuwi aman kanggo anaké.

Sing nulis Jabur 84 kuwi salah siji anaké Korah. Saben enem sasi, dhèwèké ngabdi ing bait saksuwéné seminggu. Ing kono dhèwèké ndelok ana susuhé manuk sriti. Dhèwèké péngin dadi kaya manuk kuwi sing isa manggon ing padalemané Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Iba anggénipun nengsemaken padaleman Paduka, dhuh Yéhuwah Gustining sarwa tumitah. Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangéran Yéhuwah. . . . Dalah peksi gréja sampun manggih griya, lan peksi kedhali [sriti] manggih susuh, kangge nyèlèhaken anakipun, wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yéhuwah, Gustining sarwa tumitah, Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.” (Jabur 84:2-4) Apa awaké dhéwé kabèh lan cah-cah enom, uga ngajèni lan ajeg teka ing pakumpulan ibadah bareng karo umaté Yéhuwah?​—Jabur 26:8, 12.

MANUK BANGO NGERTI MANGSANÉ

Nabi Yérémia nulis, ”Manuk cangak [bango] ing awang-awang, ngreti mangsané.” Yérémia ngerti tenan bab manuk bango sing pindhah panggonan ngliwati dhaérah Kanaan. Ing musim semi, luwih saka 300.000 bango putih pindhah saka Afrika menyang Eropa ngliwati Lembah Yordan. Ing musim panas, bango isa ngerti wayahé balik menyang panggonané kanggo nduwé anak. Senajan pindhah panggonan, bango lan uga manuk-manuk liyané ”kèlingan mangsané bali”.​—Yérémia 8:7.

Buku Collins Atlas of Bird Migration kandha, ”Sing nggumunké, manuk-manuk kuwi isa pindhah panggonan merga nduwé naluri.” Gusti Allah sing maringi naluri kuwi. Ning, kanggo manungsa Gusti Allah maringi kesanggupan kanggo nitèni wektu lan musim. (Lukas 12:54-56) Béda karo naluriné manuk, awaké dhéwé isa nitèni kahanan sing kelakon ing jaman kita merga nduwé pangertèn bab Gusti Allah. Wong-wong Israèl ing jamané Yérémia ora nggagas tandha-tandha sing diramalké liwat para nabi. Gusti Allah ngendika, ”Lah wis padha nampik pangandikané Sang Yéhuwah, apa isih padha kadunungan kawicaksanan?”​—Yérémia 8:9.

Saiki, akèh bukti nduduhké nèk kita wis urip ing ”dina-dina wekasan”. (2 Timotéus 3:1-5) Apa panjenengan gelem nyonto manuk bango lan nitèni ”mangsané”?

MANUK ELANG NDELOK SAKA KADOHAN

Elang

Manuk elang kerep disebutké ing Alkitab lan dikenal ing dhaérah Kanaan. Saka susuhé ing ndhuwur tebing, manuk elang ”ingak-inguk madik-madik memangsané, matané ngingat-ngingataké saka ing kadohan”. (Ayub 39:30-32) Matané elang ampuh tenan, nganti isa ndelok kelinci saka jarak 1 kilomèter.

Yéhuwah nduwé kesanggupan kanggo mirsani apa sing bakal kelakon sukmbèn, kaya elang sing isa ”ngingat-ngingataké saka ing kadohan”. Mula, Yéhuwah ngendika, ”[Aku] paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon.” (Yésaya 46:10) Nèk gelem nggatèkké naséhaté Yéhuwah, kita isa éntuk paédah saka kesanggupané kuwi lan kawicaksanané sing tanpa tandhingan.​—Yésaya 48:17, 18.

Alkitab uga mbandhingké wong-wong sing percaya karo Gusti Allah kaya manuk elang. ”Wong kang padha nganti-anti marang Pangéran Yéhuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk elang kalawan kakuwataning swiwiné.” (Yésaya 40:31, Terjemahan Dunia Baru) Wektu nemokké termal, utawa hawa panas ing awang-awang, elang ngegarké swiwiné lan nggunakké hawa panas kuwi bèn isa mabur mumbul saya dhuwur. Manuk elang ora nggunakké kekuwatané dhéwé wektu mabur mumbul lan nglayang menyang panggonan sing adoh. Ya kaya ngono kuwi wong sing percaya marang Yéhuwah, pribadi sing isa maringi ”kakuwatan kang ngédab-édabi”.​—2 Korinta 4:7, 8.

”KAYA BABON ANGGONÉ NGLUMPUKAKÉ KUTHUK-KUTHUKÉ”

Babon lan anaké

Ora suwé sakdurungé séda, Yésus nyawang kutha Yérusalèm lan krasa sedhih. Yésus kandha, ”Yérusalèm, Yérusalèm kang matèni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowé, wis nganti ping pira anggonKu kapèngin nglumpukaké anak-anakmu, kaya babon anggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ing sangisoring suwiwiné, nanging kowé padha ora gelem.”​—Matéus 23:37.

Manuk uga nduwé naluri kanggo njaga anak-anaké. Bangsané manuk sing manggoné ing lemah, contoné pitik, kudu ngati-ati nèk ana bahaya. Nèk weruh ana elang, baboné pitik mènèhi tandha, lan anak-anaké cepet-cepet ndhelik ing ngisoré swiwiné mboké. Anak-anak pitik kuwi uga ndhelik wektu panas lan udan deres. Semono uga, Yésus péngin mènèhi pangayoman ing bab rohani kanggo wong-wong Yérusalèm. Saiki, kita uga diundang bèn nyedhak marang Yésus supaya isa urip ayem, sarta diayomi bèn ora susah lan kuwatir bab urip saben dina.​—Matéus 11:28, 29.

Akèh sing isa disinau saka bangsané manuk. Wektu ngematké tingkah lakuné manuk, coba bandhingna karo gambaran ing Alkitab. Panjenengan isa sinau saka manuk sriti bab ngajèni panggonan kanggo ibadah marang Yéhuwah. Panjenengan isa njaluk kekuwatan marang Yéhuwah bèn isa mabur kaya elang. Kaya babon pitik sing njaga anak-anaké, panjenengan isa nyedhak marang Yésus bèn éntuk pangayoman ing bab rohani. Lan, panjenengan isa sinau saka manuk bango bab nggatèkké kahanan donya ing jaman kita.