Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 8

Apa Sebabé Perlu Nduduhké Sikap Seneng Ngajèni?

Apa Sebabé Perlu Nduduhké Sikap Seneng Ngajèni?

”Terusa ngucap sokur.”​—KOL. 3:15.

LAGU 46 Nuwun Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing ditindakké wong Samaria sing dimarèkké Yésus kanggo nduduhké rasa syukuré?

ANA wong sepuluh sing lagi lara kusta lan putus asa merga ora isa mari. Wong-wong kuwi krungu lan percaya nèk Yésus, Guru sing Agung, isa marèkké kabèh penyakit. Dadi, wektu ndelok Yésus saka kadohan, wong-wong kuwi mbengok, ”Yésus, Guru, welasana aku kabèh!” Wong sepuluh kuwi akhiré dimarèkké karo Yésus. Wong-wong kuwi mesthi ngajèni apa sing ditindakké Yésus. Saka wong sepuluh kuwi, ana siji sing ora mung nduwé rasa syukur, ning ya nduduhké nèk dhèwèké bener-bener ngajèni * Yésus. Wong sing asalé saka Samaria kuwi ”ngluhurké Gusti Allah nganggo swara seru”.​—Luk. 17:12-19.

2-3. (a) Apa sing isa waé nggawé awaké dhéwé ora nduduhké sikap seneng ngajèni? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Kaya wong Samaria kuwi, awaké dhéwé ya péngin nduduhké sikap seneng ngajèni liwat omongan utawa tumindak marang wong liya sing wis apikan. Ning, isa waé awaké dhéwé lali kanggo nindakké kuwi.

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug soal carané ngajèni wong liya lan sinau saka contoné wong-wong sing ana ing Alkitab. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sebabé kuwi penting lan apa waé sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni wong liya.

APA SEBABÉ KUDU NDUDUHKÉ SIKAP SENENG NGAJÈNI?

4-5. Apa sebabé awaké dhéwé perlu nduduhké sikap seneng ngajèni?

4 Yéhuwah mènèhi conto kanggo nduduhké nèk Dhèwèké ngajèni liyané. Salah siji buktiné yaiku Yéhuwah mberkahi wong-wong sing nyenengké Dhèwèké. (2 Sa. 22:21; Ms. 13:6; Mat. 10:40, 41) Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ’niru Gusti Allah kaya anak-anak sing ditresnani’. (Éf. 5:1) Dadi, alesan utama kanggo nduduhké sikap seneng ngajèni yaiku merga awaké dhéwé péngin niru Yéhuwah.

5 Ana alesan liyané apa sebabé awaké dhéwé perlu nduduhké sikap seneng ngajèni. Awaké dhéwé mesthi seneng wektu rumangsa diajèni. Wong liya ya isa seneng wektu awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni dhèwèké. Wong kuwi dadi ngerti nèk upayané kanggo mbantu bener-bener berharga kanggo awaké dhéwé. Hasilé, hubungané awaké dhéwé lan wong kuwi dadi tambah akrab.

6. Apa sebabé omongan sing ngajèni isa dipadhakké kaya apel emas?

6 Alkitab kandha, ”Tetembungan kang diucapaké cocog karo wektuné, iku upamané kaya apel mas ana ing pinggan salaka [utawa, pérak].” (WB. 25:11) Omongan sing ngajèni isa dipadhakké kaya apel saka emas sing didèlèhké ing piring saka pérak. Omongan sing kaya ngono isa nggawé wong liya seneng. Sakliyané kuwi, apel sing digawé saka emas isa awèt nganti suwé. Dadi, omongan sing ngajèni ya bakal dianggep berharga lan terus diéling-éling karo wong sing awaké dhéwé ajèni kuwi.

WONG-WONG SING SENENG NGAJÈNI

7. Apa sing ditindakké Daud ing Jabur 30:13, lan keturunané Asaf kanggo nduduhké rasa syukuré?

7 Akèh abdiné Yéhuwah ing jaman mbiyèn sing seneng ngajèni. Salah sijiné yaiku Daud. (Wacanen Jabur 30:13.) Daud bener-bener nganggep nèk ibadah sejati kuwi berharga. Mula, dhèwèké nyumbangké bandhané kanggo mbangun bait. Merga kagum karo pakaryané Yéhuwah, keturunané Asaf nulis mazmur, utawa lagu-lagu pujian kanggo nduduhké rasa syukuré. (Ms. 75:2) Dadi, Daud lan keturunané Asaf péngin nduduhké rasa syukuré kanggo kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah. Apa sing isa njenengan tindakké kanggo niru wong-wong kuwi?

