Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 6

Tetepa Setya marang Yéhuwah

Tetepa Setya marang Yéhuwah

”Nganti aku mati, aku bakal tetep setya marang Allah.”​—AY. 27:5, Terjemahan Dunia Baru (NWT).

LAGU 34 Ngabdi Setya-Tuhu

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Critakna pengalamané Seksi-Seksi Yéhuwah sing disebutké ing paragraf iki.

BAYANGNA telung peristiwa iki. (1) Ana bocah wédok sing isih sekolah. Guruné ngongkon kabèh muridé mèlu ngrayakké salah siji hari raya. Bocah kuwi ora gelem mèlu ngrayakké merga ngerti nèk perayaan kuwi ora nyenengké Yéhuwah. (2) Ana bocah lanang sing isinan lagi nginjil ing omah-omah. Dhèwèké ngerti nèk omah sakbanjuré kuwi omahé kanca sekolahé, sing senengané ngécé Seksi Yéhuwah. Senajan ngono, dhèwèké ora wedi lan tetep nginjil ing omah kuwi. (3) Ana wong lanang sing kerja kanggo nyukupi kebutuhané keluargané. Dhèwèké dikongkon karo majikané kanggo tumindak sing ora jujur utawa nglanggar hukum. Senajan isa kélangan gawéané, dhèwèké njelaské nèk ora gelem nindakké kuwi merga Gusti Allah péngin umaté tetep jujur lan manut karo hukum.​—Rm. 13:1-4; Ibr. 13:18.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug, lan apa sebabé?

2 Para sedulur kuwi nduduhké sipat kendel lan jujur. Ning, ora mung kuwi thok. Para sedulur kuwi padha-padha nduduhké sipat sing luwih berharga manèh, yaiku integritas. Para sedulur kuwi ora gelem nglanggar pathokané Yéhuwah. Yéhuwah mesthi seneng banget merga para sedulur kuwi nduduhké integritas. Awaké dhéwé mesthi ya péngin nyenengké Yéhuwah. Mula, ayo dirembug pitakonan-pitakonan iki: Apa sing dimaksud integritas? Apa sebabé awaké dhéwé perlu nduduhké integritas? Piyé carané bèn isa nduwé tékad sing luwih kuwat kanggo tetep setya senajan keadaané angèl?

INTEGRITAS KUWI APA?

3. (a) Piyé carané abdiné Yéhuwah isa nduduhké integritasé? (b) Conto apa waé sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti maksudé kata ”integritas”?

3 Kabèh abdiné Yéhuwah isa nduduhké integritas nèk nduwé katresnan sing sakwutuhé ati lan terus ngabdi mung marang Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé bakal terus nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah. Ing Alkitab, kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”integritas” maksudé yaiku lengkap, tanpa cacad, utawa wutuh. Misalé, nurut Hukum Musa, kéwan sing diwènèhké wong-wong Israèl kanggo dadi korban persembahan marang Yéhuwah kuwi kudu séhat lan tanpa cacad. (Km. 22:21, 22) Wong-wong Israèl ora éntuk mènèhké kéwan sing pincang, wuta, utawa lara. Dadi, Yéhuwah mung gelem nampa korban sing lengkap, wutuh, lan ora cacad. (Ml. 1:6-9) Kuwi kaya wektu awaké dhéwé tuku buah, buku, utawa peralatan. Awaké dhéwé mesthi ora seneng nèk éntuk buah sing bosok utawa cuwil, buku sing halamané ora lengkap, utawa peralatan sing ora wutuh. Awaké dhéwé mesthi péngin éntuk barang sing wutuh. Yéhuwah ya péngin rasa tresna lan kasetyané awaké dhéwé marang Dhèwèké kuwi lengkap, tanpa cacad, lan wutuh.

4. (a) Apa sebabé awaké dhéwé ora kudu dadi sampurna bèn isa nduduhké integritas? (b) Nurut Jabur 103:12-14, Yéhuwah ora njaluk apa saka awaké dhéwé?

4 Awaké dhéwé mungkin rumangsa wis nindakké akèh kesalahan. Ning, apa awaké dhéwé kudu dadi sampurna bèn isa nduduhké integritas? Ora. Apa sebabé? Pertama, Yéhuwah ora terus ngéling-éling kesalahané awaké dhéwé. Alkitab kandha, ”Dhuh Yéhuwah, manawi Paduka ngènget-ènget dhateng durakaning [”kesalahané”, NWT] tiyang, dhuh Pangéran, sinten ingkang saged lestantun [”sapa sing isa tahan”, NWT]?” (Ms. 130:3) Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé ora sampurna lan seneng ngapurani awaké dhéwé. (Ms. 86:5) Keloro, Yéhuwah ngerti keterbatasané awaké dhéwé lan ora njaluk apa sing luwih saka kemampuané awaké dhéwé. (Wacanen Jabur 103:12-14.) Dadi, apa sing dimaksud lengkap, tanpa cacad, lan wutuh?

