Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 2

Muji Yéhuwah ing Jemaat

Muji Yéhuwah ing Jemaat

”Paduka badhé kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan.”​—MS. 22:23.

LAGU 59 Ayo Padha Muji Allah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé perasaané Daud karo Yéhuwah, lan apa pengaruhé kanggo Daud?

RAJA DAUD kandha, ”Pangéran Yéhuwah punika agung sarta sanget pinuji-puji.” (Ms. 145:3) Daud sayang karo Yéhuwah. Mula, dhèwèké seneng muji Yéhuwah ”ing tengahipun pasamuwan”. (Ms. 22:23; 40:6) Awaké dhéwé mesthi ya sayang karo Yéhuwah lan setuju karo Daud sing kandha, ”Pinujia Paduka dhuh Yéhuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula Israèl, saking kalanggengan dumugi kalanggengan.”​—1 Bb. 29:10-13.

2. (a) Piyé carané awaké dhéwé muji Yéhuwah? (b) Apa sebabé ana para sedulur sing ora mènèhi komentar ing perhimpunan? Terus, apa waé sing bakal dirembug?

2 Ing jaman saiki, awaké dhéwé isa muji Yéhuwah wektu mènèhi komentar ing perhimpunan. Ning, senajan péngin mènèhi komentar, ana para sedulur sing ngrasa wedi kanggo nindakké kuwi. Akhiré, para sedulur kuwi ora mènèhi komentar. Piyé carané ngatasi rasa wedi kuwi? Saran apa waé sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa mènèhi komentar sing nguwatké? Sakdurungé ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi, awaké dhéwé bakal ngrembug dhisik apa alesané awaké dhéwé mènèhi komentar ing perhimpunan.

ALESANÉ MÈNÈHI KOMENTAR ING PERHIMPUNAN

3-5. (a) Nurut Ibrani 13:15, apa alesané awaké dhéwé mènèhi komentar ing perhimpunan? (b) Apa awaké dhéwé kudu nduwé kemampuan sing padha wektu mènèhi komentar? Jelasna.

3 Yéhuwah wis mènèhi awaké dhéwé kesempatan sing istiméwa kanggo muji Dhèwèké. (Ms. 119:108) Salah siji cara kanggo mènèhi ”kurban pujian” yaiku liwat komentar ing perhimpunan. Saben wong nduwé tanggung jawab kanggo nindakké kuwi. (Wacanen Ibrani 13:15.) Ning, Yéhuwah ora nuntut kabèh wong nduwé kemampuan sing padha wektu mènèhi ”kurban pujian”, utawa komentar.

4 Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé nduwé kemampuan lan keadaan sing béda-béda, lan Yéhuwah nganggep korban sing awaké dhéwé wènèhké kuwi berharga. Pikirna korban sing diwènèhké bangsa Israèl kanggo Yéhuwah. Wong Israèl biasané mènèhké anak domba utawa kambing. Ning, wong Israèl sing miskin isa mènèhi ”manuk deruk loro utawa piyik dara loro”. Nèk tetep ora sanggup mènèhké kuwi, Yéhuwah ya gelem nampa ”glepung kang becik dhéwé saprasepuluh éfa”. (Km. 5:7, 11) Yéhuwah tetep nganggep glepung sing diwènèhké wong Israèl kuwi berharga senajan regané luwih murah. Sing penting, kuwi ”glepung kang becik dhéwé”.

5 Ing jaman saiki, pandhangané Yéhuwah soal mènèhi komentar ya padha. Yéhuwah ora nuntut awaké dhéwé kudu pinter ngomong kaya Apolos utawa Paulus. (Kis. 18:24; 26:28) Yéhuwah péngin awaké dhéwé mènèhi komentar sing cocog karo kemampuané awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa sinau saka contoné randha sing mènèhi rong dhuwit rècèh. Yéhuwah ngajèni dhèwèké merga wis mènèhké sing paling apik nurut kemampuané.​—Luk. 21:1-4.

Awaké dhéwé isa nguwatké lan dikuwatké liwat komentar ing perhimpunan (Deloken paragraf 6-7) *

6. (a) Nurut Ibrani 10:24, 25, apa pengaruhé komentaré para sedulur kanggo awaké dhéwé? (b) Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni upayané para sedulur kanggo mènèhi komentar?

