Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 7

Nduduhké Watak sing Alus lan Nyenengké Yéhuwah

Nduduhké Watak sing Alus lan Nyenengké Yéhuwah

”Hé, sakèhé wong ing nagara kang andhap-asor, . . . padha ngupayaa Panjenengané, . . . ngupayaa andhap-asor [”watak sing alus”, Terjemahan Dunia Baru (NWT)].”​ZF. 2:3.

LAGU 80 Rasakna Kabecikané Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Musa kuwi wong sing kaya apa, lan apa sing wis Musa tindakké? (b) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya bèn nduwé watak sing alus?

ALKITAB kandha nèk Musa kuwi wong sing ”luwih déning alus bebudèné, ngungkuli sakèhé wong ing salumahé bumi”. (Wi. 12:3) Apa Musa kuwi wong sing lemah, ora tegas, lan wedi karo wong liya? Ana sing nganggep nèk wong sing wataké alus kuwi kaya ngono. Ning, kuwi ora bener. Musa kuwi abdiné Allah sing kuwat, tegas, lan kendel. Yéhuwah wis tau mbantu Musa ngadhepi raja Mesir, mimpin kira-kira telung juta wong ngliwati padang gurun, lan mimpin bangsa Israèl ngalahké mungsuh-mungsuhé.

2 Awaké dhéwé ora ngalami masalah kaya sing dialami Musa. Ning, saben dina ana akèh tantangan kanggo nduduhké watak sing alus. Senajan ngono, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn nduwé watak sing alus merga Yéhuwah janji nèk ”wong kang andhap-asor [”wataké alus”, NWT] iku bakal padha olèh warisan bumi”. (Ms. 37:11) Apa njenengan nduwé watak sing alus? Apa wong liya ya isa ndelok kuwi? Sakjané, apa maksudé nduwé watak sing alus?

WATAK SING ALUS KUWI APA?

3-4. (a) Watak sing alus kuwi isa diumpamakké kaya apa? (b) Sipat-sipat apa waé sing perlu diupayakké bèn isa nduwé watak sing alus, lan apa sebabé?

3 Watak sing alus * kuwi isa diumpamakké kaya lukisan sing apik. Kok isa? Pelukis biasané nggabungké macem-macem werna sing apik wektu nglukis. Awaké dhéwé ya perlu nggabungké sipat-sipat sing apik bèn isa nduduhké watak sing alus. Contoné yaiku rendah hati, gelem manut, apikan, lan kendel. Apa sebabé awaké dhéwé perlu nduduhké sipat-sipat kuwi nèk péngin nyenengké Yéhuwah?

4 Mung wong-wong sing rendah hati sing gelem manut karo préntahé Yéhuwah. Salah siji préntahé Yéhuwah yaiku awaké dhéwé kudu dadi wong sing apikan. (Mat. 5:5; Gal. 5:22) Nèk awaké dhéwé manut karo Gusti Allah, Sétan ora seneng. Dadi, Sétan nggunakké wong-wong kanggo nyengiti awaké dhéwé. (Yoh. 15:18, 19) Mula, awaké dhéwé perlu nduwé sipat kendel kanggo nglawan Sétan.

5-6. (a) Apa sebabé Sétan sengit karo wong sing wataké alus? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

5 Wong sing wataké ora alus kuwi biasané sombong, senengané nesu-nesu, lan ora manut karo Yéhuwah. Kuwi sipat-sipat sing diduwèni Sétan. Mula, Sétan sengit karo wong sing wataké alus, merga wong-wong kuwi isa nduduhké nèk Sétan ora nduwé sipat-sipat sing apik. Wong sing wataké alus ya isa mbuktèkké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi, merga wong kuwi bakal tetep ngabdi marang Yéhuwah senajan ana tantangan.​—Ay. 2:3-5.

6 Apa waé tantangané kanggo nduduhké watak sing alus? Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn nduwé sipat kuwi? Kanggo njawab pitakonan kuwi, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Musa, wong telu Ibrani sing ditawan ing Babilon, lan Yésus.

APA WAÉ TANTANGANÉ?

7-8. Piyé tanggepané Musa wektu ana sing ora ngajèni dhèwèké?

7 Nèk nduwé wewenang: Wong sing nduwé wewenang isa waé ora gampang nduduhké watak sing alus, apa manèh nèk wong liya ora ngajèni utawa ora setuju karo keputusané. Apa njenengan tau ngalami kuwi? Piyé nèk sing ora ngajèni utawa ora setuju kuwi keluargané njenengan dhéwé? Piyé tanggepané njenengan? Gatèkna contoné Musa.