5. Apa sebabé para abdiné Yéhuwah isa nduduhké integritas nèk nduwé katresnan?

5 Para abdiné Yéhuwah isa nduduhké integritas nèk nduwé katresnan. Dadi, sing kudu lengkap, tanpa cacad, lan wutuh kuwi katresnan lan pengabdiané awaké dhéwé marang Yéhuwah. Nèk nduwé katresnan sing kaya ngono, awaké dhéwé bakal tetep setya marang Yéhuwah senajan ngalami ujian. (1 Bb. 28:9; Mat. 22:37) Pikirna manèh pengalamané para sedulur sing dicritakké mau. Apa bocah wédok kuwi pancèn ora gelem seneng-seneng ing sekolahan? Apa bocah lanang kuwi péngin diécé ing omahé kancané? Apa sedulur lanang kuwi péngin kélangan gawéané? Mesthiné ora, ta? Para sedulur kuwi ngerti nèk pathokané Yéhuwah kuwi bener lan péngin terus nyenengké Yéhuwah. Merga nresnani Yéhuwah, para sedulur kuwi mikirké pandhangané Yéhuwah sakdurungé nggawé keputusan. Kuwi kabèh nduduhké nèk para sedulur mau nduwé integritas.

APA SEBABÉ PERLU NDUWÉ INTEGRITAS?

6. (a) Apa sebabé integritas kuwi penting? (b) Apa sebabé Adam lan Hawa gagal nduduhké integritasé?

6 Apa sebabé integritas kuwi penting? Merga ana malaékat jahat sing nantang Yéhuwah lan manungsa. Malaékat kuwi mbrontak ing taman Èden, lan akhiré disebut Sétan, utawa ”Sing Nglawan”. Sétan nudhuh nèk Yéhuwah kuwi Penguasa sing ora apik, égois, lan ora jujur. Sayangé, Adam lan Hawa milih ndhukung Sétan lan mbrontak nglawan Yéhuwah. (Pd. 3:1-6) Sakjané, Adam lan Hawa nduwé akèh kesempatan kanggo nduduhké rasa tresnané marang Yéhuwah ing taman Èden. Ning, wektu ana tantangan saka Sétan, katresnané Adam lan Hawa dadi cacad, ora lengkap, lan ora wutuh. Dadi, apa ana manungsa sing bakal terus setya lan tresna marang Yéhuwah? Apa manungsa pancèn isa nduduhké integritasé? Pengalamané Ayub isa njawab pitakonan kuwi.

7. Kaya sing dicritakké ing Ayub 1:8-11, piyé pandhangané Yéhuwah lan Sétan soal kasetyané Ayub?

7 Ayub urip wektu bangsa Israèl ana ing Mesir. Wektu kuwi, ora ana manungsa sing nduwé integritas kaya Ayub. Ayub ya ora sampurna lan isa nggawé kesalahan. Ning, Yéhuwah tresna karo Ayub merga Ayub tetep setya. Kétoké, Sétan wis tau ngomong nèk ora bakal ana manungsa sing tetep setya. Dadi, Yéhuwah ngandhani Sétan nèk Ayub terus setya marang Yéhuwah, lan kuwi mbuktèkké nèk omongané Sétan ora bener. Mula, Sétan péngin nguji kasetyané Ayub. Yéhuwah yakin nèk Ayub bakal tetep setya lan mènèhi Sétan kesempatan kanggo nguji Ayub.​—Wacanen Ayub 1:8-11.

8. Apa waé sing ditindakké Sétan kanggo nyerang Ayub?

8 Sétan kuwi kejem lan tukang matèni. Sétan nggawé Ayub kélangan kabèh bandhané, matèni akèh pembantuné, lan ngrusak reputasiné. Sétan ya nyerang keluargané Ayub lan matèni sepuluh anaké. Terus, Sétan nggawé Ayub lara bisul sing parah saka sirah nganti tlapakané. Saking putus asa lan sedhihé, bojoné Ayub ngongkon Ayub nyumpahi Gusti Allah lan mati. Ayub dhéwé ya péngin mati. Ning, Ayub tetep setya marang Yéhuwah. Sétan ora nyerah. Dhèwèké nggunakké wong lanang telu sing mauné dadi kancané Ayub kanggo nudhuh lan ngèlèk-èlèk Ayub. Wong telu kuwi ya nudhuh nèk Yéhuwah sing nggawé Ayub sengsara lan wis ora perduli manèh karo integritasé Ayub. Malah, wong-wong kuwi kandha nèk Ayub jahat lan pantes dihukum.​—Ay. 1:13-22; 2:7-11; 15:4, 5; 22:3-6; 25:4-6.