6 Awaké dhéwé isa nguwatké lan dikuwatké liwat komentar ing perhimpunan. (Wacanen Ibrani 10:24, 25.) Awaké dhéwé ngrasa dikuwatké wektu ngrungokké komentaré para sedulur. Misalé, awaké dhéwé seneng wektu ana bocah cilik sing komentaré sederhana lan tulus. Awaké dhéwé ya ngrasa dikuwatké wektu ana sedulur sing mbagèkké hasil riseté. Awaké dhéwé kagum karo sedulur sing ngupaya kendel mènèhi komentar senajan dhèwèké isinan utawa durung lancar nggunakké basané awaké dhéwé. (1 Tés. 2:2) Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni upayané para sedulur kuwi? Awaké dhéwé isa ngomong maturnuwun karo para sedulur kuwi sakwisé perhimpunan. Cara liyané yaiku mènèhi komentar. Nèk mènèhi komentar, awaké dhéwé ora mung dikuwatké ning ya isa nguwatké para sedulur kuwi.​—Rm. 1:11, 12.

7. Apa waé manfaaté mènèhi komentar?

7 Awaké dhéwé isa éntuk manfaat wektu mènèhi komentar. (Yé. 48:17) Pertama, merga arep mènèhi komentar, awaké dhéwé dadi luwih tenanan wektu nggawé persiapan kanggo perhimpunan. Kuwi mbantu awaké dhéwé luwih paham isiné Alkitab. Terus, awaké dhéwé dadi isa ngetrapké sing disinaoni. Keloro, awaké dhéwé bakal luwih seneng wektu berhimpun merga isa mèlu rembugané. Ketelu, merga butuh upaya kanggo mènèhi komentar, awaké dhéwé dadi ora gampang lali karo topik sing dirembug.

8-9. (a) Kaya sing dijelaské ing Maléakhi 3:16, piyé pandhangané Yéhuwah soal komentaré awaké dhéwé? (b) Apa sing mungkin isih dirasakké para sedulur?

8 Awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngrungokké komentaré awaké dhéwé lan ngajèni upayané awaké dhéwé kanggo mènèhi komentar. (Wacanen Maléakhi 3:16.) Terus, Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé merga wis ngupaya kanggo nyenengké Dhèwèké.​—Ml. 3:10.

9 Saiki, awaké dhéwé wis ngerti apa waé alesané perlu mènèhi komentar. Ning, ana sedulur sing mungkin isih wedi kanggo nindakké kuwi. Nèk ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé ora perlu sedhih. Ayo ngrembug pathokan-pathokan Alkitab, conto-conto, lan saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé dadi luwih kendel mènèhi komentar ing perhimpunan.

CARANÉ NGATASI RASA WEDI

10. (a) Apa waé sing mungkin nggawé awaké dhéwé ngrasa wedi wektu arep mènèhi komentar? (b) Perasaan wedi kuwi malah nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé sipat apa?

10 Awaké dhéwé mungkin ngrasa wedi wektu arep mènèhi komentar. Sakjané kuwi ya dialami karo kabèh sedulur. Bèn isa ngatasi rasa wedi, awaké dhéwé kudu ngerti dhisik apa penyebabé. Mungkin awaké dhéwé wedi nèk bakal lali karo jawabané utawa wedi nèk jawabané salah. Mungkin awaké dhéwé ya ngrasa nèk komentaré sedulur liya luwih apik ketimbang komentaré awaké dhéwé. Ning, perasaan kaya ngono malah nduduhké nèk awaké dhéwé rendah hati. Kuwi sipat sing disenengi Yéhuwah. (Ms. 138:6; Flp. 2:3) Ning, Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé muji Dhèwèké lan nguwatké para sedulur ing perhimpunan. (1 Tés. 5:11) Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan bakal mbantu awaké dhéwé bèn kendel.

11. Pathokan apa waé sing isa awaké dhéwé pikirké?

11 Ana pathokan-pathokan Alkitab sing isa dipikirké. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé isa waé nggawé kesalahan wektu ngomong. (Yak. 3:2) Yéhuwah lan para sedulur ngerti nèk awaké dhéwé kabèh ora sampurna. (Ms. 103:12-14) Para sedulur kuwi ya sayang karo awaké dhéwé. (Mrk. 10:29, 30; Yoh. 13:35) Dadi, para sedulur kuwi ngerti nèk kadhang kala komentaré awaké dhéwé ora kaya sing awaké dhéwé karepké.

12-13. Apa sing isa disinaoni saka contoné Néhémia lan Yunus?