8 Yéhuwah milih Musa dadi pemimpiné Israèl lan nulis hukum kanggo bangsa kuwi. Yéhuwah mesthi ndhukung Musa. Ning, Miriam lan Harun, seduluré Musa dhéwé, malah nglawan Musa lan ora setuju karo bojo sing dipilih Musa. Nèk wong liya sing ngalami kaya ngono, mungkin isa dadi nesu lan péngin mbales. Ning, Musa ora langsung nesu. Dhèwèké malah njaluk tulung karo Yéhuwah kanggo marèkké Miriam saka penyakit kusta sing dadi hukumané. (Wi. 12:1-13) Apa sebabé Musa isa kaya ngono?

Musa njaluk tulung karo Yéhuwah kanggo marèkké Miriam saka penyakit kusta sing dadi hukumané (Deloken paragraf 8)

9-10. (a) Yéhuwah nglatih Musa bèn ngerti apa? (b) Para pinituwa lan kepala keluarga isa sinau apa saka contoné Musa?

9 Musa gelem dilatih karo Yéhuwah. Wektu isih dadi bagéan saka keluarga kerajaan Mesir, Musa dudu wong sing wataké alus. Malah, dhèwèké tau nesu nganti matèni wong sing dianggep tumindak ora adil. Musa nganggep nèk Yéhuwah setuju karo tumindaké kuwi. Mula, Yéhuwah nglatih Musa nganti 40 taun. Yéhuwah mbantu Musa ngerti nèk dhèwèké ora mung perlu kendel, ning ya kudu nduwé watak sing alus kanggo mimpin bangsa Israèl. Bèn isa nduwé watak sing alus, Musa ya perlu rendah hati, gelem manut, lan apikan. Musa gelem dilatih Yéhuwah lan akhiré dadi pemimpin sing apik.​—Pa. 2:11, 12; Kis. 7:21-30, 36.

10 Para pinituwa lan kepala keluarga perlu niru Musa. Aja dadi gampang nesu nèk ana sing ora ngajèni. Para pinituwa lan kepala keluarga kudu ngrumangsani nèk dhèwèké ya isa nggawé kesalahan. (Ko. 7:9, 20) Wong-wong sing nduwé wewenang perlu manut karo arahané Yéhuwah kanggo ngatasi masalah lan terus nganggo cara sing apikan wektu omongan. (WB. 15:1) Kuwi kabèh isa nyenengké Yéhuwah, nggawé rukun, lan dadi conto kanggo nduduhké watak sing alus.

11-13. Apa sing isa disinaoni saka contoné wong telu Ibrani?

11 Nèk dianiaya: Kèt mbiyèn, umaté Yéhuwah kerep dianiaya karo para penguasa. Merga milih ”luwih manut marang Gusti Allah ketimbang marang manungsa”, awaké dhéwé mungkin ditudhuh nindakké ”kejahatan”. (Kis. 5:29) Ning, awaké dhéwé ora bakal mbales senajan diécé, dipenjara, utawa dianiaya. Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep nduduhké watak sing alus.

12 Saiki gatèkna contoné wong-wong Ibrani sing ditawan ing Babilon, yaiku Hanania, Misyaèl, lan Azaria. * Raja Babilon ngongkon wong telu kuwi sujud ing ngarepé patung emas sing gedhé. Nèk ora gelem sujud, wong-wong kuwi bakal diobong. Ning, wong telu kuwi pilih tetep manut marang Yéhuwah lan njelaské nganggo cara sing alus marang raja nèk ora gelem sujud ing ngarepé patung. Wong telu kuwi lila lan pasrah karo Yéhuwah senajan ora nyangka nèk Yéhuwah bakal langsung nylametké. (Dn. 3:1, 8-28) Kuwi nduduhké nèk wong sing wataké alus ya nduwé sipat kendel. Senajan ana sing ngancam lan ngukum, utawa ana penguasa sing ngongkon awaké dhéwé nglanggar hukumé Yéhuwah, awaké dhéwé bakal tetep ngabdi mung marang Yéhuwah.​—Pa. 20:4, 5.

13 Piyé carané niru wong telu Ibrani kuwi? Wektu ngadhepi tantangan, awaké dhéwé perlu tetep rendah hati lan yakin nèk Yéhuwah bakal nulungi. (Ms. 118:6, 7) Awaké dhéwé bakal tetep ngajèni lan nggunakké cara sing alus wektu njawab wong sing nentang. (1 Ptr. 3:15) Awaké dhéwé ya ora gelem nindakké apa waé sing isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

Awaké dhéwé bakal tetep ngajèni wektu njawab wong-wong sing nentang (Deloken paragraf 13)

14-15. (a) Apa sing isa waé awaké dhéwé tindakké wektu lagi strès? (b) Nurut Yésaya 53:7, 10, apa sebabé Yésus isa dadi conto sing paling unggul soal nduduhké watak sing alus wektu ngalami strès?

