Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Manfaaté Nèk Kenal lan Luwih Akrab karo Gusti Allah?

Apa Manfaaté Nèk Kenal lan Luwih Akrab karo Gusti Allah?

Saka artikel-artikel sakdurungé, awaké dhéwé dibantu bèn isa kenal karo Gusti Allah. Alkitab kandha nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah lan sipaté sing utama yaiku katresnan. Awaké dhéwé ya sinau apa sing wis ditindakké lan sing bakal ditindakké Gusti Allah kanggo manungsa. Sakjané, isih akèh sing isa disinaoni soal Gusti Allah. Ning, apa manfaaté kanggo awaké dhéwé nèk sinau soal Gusti Allah?

Yéhuwah mènèhi jaminan nèk awaké dhéwé isa akrab karo Dhèwèké. (1 Babad 28:9) Nèk ngupaya kenal karo Gusti Allah, awaké dhéwé isa dadi kanca akrabé. (Jabur 25:14) Apa manfaaté nèk dadi kanca akrabé Yéhuwah?

Isa bener-bener seneng. Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing bungah”. (1 Timotius 1:11) Awaké dhéwé isa bener-bener seneng nèk akrab karo Yéhuwah lan niru sipat-sipaté. Rasa seneng sing kaya ngono ana manfaaté kanggo perasaan, pikiran, lan keséhatan. (Jabur 33:12) Awaké dhéwé ya bakal seneng nèk isa ngedohi kebiasaan sing salah, nduwé kebiasaan sing ana manfaaté, lan nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Iki cocog karo kandhané sing nulis Jabur, ”Rahayu [utawa, seneng] tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak [utawa, nyedhak].”​—Jabur 65:5.

Digatèkké lan diopèni. Yéhuwah kandha, ”Aku arep mituturi kowé, mripatku tumuju marang kowé.” (Jabur 32:8) Kuwi maksudé Yéhuwah nggatèkké lan mènèhi apa waé sing dadi kebutuhané umaté. (Jabur 139:1, 2) Nèk akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngrasakké bantuané Yéhuwah.

Nduwé masa depan sing nyenengké. Yéhuwah ya nyedhiakké masa depan sing nyenengké bèn awaké dhéwé isa luwih seneng saiki. (Yésaya 48:17, 18) Alkitab janji nèk wong sing kenal karo Yéhuwah lan Yésus isa ” éntuk urip langgeng”. (Yohanes 17:3) Harapan kuwi isa dadi jangkar sing ”kuwat lan isa diandelké” wektu awaké dhéwé ngadhepi kesusahan ing jaman saiki.​—Ibrani 6:19.

Sakjané isih ana akèh manfaat sing isa awaké dhéwé rasakké nèk kenal lan luwih akrab karo Gusti Allah. Mula, njenengan diundang kanggo sinau bareng karo salah siji Seksi-Seksi Yéhuwah utawa mbukak situs jw.org.