12 Ana conto-conto ing Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé ngatasi rasa wedi. Contoné yaiku Néhémia, sing dadi pelayané raja. Néhémia sedhih merga krungu nèk témbok lan gerbang Yérusalèm hancur. (Ny. 1:1-4) Néhémia mesthi wedi banget wektu raja takon apa sebabé dhèwèké kétok sedhih. Néhémia langsung ndonga terus njelaské masalahé. Hasilé, raja malah gelem mbantu umaté Yéhuwah. (Ny. 2:1-8) Conto liyané yaiku Yunus. Wektu dikongkon Yéhuwah ngandhani wong-wong Niniwé, Yunus malah lunga ing kutha liya merga kewedèn. (Yn. 1:1-3) Ning, Yéhuwah mbantu bèn Yunus isa nindakké tugasé. Hasilé, Yunus isa mbantu wong-wong Niniwé mertobat. (Yn. 3:5-10) Saka contoné Néhémia, awaké dhéwé ngerti nèk perlu ndonga sakdurungé mènèhi jawaban. Lan saka contoné Yunus, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu senajan awaké dhéwé ngrasa wedi banget. Mesthiné, ngandhani wong-wong Niniwé luwih medèni ketimbang mènèhi komentar ing pakumpulan, ta?

13 Saiki, ayo ngrembug saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé dadi luwih kendel mènèhi komentar ing perhimpunan.

14. Apa sebabé awaké dhéwé perlu nggawé persiapan, lan kapan awaké dhéwé isa nindakké kuwi?

14 Gawéa persiapan. Nèk nggawé persiapan sakdurungé perhimpunan, awaké dhéwé bakal luwih yakin wektu mènèhi komentar. (WB. 21:5) Saben wong mesthi nduwé jadwal sing béda-béda. Ana sedulur sing wis dadi randha sing umuré 80-an. Sedulur kuwi jenengé Eloise. Dhèwèké kandha nèk luwih seneng nggawé persiapan Warta Penting kira-kira seminggu sakdurungé perhimpunan. Ana sedulur liya sing jenengé Joy. Merga kerja saben dina, dhèwèké persiapan Warta Penting ing dina Setu bèn ora lali karo topik sing arep dirembug. Terus, ya ana pinituwa sing dadi perintis sing jenengé Junior. Dhèwèké luwih seneng nyicil persiapané saben dina ketimbang langsung sak artikel.

15. Piyé carané bèn isa tenanan wektu nggawé persiapan kanggo perhimpunan?

15 Piyé carané bèn isa tenanan wektu nggawé persiapan kanggo perhimpunan? Awaké dhéwé perlu ndonga njaluk roh suci sakdurungé mulai persiapan. (Luk. 11:13; 1 Yoh. 5:14) Terus, awaké dhéwé isa ndelok dhisik judhul, subjudhul, gambar, lan kothak sing ana ing artikel kuwi. Wektu nyinaoni saben paragraf, awaké dhéwé kudu ngupaya maca kabèh ayat sing dikutip. Terus, awaké dhéwé perlu mikirké tenanan topik sing arep dikomentari. Nèk nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé bakal éntuk manfaat lan dadi luwih kendel wektu arep mènèhi komentar.​—2 Kor. 9:6.

16. Alat bantu apa waé sing isa digunakké kanggo nggawé persiapan, lan piyé carané isa éntuk manfaat saka alat bantu kuwi?

16 Nèk isa, gunakna alat bantu elektronik sing ana ing basané awaké dhéwé. Liwat organisasiné, Yéhuwah mènèhi sarana sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé persiapan. Saka aplikasi JW Library®, awaké dhéwé isa download wacan-wacan sing disinaoni ing perangkat elektronik. Terus, awaké dhéwé isa maca utawa ngrungokké artikel sing disinaoni kapan waé lan ing endi waé. Ana sedulur-sedulur sing nggunakké aplikasi kuwi wektu istirahat ing sekolahan, ing panggonan kerja, utawa wektu ing perjalanan. Bèn isa luwih ngerti topik-topik sing lagi disinaoni, awaké dhéwé ya isa riset nggunakké Watchtower Library lan PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting.

Kapan awaké dhéwé isa nyedhiakké wektu kanggo nggawé persiapan? (Deloken paragraf 14-16) *

17. (a) Apa sebabé perlu nyiapké komentar luwih saka siji? (b) Apa sing isa disinaoni saka video Dadi Kancané Yéhuwah—Siapna Jawabanmu?