9. Senajan ngalami kesusahan, ning apa sing ditindakké Ayub?

9 Piyé tanggepané Ayub wektu ngalami kesusahan? Ayub kuwi ya ora sampurna. Ayub nesu karo kanca-kancané lan akhiré ngomong tanpa dipikir dhisik. Ayub luwih péngin mbuktèkké nèk dhèwèké kuwi adil lan bener, ketimbang mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi sing adil lan bener. (Ay. 6:3; 13:4, 5; 32:2; 34:5) Senajan ngono, Ayub ora gelem ninggalké Yéhuwah lan ora gelem percaya karo omongané kanca-kancané mau. Ayub kandha, ”Kowé kabèh kuwi ora mungkin bener. Nganti aku mati, aku bakal tetep setya marang Allah.” (Ay. 27:5, NWT) Kata-kata kuwi mbuktèkké nèk Ayub nduwé tékad kanggo tetep setya. Kaya Ayub, awaké dhéwé ya isa tetep setya marang Yéhuwah.

10. Apa sebabé tudhuhané Sétan kuwi ora mung kanggo Ayub, ning ya kanggo awaké dhéwé?

10 Tudhuhané Sétan kuwi ora mung kanggo Ayub. Sétan ya nudhuh awaké dhéwé ora tenanan nresnani Yéhuwah lan ora isa setya nèk ana masalah. (Ay. 2:4, 5; Why. 12:10) Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé lara ati. Ning, Yéhuwah ngijinké Sétan nguji awaké dhéwé merga percaya nèk awaké dhéwé isa tetep setya. Yéhuwah mènèhi kesempatan kanggo mbuktèkké nèk omongané Sétan kuwi ora bener. Yéhuwah ya janji nèk arep mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep setya. (Ibr. 13:6) Awaké dhéwé mesthi seneng merga dipercaya karo Yéhuwah. Dadi, tetep setya marang Yéhuwah kuwi penting banget merga isa mbuktèkké nèk Sétan kuwi ngapusi. Awaké dhéwé ya isa mbéla jenengé Yéhuwah lan haké kanggo mréntah. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa tetep setya?

CARANÉ BÈN ISA NJAGA INTEGRITAS

11. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Ayub?

11 Sétan terus ngupaya nyerang awaké dhéwé ”ing dina-dina pungkasan” iki. (2 Tim. 3:1) Saka pengalamané Ayub, awaké dhéwé isa sinau carané njaga integritas senajan keadaané angèl. Sakdurungé ana tantangan, Ayub wis nduduhké nèk dhèwèké tetep setya marang Yéhuwah. Saiki, gatèkna telung bab sing isa disinaoni saka pengalamané Ayub. Kuwi isa nguwatké tékadé awaké dhéwé kanggo tetep setya marang Yéhuwah.

Piyé carané bèn awaké dhéwé nduwé tékad sing luwih kuwat kanggo njaga integritas? (Deloken paragraf 12) *

12. (a) Kaya sing disebutké ing Ayub 26:7, 8, 14, apa sebabé Ayub isa luwih nresnani Yéhuwah? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Ayub?

12 Nggatèkké kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah nggawé Ayub dadi luwih nresnani Yéhuwah. Ayub seneng ngrenungké ciptaané Yéhuwah. (Wacanen Ayub 26:7, 8, 14) Ayub ngakoni nèk dhèwèké mung ngerti sithik soal ciptaané Yéhuwah. Ning, Ayub kagum wektu mikirké ciptaané Yéhuwah, kaya bumi, langit, awan, lan gludhug. Ayub ya nganggep préntah-préntahé Yéhuwah berharga. Ayub kandha, ”Dhawuhing lésané daksimpen ing sajroning atiku.” (Ay. 23:12) Kuwi kabèh nggawé Ayub luwih nresnani Yéhuwah lan péngin nyenengké Dhèwèké. Hasilé, Ayub nduwé tékad kanggo tetep setya marang Yéhuwah. Awaké dhéwé perlu niru Ayub. Awaké dhéwé saiki isa ngerti luwih akèh soal ciptaané Yéhuwah ketimbang wong-wong ing jamané Ayub. Awaké dhéwé ya isa luwih kenal Yéhuwah merga wis ana Alkitab. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé luwih ngajèni Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya dadi luwih nresnani Yéhuwah lan nduwé tékad kanggo terus manut lan njaga integritas.​—Ay. 28:28.

Nèk nduwé integritas, awaké dhéwé bakal nolak pornografi (Deloken paragraf 13) *

13-14. (a) Nurut Ayub 31:1, apa buktiné Ayub manut karo Yéhuwah? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa niru contoné Ayub?