14 Nèk ngalami strès: Awaké dhéwé mesthi tau ngalami strès. Mungkin awaké dhéwé strès merga ana ujian sekolah utawa tugas ing gawéan. Awaké dhéwé ya isa strès merga kudu nglakoni perawatan keséhatan. Nèk lagi strès, ora gampang kanggo nduduhké watak sing alus. Isa waé awaké dhéwé dadi gampang nesu, padahal biasané ora ngono. Omongané awaké dhéwé ya isa waé dadi kasar lan nylekit. Nèk njenengan lagi ngalami strès, tirunen contoné Yésus.

15 Pirang-pirang sasi sakdurungé mati, Yésus ya strès banget. Yésus ngerti nèk dhèwèké bakal ngalami sengsara lan dihukum mati. (Yoh. 3:14, 15; Gal. 3:13) Wektu kuwi, Yésus kandha nèk atiné ngrasa susah. (Luk. 12:50) Pirang-pirang dina sakdurungé mati, Yésus ya kandha, ”Aku susah banget.” Yésus nduduhké sipat rendah hati lan gelem manut karo Yéhuwah wektu ndonga, ”Bapak, slametna aku saka mangsa susah iki. Nanging, aku teka pancèn kanggo ngadhepi mangsa susah iki. Bapak, luhurna asma Panjenengan.” (Yoh. 12:27, 28) Bar kuwi, Yésus nduduhké sipat kendelé wektu arep ditangkap karo para mungsuh sing bakal nyiksa lan ngukum mati dhèwèké. Senajan lagi strès lan sengsara, Yésus tetep nduduhké watak sing alus lan nindakké kersané Yéhuwah. Yésus pancèn dadi conto sing paling unggul soal nduduhké watak sing alus wektu ngalami strès.​—Wacanen Yésaya 53:7, 10.

Yésus dadi conto sing paling unggul soal nduduhké watak sing alus (Deloken paragraf 16-17) *

16-17. (a) Apa sing ditindakké para muridé Yésus sing isa waé nggawé Yésus dadi jèngkèl? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus?

16 Bengi sakdurungé mati, Yésus mesthi strès banget. Nèk dhèwèké ora tetep setya nganti mati, ora ana manungsa sing nduwé harapan urip saklawasé. (Rm. 5:18, 19) Sakliyané kuwi, apa sing Yésus tindakké ya ana pengaruhé kanggo jenengé Yéhuwah. (Ay. 2:4) Wektu Yésus lagi ngalami strès, kanca-kanca cedhaké dhéwé, yaiku para rasulé, malah ”padha bebantahan bab sapa sing paling penting ing antarané murid-murid”. Padahal, Yésus wis ping bola-bali ngandhani para muridé bèn ora tumindak kaya ngono. Malah, ing dina kuwi Yésus ya wis ngandhani para muridé soal sipat rendah hati. Ning, Yésus ora dadi jèngkèl. Yésus njelaské manèh nganggo cara sing tegas, ning tetep apikan. Terus, Yésus ya ngalem para muridé sing tetep setya karo dhèwèké.​—Luk. 22:24-28; Yoh. 13:1-5, 12-15.

17 Apa sing njenengan tindakké nèk ngalami situasi kaya ngono? Awaké dhéwé isa niru Yésus lan tetep nduduhké watak sing alus senajan lagi strès. Terusa manut karo préntahé Yéhuwah yaiku ”terusa sabar . . . marang siji lan sijiné”. (Kol. 3:13) Bèn isa sabar, awaké dhéwé kudu éling nèk isa waé ana omongan utawa tumindaké awaké dhéwé sing isa nggawé wong liya jèngkèl. (WB. 12:18; Yak. 3:2, 5) Awaké dhéwé ya perlu ngupaya kanggo ngalem sipat-sipat apiké wong liya.—Éf. 4:29.

APA SEBABÉ KUDU TERUS NGUPAYA NDUWÉ WATAK SING ALUS?

18. Piyé carané Yéhuwah mbantu wong sing wataké alus nggawé keputusan sing apik, lan apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

18 Bèn isa nggawé keputusan sing apik. Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing apik, ning syaraté awaké dhéwé kudu nduwé watak sing alus. Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ngrungokké ”panyuwuné wong sing wataké alus”. (Ms. 10:17, NWT) Ning, ora mung kuwi thok. Alkitab kandha, ”Wong kang lembah manah [”nduwé watak sing alus”, NWT] padha dituntun lakuné ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi marginé.” (Ms. 25:9) Yéhuwah nuntun awaké dhéwé nganggo Alkitab, publikasi *, video, lan acara perhimpunan sing wis disedhiakké liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45-47) Awaké dhéwé kudu ngrumangsani nèk mbutuhké bantuan. Mula, awaké dhéwé perlu sinau lan ngetrapké apa sing wis diwulangké Yéhuwah.

