Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Astrologi lan Ramalan Nasib​—⁠Apa Isa Kanggo Ndelok Masa Depan?

Astrologi lan Ramalan Nasib​—⁠Apa Isa Kanggo Ndelok Masa Depan?

ASTROLOGI

Ana sing percaya lan ngramalké nèk sipat-sipat lan masa depané manungsa kuwi dipengaruhi karo posisiné benda-benda langit, kaya bintang, bulan, lan planèt sing kétok wektu wong kuwi lair. Ramalan kaya ngono kuwi sing biasané disebut astrologi.

Astrologi wis ana wiwit jaman Babilon kuna, ning isih tetep umum nganti saiki. Akèh wong percaya karo ramalané para astrolog. Ning, apa ramalané pancèn isa dipercaya? Ora. Apa sebabé?

  • Planèt-planèt lan bintang-bintang ora nduwé kekuwatan sing isa mengaruhi manungsa kaya sing diomongké para astrolog.

  • Ramalané biasané umum banget lan isa kanggo kabèh wong.

  • Ramalan astrologi dhasaré saka kepercayaan kuna sing kandha nèk planèt-planèt kuwi ngubengi bumi. Ning, sakjané planèt-planèt kuwi ngubengi matahari.

  • Ramalan saka para astrolog kuwi hasilé isa béda-béda.

Jaréné, sipat-sipaté manungsa kuwi kétok saka zodiaké. Ning nyatané, wong sing tanggal lairé padha, durung mesthi nduwé sipat sing padha. Dadi sipaté manungsa kuwi ora dipengaruhi karo tanggal lairé. Para astrolog kaya-kayané wis isa nemtokké sipat-sipaté kabèh wong padahal durung kenal karo wongé. Apa kuwi adil?

RAMALAN NASIB

Wiwit jaman mbiyèn, wong-wong nggolèk bantuan liwat para peramal nasib. Ana sing ngramal nggunakké organ awaké kéwan lan manungsa, utawa saka ngamati carané pitik nuthuli wiji. Ana manèh sing nggawé ramalan nganggo cara ngamati bentuké ampas tèh utawa kopi ing cangkir sakwisé diombé. Saiki, ana peramal sing nggunakké kartu tarot, bola kristal, dadu, lan liya-liyané bèn ”ngerti” masa depané manungsa. Apa ramalan-ramalan kuwi pancèn isa dipercaya? Ora babar blas. Ayo dirembug alesané.

Ramalan nasib kuwi ora konsistèn. Saben peramal nduwé cara sing béda-béda kanggo ngramal. Senajan nggunakké cara sing padha, ramalané isa béda. Contoné, nèk ana wong takon karo peramal loro nganggo pitakonan sing padha lan nggunakké kertu sing padha bèn ”ngerti” masa depan, kuduné jawabané padha. Ning, nyatané ora padha.

Ana sing ora percaya karo cara sing digunakké peramal. Ana sing kandha nèk kartu lan bola kristal kuwi mung alat biasa. Peramal isa ngramal dudu merga alaté, ning merga nggatèkké tumindaké wong sing diramal. Contoné, peramal sing wis ahli nakoni bab-bab sing umum, terus ngrungokké tenanan jawabané lan nggatèkké tumindaké. Banjur, peramal kuwi mbalèni critané wong mau. Nèk wong kuwi percaya, peramal kuwi dadi isa njaluk bayaran sing akèh.

APA KANDHANÉ ALKITAB

Praktèk astrologi lan ramalan nasib nduduhké nèk kaya-kayané urip kita iki wis ditakdirké. Apa kuwi pancèn bener? Alkitab kandha nèk kita isa nduwé pilihan lan apa sing kita pilih kuwi ana pengaruhé kanggo masa depan kita.​—Yusak 24:15.

Wong-wong sing ngabdi marang Gusti Allah mesthi ora bakal percaya karo astrologi lan ramalan nasib, merga Gusti Allah gething karo bab-bab kaya ngono. Alkitab kandha, ”Ing antaramu aja ana kang . . . dadi juru tenung, juru pethèk, juru pétung, juru sikhir lan juru gendam, kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethèk, sarta kang neges marang wong mati. Awitdéné sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.” aPangandharing Torèt 18:10-12.

a Yéhuwah kuwi asmané Gusti Allah ”Ingkang Mahaluhur tuwin misésani ing salumahing bumi”.​—Jabur 83:19.