Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bukti saka Nubuat sing Wis Kelakon

Bukti saka Nubuat sing Wis Kelakon

ING KUTHA ROMA, ITALIA, ANA GAPURA SING DIKUNJUNGI WONG-WONG SAKA NEGARA-NEGARA LIYA. GAPURA KUWI DIGAWÉ KANGGO NGLUHURKÉ TITUS, SALAH SIJI PANGUWASANÉ ROMA.

Ing Gapura Titus kuwi ana loro ukiran sing gedhé, sing nyritakké sejarah sing penting banget. Ning ora akèh sing ngerti nèk gapura kuwi ana hubungané karo Alkitab. Gapura Titus kuwi dadi bukti saka nubuat Alkitab sing wis kelakon.

KUTHA SING BAKAL DIHUKUM

Taun 30 M, wilayah kekuwasaané Romawi kuwi subur, aman, lan amba banget, mulai saka Inggris lan Gaul (saiki Prancis) nganti tekan Mesir. Ning, ana siji dhaérah sing dadi sumber masalah kanggo bangsa Romawi, yaiku Yudéa sing dienggoni wong-wong Yahudi.

Buku Encyclopedia of Ancient Rome nyritakké, ”Ing wilayah jajahané Romawi, ana bangsa-bangsa sing gething karo Romawi, kayadéné dhaérah Yudéa. Wong-wong Yahudi ora gelem manut merga bangsa Romawi ora perduli karo tradhisiné wong-wong Yahudi. Kuwi sebabé bangsa Romawi nindhes wong-wong Yahudi.” Wong-wong Yahudi kepéngin nduwé pemimpin sing isa ngalahké bangsa Romawi lan ndadèkké bangsa Israèl dadi aman kaya mbiyèn. Ning ing taun 33 M, Yésus Kristus wis kandha nèk Yérusalèm bakal diancurké.

Yésus kandha, ”Bakal tekan wektuné, mungsuh-mungsuhmu nggawé bèntèng saka kayu-kayu lancip ing sak ubengmu. Mungsuh-mungsuhmu bakal ngepung lan nyerang kowé saka arah ngendi-endi. Mungsuh-mungsuhmu bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah lan nyirnakké anak-anakmu. Wong-wong kuwi ora bakal ngejarké siji-sijia watu isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”​—Lukas 19:43, 44.

Omongané Yésus kuwi mbokmenawa nggawé para muridé Yésus bingung. Rong dina sakwisé ndelok Yérusalèm, salah siji muridé Yésus kandha, ”Guru, deloken watu-watu lan bangunan sing éndah banget iki.” Watu-watu ing bait dawané luwih saka 11 mèter, ambané 5 mèter, lan dhuwuré 3 mèter. Yésus njawab, ”Bakal teka wektuné, kabèh sing kok delok kuwi bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”​—Markus 13:1; Lukas 21:6.

Banjur Yésus ngandhani para muridé: ”Wektu kowé ndelok ana tentara sing kémah ing saubengé Yérusalèm, kuwi tegesé Yérusalèm ora suwé manèh bakal ditumpes. Wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan, sing ana ing tengah kutha kuwi kudu lunga, lan sing ana ing désa-désa sakiwa-tengené aja mlebu mrana.” (Lukas 21:20, 21) Apa kuwi kelakon?

YÉRUSALÈM DIANCURKÉ

Wong-wong Yahudi isih dianiaya karo bangsa Romawi nganti 33 taun sakbanjuré. Ning, taun 66 M pejabat Romawi sing jenengé Gessius Florus nyolong dhuwit ing bait. Kuwi nggawé wong-wong Yahudi nesu banget. Akiré, wong-wong Yahudi sing mbrontak mlebu ing Yérusalèm, matèni akèh tentara Romawi, lan ngumumké nèk wis ora gelem dijajah manèh karo bangsa Romawi.

Kira-kira telung sasi sakbanjuré, luwih saka 30.000 tentara Romawi sing dipimpin Cestius Gallus nyerang Yérusalèm kanggo ngalahké wong-wong Yahudi sing mbrontak. Wong-wong Romawi mlebu menyang kutha lan ngrusak témbok njabané bait. Ning ora dinyana-nyana tentara Romawi mundur. Wong-wong Yahudi seneng banget lan langsung ngoyak tentara Romawi. Merga wong-wong Yahudi sing mbrontak lan tentara Romawi ninggalké Yérusalèm, iki kesempatan kanggo wong-wong Kristen mlayu menyang dhaérah pegunungan cedhak Kali Yordan, kaya prentahé Yésus.​—Matius 24:15, 16.

Taun sakbanjuré, bangsa Romawi sing dipimpin karo Jéndral Vespasianus lan putrané sing jenengé Titus nyerang Yudéa manèh. Ning, ora suwé sakwisé Kaisar Nero mati ing taun 68 M, Vespasianus bali menyang Roma lan dadi kaisar. Dadi, sing mimpin 60.000 tentara Romawi kanggo nyerang Yudéa yaiku Titus.

Ing sasi Juni  70 M, Titus mréntahké tentarané kanggo negori wit-witan sing ana ing dhaérah Yudéa. Kayu-kayu kuwi dilancipi dinggo nggawé pager sing dawané pitung kilomèter kanggo ngepung Yérusalèm. Ing sasi September, tentara Romawi wis njarah lan ngobong kutha Yérusalèm sarta baité. Tentara Romawi nggempur kutha kuwi lan baité nganti rata karo lemah, kaya sing wis dinubuatké Yésus. (Lukas 19:43, 44) Nurut salah siji laporan, kira-kira ana 500.000 wong sing mati ing Yérusalèm lan dhaérah-dhaérah ing sekitaré.

BANGSA ROMAWI MENANG

Taun 71 M Titus bali menyang Italia. Kabèh wong Romawi ing kutha kuwi ngrayakké kemenangané Titus, lan iki dadi kemenangan sing paling gedhé ing Roma.

Dalan-dalan ing Roma dadi ramé merga akèh pawai. Wong-wong padha nggumun merga ndelok kapal-kapal sing wis dikalahké, adegan perang sing ditontonké, lan barang-barang sing dijarah saka bait ing Yérusalèm.

Taun 79 M, Titus dadi kaisar nggantèni bapaké. Ning, rong taun sakbanjuré, ora disangka-sangka Titus mati. Adhiné Titus sing jenengé Domitianus, dadi kaisar lan langsung mbangun gapura kemenangan kanggo ngurmati Titus.

GAPURA TITUS SAIKI

Gapura Titus ing Roma jaman saiki

Saben taun ana atusan éwu wong sing teka kanggo ndelok Gapura Titus ing kutha Roma. Ana sing nganggep nèk gapura kuwi dadi karya seni sing nggumunké. Liyané nganggep gapura kuwi bukti kemenangané bangsa Romawi. Ana uga sing dadi kèlingan karo kutha Yérusalèm lan baité sing diancurké karo Roma.

Kanggoné wong-wong sing sinau Alkitab, Gapura Titus kuwi istiméwa, merga dadi bukti nèk nubuat Alkitab kuwi isa dipercaya lan asalé saka Gusti Allah.​—2 Pétrus 1:19-21.