Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa sing Bakal Ditindakké Gusti Allah?

Apa sing Bakal Ditindakké Gusti Allah?

Wektu ngalami masalah, awaké dhéwé mesthi péngin ana kanca sing mbantu awaké dhéwé. Mula, akèh wong nganggep Gusti Allah kuwi dudu kanca sing apik merga ngrasa nèk Gusti Allah ora mbantu manungsa. Padahal, wis akèh banget sing ditindakké Gusti Allah kanggo manungsa. Gusti Allah ya bakal ngatasi kabèh masalah lan kesusahan sing awaké dhéwé alami saiki. Apa sing bakal ditindakké Gusti Allah?

NYIRNAKKÉ KABÈH KEJAHATAN

Kabèh kejahatan bakal sirna nèk sumberé wis disingkirké. Sapa sumberé? Alkitab kandha, ”Sak donya dikuwasani si jahat.” (1 Yohanes 5:19, cathetan ngisor) Sing dimaksud ”si jahat” yaiku Sétan si Iblis, sing disebut Yésus dadi ”panguwasa donya iki”. (Yohanes 12:31) Dadi, Sétan kuwi sing nggawé manungsa ngalami kesusahan. Apa sing bakal ditindakké Gusti Allah?

Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nggunakké Putrané, yaiku Yésus Kristus, kanggo ’nyirnakké Iblis’. (Ibrani 2:14; 1 Yohanes 3:8) Malah, Alkitab kandha nèk Sétan ngerti ”wektuné mung kari sithik” merga sedhéla manèh dhèwèké bakal disirnakké. (Wahyu 12:12) Yéhuwah ya bakal nyingkirké wong-wong sing jahat.​—Jabur 37:9; Wulang Bebasan 2:22.

NGGAWÉ BUMI DADI FIRDAUS

Sakwisé nyirnakké kabèh sing jahat, Yéhuwah bakal tumindak bèn manungsa isa urip saklawasé ing bumi firdaus. Apa sing bakal kelakon ing bumi?

Keadaané bakal aman lan tentrem sakterusé. ”Wong kang andhap-asor iku bakal padha olèh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih.”​—Jabur 37:11.

Bakal ana akèh panganan sing bergizi. ”Nagari mugi kalubèrana taneman gandum, ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking paredèn [utawa, pegunungan].”​—Jabur 72:16.

Saben wong bakal nduwé omah sing nyaman lan gawéan sing nyenengké. ”Bakal padha ngadegaké omah lan iya banjur dienggoni; bakal padha nandur anggur ana ing kebon lan iya banjur padha mangan wohé. . . . Bakal padha ngrasakaké nikmating gegawéané tangané.”​—Yésaya 65:21, 22.

Apa njenengan péngin ngrasakké kuwi kabèh? Ora suwé manèh kuwi bakal kelakon ing bumi.

NYINGKIRKÉ PENYAKIT LAN KEMATIAN

Kabèh wong isa ngalami lara lan mati. Ning, Yéhuwah janji nèk ora suwé manèh ”saben wong sing nduduhké iman marang [Yésus]” bakal ngrasakké manfaat saka korban tebusané Yésus. (Yohanes 3:16) Apa waé manfaaté?

Penyakit bakal disingkirké. ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu [utawa, ngomong] ana ing kono: ’Aku lara,’ lan sakèhé wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputané.”​—Yésaya 33:24.

Kematian ora bakal ana manèh. ”Panjenengané bakal ngicali [utawa, ngilangi] pati ing saterusé; tuwin Pangéran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakèhing rai.”​—Yésaya 25:8.

Manungsa bakal urip saklawasé. ”Anugrahé Gusti Allah kuwi urip saklawasé liwat Kristus Yésus, Gusti kita.”​—Roma 6:23.

Wong mati bakal urip manèh. Wong mati ya bakal éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus. Alkitab kandha, ”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener.”​—Kisah 24:15.

Bèn kuwi kabèh kelakon, apa sing ditindakké Gusti Allah?

NGGAWÉ PAMRÉNTAHAN SING SAMPURNA

Gusti Allah bakal nggunakké pamréntahan ing swarga sing dipimpin Yésus Kristus bèn manungsa isa urip saklawasé ing bumi firdaus. (Jabur 110:1, 2) Wektu mulang para muridé soal donga, Yésus ngongkon para muridé ndongakké pamréntahan, utawa kraton iki. Yésus kandha, ”Bapakku sing ana ing swarga, . . . Kraton Panjenengan mugi rawuh.”​—Matius 6:9, 10.

Kratoné Allah bakal nguwasani bumi lan nyingkirké kabèh kesusahan. Iki bakal dadi pamréntahan sing sampurna kanggo manungsa. Mula, wektu ing bumi, Yésus ngupaya tenanan kanggo martakké ”kabar apik bab Kratoné Allah”. Yésus ya ngongkon para muridé kanggo nindakké sing padha.​—Matius 4:23; 24:14.

Merga sayang banget karo manungsa, Yéhuwah bakal nindakké kabèh sing wis dijanjèkké. Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé péngin kenal lan luwih akrab karo Yéhuwah. Nèk ngupaya kaya ngono, apa manfaaté kanggo awaké dhéwé? Kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

APA SING BAKAL DITINDAKKÉ GUSTI ALLAH? Gusti Allah bakal nyingkirké penyakit lan kematian, nggunakké Kratoné kanggo mréntah manungsa, lan nggawé bumi dadi firdaus