17 Nèk isa, siapna komentar luwih saka siji. Apa sebabé? Sedulur liya mungkin ya ngacung kanggo mènèhi komentar ing paragraf sing padha, lan sing mandhu isa waé milih sedulur liya senajan awaké dhéwé ya ngacung. Sing mandhu ya nduwé tanggung jawab bèn acarané isa rampung tepat waktu. Mula, dhèwèké isa waé ora milih kabèh sedulur sing ngacung kanggo mènèhi komentar. Dadi, awaké dhéwé ora perlu gela nèk ora langsung ditunjuk. Nèk wis nyiapké komentar luwih saka siji, awaké dhéwé isa nduwé luwih akèh kesempatan kanggo mènèhi komentar. Terus, maca ayat kuwi ya klebu mènèhi komentar. Ning, awaké dhéwé kudu ngupaya nyiapké komentar nganggo kata-katané awaké dhéwé. *

18. Apa sebabé mènèhi komentar sing singkat kuwi penting?

18 Wènèhana komentar sing singkat. Biasané komentar sing nguwatké kuwi singkat lan sederhana. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya mènèhi komentar sing singkat, ora luwih saka 30 detik. (WB. 10:19; 15:23) Awaké dhéwé perlu dadi conto soal mènèhi komentar sing singkat. Apa sebabé kuwi penting? Nèk komentaré awaké dhéwé dawa, para sedulur liya isa dadi wedi mènèhi komentar merga mikir nèk dhèwèké ora isa mènèhi komentar sing dawa. Ning, nèk komentaré awaké dhéwé singkat, para sedulur liya dadi nduwé kesempatan kanggo mènèhi komentar. Wektu ditunjuk pertama kanggo njawab pitakonan paragraf, awaké dhéwé kudu mènèhi komentar sing langsung njawab pitakonané. Aja mborong komentar saka paragraf sing lagi dirembug. Nèk pitakonan paragrafé wis dijawab, awaké dhéwé isa ngomentari sing liyané.​—Deloken kothak ” Sing Isa Dikomentari”.

19. Piyé carané sing mandhu isa mbantu awaké dhéwé, ning apa sing kudu ditindakké?

19 Omonga karo sing mandhu nèk arep mènèhi komentar kanggo salah siji paragraf. Awaké dhéwé isa ngomong karo sing mandhu sakdurungé perhimpunan dimulai. Pas pitakonan paragrafé disebutké, awaké dhéwé kudu cepet-cepet ngacung bèn ditunjuk karo sing mandhu.

20. Apa sebabé perhimpunan kuwi isa diumpamakké kaya acara ramah tamah?

20 Perhimpunan kuwi isa diumpamakké kaya acara ramah tamah karo para sedulur. Piyé tanggepané awaké dhéwé nèk diundang ing acara ramah tamah lan dikongkon nggawa panganan? Awaké dhéwé mungkin dadi bingung. Ning, awaké dhéwé mesthi ngupaya nggawa panganan sing isa dinikmati karo kabèh sing teka. Yéhuwah wis ngundang awaké dhéwé lan wis nyiapké akèh wulangan ing perhimpunan. (Ms. 23:5; Mat. 24:45) Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé mènèhké sing paling apik senajan kuwi mung sederhana. Dadi, awaké dhéwé perlu ngupaya nggawé persiapan lan mènèhi komentar sing luwih akèh. Nèk kaya ngono, awaké dhéwé ora mung nampa wulangan saka Yéhuwah ning ya isa nguwatké para sedulur ing perhimpunan.

LAGU 2 Yéhuwah Asma-Mu

^ par. 5 Kaya Daud, awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah lan seneng muji Dhèwèké. Awaké dhéwé isa nduduhké rasa sayang kuwi wektu mènèhi komentar ing perhimpunan. Ning, awaké dhéwé mungkin ngrasa wedi kanggo mènèhi komentar. Nèk kaya ngono, artikel iki isa mbantu awaké dhéwé ngerti penyebabé lan carané ngatasi rasa wedi kuwi.

^ par. 17 Setèlen video Dadi Kancané Yéhuwah—Siapna Jawabanmu sing ana ing www.pr418.com/jv. Deloken ing PUBLIKASI > VIDEO > BOCAH-BOCAH.

^ par. 63 GAMBAR: Para sedulur seneng mènèhi komentar wektu rembugan Warta Penting.

^ par. 65 GAMBAR: Para sedulur sing ana ing gambar halaman 9. Senajan keadaané béda-béda, para sedulur kuwi ngupaya nggawé persiapan bèn isa mènèhi komentar ing rembugan Warta Penting.