Apa sing isa disinaoni saka suraté Paulus marang para sedulur ing Roma? (Deloken paragraf 8-9) *

8-9. Apa buktiné nèk Rasul Paulus ngajèni sedulur-sedulur seimané, lan apa hasilé?

8 Rasul Paulus ngajèni sedulur-sedulur seimané. Buktiné, Paulus kerep ngucap syukur marang Yéhuwah wektu kèlingan karo para sedulur kuwi. Wektu nulis surat kanggo jemaat, Paulus ya kandha nèk para sedulur kuwi berharga. Contoné, wektu nulis surat kanggo para sedulur ing Roma, Paulus nyebutké 27 jeneng sedulur seimané. Paulus nyebutké soal Priska lan Akuila sing ”wis ngetohké nyawané” kanggo dhèwèké. Paulus ya nyritakké nèk Fébé ”wis mbantu akèh sedulur”, klebu Rasul Paulus. Paulus sayang karo para sedulur kuwi lan ngalem kerja kerasé.​—Rm. 16:1-15.

9 Paulus ngerti nèk para sedulur kuwi ora sampurna. Ning, Paulus nggatèkké lan nulis sipat-sipat apiké para sedulur kuwi ing bagéan penutup suraté. Para sedulur kuwi mesthi ngrasa dikuwatké wektu suraté Paulus diwacakké ing jemaat. Hasilé, hubungané Paulus lan para sedulur mesthi dadi saya akrab. Apa njenengan ya seneng ngajèni para sedulur liwat omongan lan tumindak?

10. Apa sing isa disinaoni saka carané Yésus ngajèni para muridé?

10 Yésus ya nduduhké nèk dhèwèké ngajèni apa sing wis ditindakké para muridé ing Asia Kecil. Contoné, Yésus kandha marang jemaat ing Tiatira, ”Aku ngerti tumindakmu, katresnanmu, imanmu, pelayananmu, lan ketekunanmu. Aku uga ngerti nèk tumindakmu sing kèri dhéwé iki luwih apik ketimbang sing wiwitan.” (Why. 2:19) Yésus nyebutké tumindaké para sedulur sing saya suwé saya apik. Terus, Yésus ya ngalem sipat-sipat apiké. Wong-wong ing Tiatira pancèn perlu dinaséhati. Ning, Yésus ngalem dhisik sakdurungé ngekèki naséhat. Bar kuwi, Yésus ya nggedhèkké atiné para muridé. (Why. 2:25-28) Yésus nduwé wewenang dadi kepala jemaat. Yésus sakjané ora kudu ngucapké maturnuwun marang para muridé. Ning, Yésus nindakké kuwi kanggo nduduhké nèk dhèwèké ngajèni para muridé. Kuwi isa dadi conto sing apik kanggo para pinituwa.

WONG-WONG SING ORA SENENG NGAJÈNI

11. Kaya sing diduduhké ing Ibrani 12:16, piyé sikapé Ésau marang perkara-perkara suci?

11 Alkitab ya nyritakké wong-wong sing ora seneng ngajèni. Contoné, Ésau ora ngajèni perkara-perkara suci, senajan wong tuwané nresnani lan ngajèni Yéhuwah. (Wacanen Ibrani 12:16.) Apa buktiné? Tanpa dipikir dhisik, Ésau ngedol hak-haké dadi anak mbarep marang adhiné, yaiku Yakub, mung kanggo sak porsi panganan. (Pd. 25:30-34) Bar kuwi, Ésau gela banget. Ning, dhèwèké ora isa protès wektu ora éntuk berkah, merga dhèwèké wis ora ngajèni hak-haké dadi anak mbarep.

12-13. Apa buktiné nèk wong-wong Israèl wis ora ngajèni Yéhuwah, lan apa akibaté?

