Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Gusti Allah Bakal Nyingkirké Kasusahan

Gusti Allah Bakal Nyingkirké Kasusahan

”Dhuh Yéhuwah, taksih pinten dangunipun malih anggèn kawula sambat-sambat, nanging Paduka boten midhangetaken; kawula nguwuh-uwuh dhumateng Paduka: ’Wonten panganiaya!’, nanging Paduka boten mitulungi?” (Habakuk 1:2, 3) Kuwi omongané Habakuk, nabiné Yéhuwah sing setya. Apa dhèwèké kurang iman? Ora. Malah, Gusti Allah ngyakinké Habakuk nèk wektu kanggo nyingkirké kasusahan wis ditemtokké.​—Habakuk 2:2, 3.

Wektu panjenengan dhéwé utawa wong sing panjenengan tresnani ngalami kasusahan, isa waé panjenengan mikir nèk Gusti Allah kuduné cepet-cepet tumindak. Ning, Alkitab kandha, ”Yéhuwah kuwi ora lambat netepi janjiné, kaya sing dipikirké sawetara wong. Nanging Yéhuwah kuwi sabar marang kowé merga Panjenengané ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké. Panjenengané péngin kabèh wong mertobat.”​—2 Pétrus 3:9.

KAPAN GUSTI ALLAH TUMINDAK?

Yésus kandha nèk ana generasi sing bakal ndelok kabèh kedadéan sing disebut ”tandha pungkasané jaman iki”. (Matius 24:3-42) Omongané Yésus iki wis kelakon ing jaman kita. Kuwi nduduhké nèk Gusti Allah bakal tumindak ora suwé manéh. *

Piyé carané Gusti Allah nyingkirké kabèh kasusahan? Wektu ing bumi, Yésus nduduhké kuwasané Gusti Allah kanggo nulungi manungsa. Gatèkna conto-conto iki.

Bencana Alam: Wektu Yésus lan para muridé numpak prau nyebrang Laut Galiléa, ujug-ujug ana angin gedhé sing nerjang prauné nganti mèh kleleb. Ning, Yésus nduduhké nèk dhèwèké lan Bapaké isa ngendhalèni alam. (Kolose 1:15, 16) Yésus mung kandha, ”Meneng! Mandhega!” Banjur, ”Anginé langsung mandheg, lan kahanané dadi tenang banget.”​—Markus 4:35-39.

Penyakit: Yésus dikenal nduwé kemampuan kanggo marèkké wong wuta, lumpuh, ayan, kusta, lan akèh penyakit liyané. Yésus ”marèkké kabèh sing lara”.​—Matius 4:23, 24; 8:16; 11:2-5.

Kurang Pangan: Yésus nggunakké kuwasa saka Bapaké kanggo nggawé mukjijat mènèhi panganan kanggo éwonan wong. Alkitab nyathet nèk Yésus tau nindakké mukjijat sing kaya ngono ping pindho.​—Matius 14:14-21; 15:32-38.

Kematian: Alkitab nulis bab wong telu sing tau diuripké manèh karo Yésus. Salah sijiné wis mati patang dina. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh wong sing mati.​—Markus 5:35-42; Lukas 7:11-16; Yohanes 11:3-44.

^ par. 5 Wacanen pelajaran 32 buku Bahagia Saklawasé, sing diterbitké Seksi-Seksi Yéhuwah, nèk péngin ngerti luwih akèh soal akhir jaman. Buku kuwi ya ana ing www.pr418.com/jv.