Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Njenengan Isa Kenal karo Gusti Allah?

Apa Njenengan Isa Kenal karo Gusti Allah?

Akèh wong sing ngakuné percaya karo Gusti Allah. Ning, pendapaté wong-wong kuwi soal Gusti Allah béda-béda. Ana sing ngomong nèk Gusti Allah kuwi seneng ngukum wong sing salah. Liyané ngomong nèk Gusti Allah kuwi sayang lan seneng ngapura wong-wong, ora soal kaya apa tumindaké wong-wong kuwi. Ana manèh sing ngomong nèk Gusti Allah ora perduli karo manungsa. Merga ana pendapat sing béda-béda kuwi, wong-wong ngrasa ora bakal isa kenal karo Gusti Allah.

Apa kenal karo Gusti Allah kuwi penting? Ya, merga kenal karo Gusti Allah kuwi isa nggawé awaké dhéwé seneng. (Kisah 17:26-28) Nèk awaké dhéwé saya akrab karo Gusti Allah, Dhèwèké ya bakal tambah sayang karo awaké dhéwé. (Yakobus 4:8) Terus, nèk wis kenal tenan karo Gusti Allah, awaké dhéwé isa nduwé harapan kanggo urip saklawasé.​—Yohanes 17:3.

Piyé carané isa kenal karo Gusti Allah? Kuwi padha kaya awaké dhéwé péngin nduwé kanca akrab. Awaké dhéwé kudu ngerti sapa jenengé, apa waé sipat-sipaté, apa sing disenengi lan sing ora, apa waé sing wis ditindakké, lan apa cita-citané. Nèk ngerti kuwi kabèh, awaké dhéwé isa dadi akrab karo wong kuwi.

Dadi, awaké dhéwé isa kenal karo Gusti Allah nèk ngerti iki:

Ing majalah iki, awaké dhéwé bakal ngrembug jawabané Alkitab kanggo pitakonan-pitakonan kuwi. Awaké dhéwé dibantu bèn kenal karo Gusti Allah lan ngerti manfaaté nèk kenal lan luwih akrab karo Gusti Allah.