Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Alesané Kudu Tetep Semangat Urip

Alesané Kudu Tetep Semangat Urip

Faizal kudu operasi jantung kira-kira setaun sakwisé bojoné mati. Dhèwèké kandha, ”Wektu maca buku Ayub, aku yakin nèk Yéhuwah mesthi nduwé alesan nyathet kisahé Ayub. Wektu ana kisah Alkitab sing cocog karo keadaané awaké dhéwé, kuwi bener-bener nguwatké. Awaké dhéwé kudu tetep semangat urip.”

Tarsha isih enom wektu ibuné mati. Dhèwèké kandha, ”Merga kenal karo Gusti Allah, awaké dhéwé isa nduwé harapan lan tetep bahagia senajan kudu ngadhepi akèh masalah. Yéhuwah isa nguwatké lan mbantu awaké dhéwé saben dina.”

ARTIKEL-ARTIKEL sakdurungé nyebutké soal masalah-masalah sing isa nggawé awaké dhéwé ora nduwé semangat urip manèh. Wektu ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa waé mikir nèk ora ana sing perduli karo awaké dhéwé lan akhiré péngin nyerah waé. Ning, awaké dhéwé isa yakin nèk Gusti Allah perduli karo awaké dhéwé lan nganggep awaké dhéwé berharga.

Sing nulis Jabur 86 kandha, ”Ing dinten karibedan kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, amargi Paduka karsa paring wangsulan dhumateng kawula.” (Jabur 86:7) Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Piyé carané Gusti Allah nulungi aku wektu aku lagi ngalami ”dinten karibedan”?’

Gusti Allah pancèn ora langsung nyingkirké masalahé awaké dhéwé. Ning, Gusti Allah janji nèk Dhèwèké bakal nggawé awaké dhéwé ngrasa ayem. Alkitab kandha, ”Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun sarta ucapan sokur, lan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati lan pikiranmu.” (Filipi 4:6, 7) Saiki, gatèkna ayat-ayat Alkitab sing nduduhké nèk Gusti Allah perduli karo awaké dhéwé.

Gusti Allah Perduli karo Awaké Dhéwé

”Ora ana manuk emprit siji waé sing disepèlèkké Gusti Allah. . . . Kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.”​Lukas 12:6, 7, cathetan ngisor.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Akèh wong sing nganggep manuk emprit kuwi ora berharga. Ning, Yéhuwah perduli karo manuk-manuk kuwi. Manuk emprit kuwi ciptaané Yéhuwah, lan Dhèwèké nganggep kabèh ciptaané berharga. Ning, manungsa mesthi luwih berharga ketimbang manuk emprit. Manungsa kuwi ciptaané Yéhuwah sing paling luar biasa ing bumi merga diciptakké ”miturut gambaré” Gusti Allah lan nduwé kemampuan kanggo niru sipat-sipaté Yéhuwah.​—Purwaning Dumadi 1:26, 27.

”Dhuh Yéhuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula. . . . Paduka mirsa osiking manah kawula . . . Kawula mugi Paduka dadar sarta Paduka mugi karsaa nguningani pangangen-angen kawula.”​Jabur 139:1, 2, 23.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Yéhuwah bener-bener ngerti awaké dhéwé. Dhèwèké ngerti perasaan lan pikirané awaké dhéwé. Wong liya mungkin ora ngertèni masalah sing lagi awaké dhéwé alami. Ning, Yéhuwah perduli lan péngin mbantu awaké dhéwé. Kuwi sebabé awaké dhéwé kudu tetep nduwé semangat urip.

Uripé Awaké Dhéwé Berharga

”Dhuh Yéhuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka. . . Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula; manawi kawula sesambat mugi énggal kersaa paring wangsulan. . . Sarta wus miyarsakaké marang pandongané para wong kang nandhang kemlaratan.”​Jabur 102:2, 3, 18.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Kèt mbiyèn, Yéhuwah ora nglalèkké kesusahan sing dialami manungsa. (Jabur 56:9) Kuwi termasuk kesusahané awaké dhéwé. Gusti Allah nganggep awaké dhéwé berharga. Mula, Gusti Allah ngéling-éling kabèh masalah lan kesusahan sing awaké dhéwé adhepi.

”Sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakaké, malah bakal mitulungi sira . . . Ingsun iki, Pangéran Yéhuwah, Allahira . . . ngandika marang sira: ’Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.’”​Yésaya 41:10, 13.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Gusti Allah siap mbantu awaké dhéwé wektu awaké dhéwé ngalami masalah.

Ana Harapan ing Masa Depan

”Gusti Allah tresna banget marang donya iki nganti maringké Putra siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Putrané ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé.”​Yohanes 3:16.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Gusti Allah sayang banget karo awaké dhéwé nganti gelem ngorbanké Yésus kanggo awaké dhéwé. Kuwi isa mènèhi awaké dhéwé harapan bèn isa urip bahagia kanggo saklawasé. *

Nèk ngadhepi akèh masalah lan akhiré ora nduwé semangat urip manèh, awaké dhéwé isa sinau Alkitab lan percaya karo janji-janjiné Gusti Allah. Kuwi bakal nggawé awaké dhéwé bahagia lan tetep nduwé semangat urip.

^ Bèn ngerti luwih akèh soal piyé carané éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus, deloken video Memperingati Kematiané Yésus sing ana ing www.pr418.com/jv. Deloken ing bagéan KETERANGAN SOAL SEKSI-SEKSI YÉHUWAH > PERINGATAN.