12 Wong-wong Israèl nduwé akèh alesan kanggo nduduhké rasa syukuré. Yéhuwah nggunakké Sepuluh Tulah kanggo mbébaské wong-wong kuwi saka Mesir. Yéhuwah ya nylametké wong-wong Israèl lan ngancurké tentara Mesir ing Laut Merah. Wong-wong kuwi seneng banget nganti nyanyèkké lagu kemenangan kanggo muji Yéhuwah. Ning, wong-wong kuwi ora terus nduduhké rasa syukuré.

13 Wektu ngadhepi tantangan, wong-wong Israèl lali lan ora ngajèni apa sing wis ditindakké Yéhuwah. (Ms. 106:7) Alkitab kandha, ”Sagolongané wong Israèl banjur padha ngedumeli [utawa, ngeluh] marang Nabi Musa lan Rama Harun.” Sakjané, wong-wong kuwi lagi nglawan Yéhuwah. (Pa. 16:2, 8) Akibaté, Yéhuwah kecéwa karo sikapé wong-wong Israèl. Yéhuwah kandha nèk wong-wong kuwi bakal mati ing padang belantara, kecuali Yosua lan Kalèb. (Wi. 14:22-24; 26:65) Dadi, sakwisé ngrembug conto-conto mau, apa sing isa awaké dhéwé tindakké?

APA SING ISA AWAKÉ DHÉWÉ TINDAKKÉ?

14-15. (a) Apa sing perlu ditindakké suami lan istri kanggo nduduhké nèk padha-padha seneng ngajèni? (b) Piyé carané wong tuwa mulang anak-anaké bèn seneng ngajèni?

14 Ing keluarga. Kabèh anggota keluarga isa éntuk manfaat nèk padha-padha seneng ngajèni. Suami istri sing seneng ngajèni bakal dadi saya akrab lan gampang ngapurani. Wong lanang sing ngajèni bojoné nggatèkké omongan lan tumindak apiké bojoné. Dhèwèké ya seneng ngalem bojoné. (WB. 31:10, 28) Terus, wong wédok sing wicaksana ya ngandhani bojoné nèk dhèwèké ngajèni apa sing wis ditindakké bojoné.

15 Wong tuwa ya perlu mulang anak-anaké bèn seneng ngajèni. Wong tuwa kudu mènèhi conto sing apik, merga anak-anak biasané seneng niru omongan lan tumindaké wong tuwané. Misalé, wong tuwa isa ngucapké maturnuwun nèk anaké wis nindakké sing apik. Wong tuwa ya isa ngajari anak-anaké kanggo ngucapké maturnuwun marang wong liya. Wong tuwa isa ngandhani nèk ngucapké maturnuwun sing tulus kuwi ana manfaaté kanggo wong liya. Contoné, ana wong wédok sing jenengé Clary kandha, ”Wektu umuré 32 taun, ibuku kudu nggedhèkké anak telu dhèwèkan. Wektu umurku dhéwé 32 taun, aku lagi ngerti nèk sing dialami ibuku kuwi ora gampang. Dadi, aku ngomong karo ibuku nèk aku ngajèni apa sing wis ditindakké ibuku kanggo aku lan sedulur-sedulurku. Durung suwé iki, ibuku kandha nèk apa sing tak omongké kuwi isa terus nggedhèkké atiné lan nggawé dhèwèké seneng.”

Wong tuwa perlu mulang anak-anaké kanggo dadi wong sing seneng ngajèni (Deloken paragraf 15) *

16. Wènèhana conto sing nduduhké nèk omongan sing ngajèni isa nguwatké wong liya.

16 Ing jemaat. Awaké dhéwé isa nguwatké para sedulur nèk seneng ngajèni para sedulur kuwi. Contoné, ana pinituwa sing umuré 28 taun sing jenengé Jorge. Dhèwèké lara parah nganti sesasi ora isa berhimpun. Senajan isa teka berhimpun manèh, dhèwèké isih ora isa nindakké tugasé ing jemaat. Jorge kandha, ”Aku ngrasa ora berharga merga ora isa nindakké tanggung jawab ing jemaat. Ning, sakwisé perhimpunan, ana sedulur sing kandha karo aku, ’Maturnuwun ya, wis dadi conto sing apik kanggo aku lan keluargaku. Aku seneng banget ngrungokké kotbah-kotbah sing wis mbok sampèkké. Kuwi kabèh nguwatké imanku lan keluargaku.’ Omongané sedulur kuwi nrenyuhké atiku lan nggawé aku nangis. Aku dadi ngrasa dikuwatké.”