13 Ayub isa njaga integritas merga terus manut karo Yéhuwah. Awaké dhéwé isa nduwé tékad sing luwih kuwat kanggo tetep setya, nèk terus manut marang Yéhuwah. Bèn isa tetep setya, Ayub ngupaya terus manut karo Yéhuwah saben dina. Misalé, Ayub nduwé tékad ora bakal nyawang wong wédok nganti nduwé nafsu. (Wacanen Ayub 31:1.) Ayub wis nduwé bojo, dadi dhèwèké ngerti nèk nggodha wong wédok liya kuwi ora pantes. Saiki, awaké dhéwé urip ing donya sing bobrok moralé. Dadi, awaké dhéwé perlu nduwé tékad kaya Ayub, yaiku ora nduduhké perhatian sing khusus marang wong liya sing dudu bojoné awaké dhéwé. Awaké dhéwé kuduné ya langsung nolak nèk ana gambar-gambar saru utawa pornografi. (Mat. 5:28) Nèk terus ngupaya ngendhalèni dhiri, awaké dhéwé bakal isa njaga integritas.

Nèk nduwé integritas, awaké dhéwé bakal nduwé pandhangan sing bener soal bandha (Deloken paragraf 14) *

14 Ayub ya manut karo pathokané Yéhuwah soal bandha. Ayub ora ngutamakké bandha, merga ngerti nèk kuwi isa nggawé dhèwèké tumindak dosa lan akhiré éntuk hukuman. (Ay. 31:24, 25, 28) Akèh wong saiki seneng mburu bandha. Mula, bèn isa tetep setya marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu manut karo pathokané Alkitab soal dhuwit lan bandha.​—WB. 30:8, 9; Mat. 6:19-21.

Nèk nduwé integritas, awaké dhéwé bakal terus mikirké harapan ing masa depan (Deloken paragraf 15) *

15. (a) Apa sing nggawé Ayub isa njaga integritasé? (b) Apa sebabé awaké dhéwé perlu terus mikirké berkah-berkah sing dijanjèkké Yéhuwah?

15 Ayub isa njaga integritasé merga terus mikirké berkah-berkah sing dijanjèkké Yéhuwah. Ayub yakin nèk Yéhuwah perduli marang integritasé. (Ay. 31:6) Senajan ngadhepi kesusahan, Ayub percaya nèk Yéhuwah bakal mberkahi dhèwèké. Hasilé, Ayub isa tetep setya lan kuwi nyenengké Yéhuwah. Integritasé Ayub nyenengké Yéhuwah. Mula, Yéhuwah mènèhi akèh berkah marang Ayub, senajan Ayub isih ora sampurna. (Ay. 42:12-17; Yak. 5:11) Ayub ya bakal éntuk berkah sing luwih gedhé ing masa depan. Apa njenengan yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong sing tetep setya? Yéhuwah kuwi ora berubah. (Ml. 3:6) Awaké dhéwé isa tetep setya nèk terus mikirké berkah-berkah sing dijanjèkké Yéhuwah kanggo wong-wong sing terus njaga integritasé.​—1 Tés. 5:8, 9.

16. Awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo nindakké apa?

16 Awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo tetep setya marang Yéhuwah. Mungkin awaké dhéwé ngrasa nèk akèh sing ora tetep setya. Ning, sakjané ana jutaan wong sing isa tetep setya ing jaman mbiyèn lan saiki, senajan ngadhepi ancaman kematian. (Ibr. 11:36-38; 12:1) Awaké dhéwé perlu nduwé tékad sing padha karo Ayub sing kandha, ”Aku bakal tetep setya marang Allah.” Integritasé awaké dhéwé ya isa ngluhurké Yéhuwah nganti saklawasé.

LAGU 124 Tetep Setya

^ par. 5 Salah siji sipat sing dianggep berharga karo Yéhuwah yaiku tetep setya, utawa integritas. Apa sebabé? Apa sing dimaksud integritas kuwi? Apa sebabé sipat kuwi penting? Jawabané Alkitab kanggo pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki. Awaké dhéwé ya bakal sinau piyé carané bèn isa nduwé tékad sing luwih kuwat kanggo tetep setya marang Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé bakal éntuk akèh berkah saka Yéhuwah.

^ par. 49 GAMBAR: Ayub lagi mulang anak-anaké soal ciptaané Yéhuwah sing luar biasa.

^ par. 51 GAMBAR: Sedulur lanang sing ora gelem wektu dijak kanca kerjané ndelok pornografi.

^ par. 53 GAMBAR: Sedulur lanang ora gelem tuku TV sing luwih gedhé merga regané kelarangen lan kuwi ora dibutuhké.

^ par. 55 GAMBAR: Sedulur lanang ngrenungké harapan ing Firdaus.