19-21. Musa nggawé kesalahan apa wektu ing Kadès, lan apa sing isa disinaoni saka crita kuwi?

19 Bèn ora nindakké kesalahan. Nganti puluhan taun, Musa isa nduduhké watak sing alus lan nyenengké Yéhuwah. Ning, sakwisé mèh 40 taun ngliwati padang belantara, Musa malah gagal nduduhké watak sing alus. Seduluré wédok, sing kétoké nylametké Musa mbiyèn wektu ing Mesir, lagi waé mati lan dikubur ing Kadès. Wektu kuwi, wong-wong Israèl ”padha nglawan marang Musa” lan sambat manèh merga ora ana banyu. Padahal, wong-wong kuwi wis ndelok kabèh mukjijaté Yéhuwah liwat Musa lan Musa wis suwé dadi pemimpin sing apik. Ning, saiki wong-wong kuwi padha sambat lan nyalahké Musa.​—Wi. 20:1-5, 9-11.

20 Musa dadi nesu lan ora nduduhké watak sing alus manèh. Musa ora manut wektu Yéhuwah ngongkon dhèwèké ngomong karo watu sakdurungé Yéhuwah ngetokké banyu saka watu kuwi. Musa malah nesu marang wong-wong Israèl lan kandha nèk dhèwèké sing bakal ngetokké banyu. Terus, Musa nggebug watu kuwi ping pindho lan ana banyu sing metu saka kono. Musa nggawé kesalahan sing gedhé merga nesu lan ora rendah hati. (Ms. 106:32, 33) Akibaté, Musa ora éntuk mlebu ing Tanah Perjanjian.​—Wi. 20:12.

21 Apa sing isa disinaoni saka crita kuwi? Pertama, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn tetep nduwé watak sing alus. Nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa dadi sombong, terus akhiré ngomong lan tumindak tanpa dipikir. Keloro, awaké dhéwé isa waé angèl nduduhké watak sing alus nèk lagi strès. Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan bèn tetep nduwé watak sing alus senajan lagi ngadhepi masalah.

22-23. (a) Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus ngupaya nduwé watak sing alus? (b) Apa sing isa disinaoni saka Zéfanya 2:3?

22 Bèn isa dilindhungi karo Yéhuwah. Ora suwé manèh Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh wong jahat. Mung wong-wong sing wataké alus sing bakal tetep ana. Bumi bakal bener-bener dadi ayem tentrem. (Ms. 37:10, 11) Awaké dhéwé isa dilindhungi karo Yéhuwah nèk nuruti kandhané Yéhuwah liwat Nabi Zéfanya.​—Wacanen Zéfanya 2:3.

23 Apa maksudé Zéfanya 2:3 sing kandha, ”Bokmanawa kowé bakal padha kaayoman”? Apa kuwi maksudé Yéhuwah ora sanggup nglindhungi para abdiné sing setya? Ora. Kuwi maksudé awaké dhéwé perlu ngupaya bèn isa dilindhungi. Awaké dhéwé isa dislametké saka ”dinané Pangéran Yéhuwah” lan urip saklawasé nèk ngupaya nduwé watak sing alus lan nyenengké Yéhuwah.

LAGU 120 Niru Sipat Andhap Asoré Yésus

^ par. 5 Awaké dhéwé kabèh kudu ngupaya bèn isa nduwé watak sing alus, merga kuwi dudu gawan bayi. Wektu ketemu karo wong sing apikan, awaké dhéwé mungkin gampang nduduhké watak sing alus. Ning, piyé nèk ketemu karo wong sing sombong? Artikel iki bakal ngrembug apa waé tantangané kanggo nduduhké watak sing alus lan piyé carané ngatasi kuwi.

^ par. 3 KATRANGAN: Watak sing alus. Wong sing wataké alus bakal tetep apikan karo wong liya lan ora kasar senajan ana sing isa nggawé nesu. Rendah hati. Wong sing rendah hati kuwi ora sombong lan nganggep wong liya luwih unggul ketimbang dhèwèké. Yéhuwah ya rendah hati. Senajan Yéhuwah mahakuwasa, Dhèwèké gelem nggatèkké, nresnani, lan perduli marang liyané.

^ par. 12 Wong telu Ibrani kuwi dijenengi Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo karo wong-wong Babilon.​—Dn. 1:7.

^ par. 18 Contoné, deloken artikel ”Buatlah Keputusan yang Menghormati Allah” ing Menara Pengawal 15 April 2011.

^ par. 59 GAMBAR: Yésus tetep nduduhké watak sing alus lan sabar wektu ngandhani para rasulé pas padha bebantahan soal sapa sing luwih penting.