17. Nurut Kolose 3:15, piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni apa sing wis disedhiakké Yéhuwah?

17 Marang Yéhuwah. Yéhuwah wis nyedhiakké akèh tuntunan lan wulangan sing bener. Contoné, Yéhuwah nuntun liwat perhimpunan, majalah-majalah, lan situs wèb Seksi Yéhuwah. Wektu ngrungokké kotbah, maca artikel, utawa nonton acara jw broadcasting, mungkin awaké dhéwé mikir, ’Iki sing tak butuhké.’ Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni apa sing wis disedhiakké Yéhuwah? (Wacanen Kolose 3:15.) Salah siji carané yaiku awaké dhéwé perlu terus ngucapké syukur marang Yéhuwah liwat donga.​—Yak. 1:17.

Awaké dhéwé perlu mèlu ngresiki Balé Ibadah kanggo nduduhké rasa syukur marang Yéhuwah (Deloken paragraf 18)

18. Apa cara liyané kanggo nduduhké rasa syukur marang Yéhuwah?

18 Awaké dhéwé ya isa nduduhké rasa syukur marang Yéhuwah nganggo cara njaga panggonan kanggo ibadah tetep resik lan rapi. Awaké dhéwé perlu mèlu ngresiki lan ngrawat Balé Ibadah. Para sedulur sing éntuk tugas ing jemaat kudu ngati-ati wektu nggunakké peralatan audio lan video bèn ora rusak. Nèk diopèni tenanan, Balé Ibadah bakal awèt lan ora gampang rusak. Dadi, awaké dhéwé isa luwih ngirit dhuwit bèn isa digunakké kanggo mbangun lan ndandani Balé Ibadah sing liya.

19. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané salah siji pinituwa wilayah lan bojoné?

19 Marang para sedulur sing wis kerja keras. Omongan sing ngajèni isa nguwatké para sedulur wektu ngadhepi tantangan ing tugasé. Kuwi sing dialami karo salah siji pinituwa wilayah lan bojoné. Sakwisé dinas sedina pas musim dingin, wong loro kuwi ngrasa kesel banget. Tekan omah, bojoné turu nganggo mantel merga kadhemen. Ésuké, bojoné kandha nèk dhèwèké wis ora sanggup nindakké tugasé. Ning, ésuk kuwi ana surat saka kantor cabang kanggo bojoné. Ing surat kuwi, dhèwèké dialem merga tetep tekun nglayani senajan kudu pindhah-pindhah penugasan saben minggu. Pinituwa wilayah kuwi crita, ”Bojoku ngrasa dikuwatké merga dialem lan dhèwèké wis ora tau ngomongké manèh soal mandheg nglayani. Malah, dhèwèké sing bola-bali nguwatké aku nèk aku ngrasa arep nyerah.” Pinituwa wilayah kuwi lan bojoné tetep setya nglayani nganti kira-kira 40 taun.

20. Apa sing kudu awaké dhéwé upayakké, lan apa sebabé?

20 Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé seneng ngajèni wong liya liwat omongan lan tumindak. Kuwi isa nguwatké wong liya merga akèh wong saiki padha ora seneng ngajèni. Kuwi ya isa nggawé hubungané awaké dhéwé karo wong liya dadi saya akrab nganti saklawasé. Sing luwih penting manèh, awaké dhéwé isa niru Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan lan seneng ngajèni.

LAGU 20 Putrané sing Paling Aji Dikurbanké

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug soal carané ngajèni wong liya lan sinau saka contoné Yéhuwah, Yésus, wong Samaria sing lara kusta, lan liya-liyané. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sebabé kuwi penting lan piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni wong liya.

^ par. 1 KATRANGAN: Awaké dhéwé biasané ngajèni wong utawa barang sing dianggep berharga. Ngajèni kuwi ana hubungané karo rasa syukur sing tulus.

^ par. 55 GAMBAR: Suraté Paulus diwacakké kanggo jemaat ing Roma; Akuila, Priska, Fébé, lan sedulur-sedulur liya seneng wektu jenengé disebutké.

^ par. 57 GAMBAR: Ana ibu sing ngajari anaké wédok kanggo ngajèni sedulur wédok liya sing wis tuwa.