Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 13

Nduduhké Rasa Perduli Wektu Nginjil

Nduduhké Rasa Perduli Wektu Nginjil

”Yésus dadi mesakké karo wong-wong kuwi . . . Mula Yésus mulai mulang akèh bab marang wong-wong kuwi.”​—MRK. 6:34.

LAGU 70 Nggolèka sing Gelem Nampa

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa salah siji sipaté Yésus sing paling nentremké ati? Jelasna.

YÉSUS isa ngrasakké kesusahané manungsa sing ora sampurna. Kuwi salah siji sipaté Yésus sing paling nentremké ati. Wektu ing bumi, Yésus isa ’bungah karo wong sing bungah, lan nangis karo wong sing nangis’. (Rm. 12:15) Contoné, Yésus ”bungah banget” wektu 70 murid ngrasa seneng sakwisé bali saka nindakké gawéan nginjil. (Luk. 10:17-21) Wektu ndelok wong-wong sing nresnani Lazarus sedhih merga Lazarus mati, ”atiné Yésus dadi sedhih banget lan ngrasa susah”.​—Yoh. 11:33.

2. Apa sebabé Yésus isa perduli karo wong-wong?

2 Senajan Yésus kuwi sampurna, ning dhèwèké perduli karo manungsa sing ora sampurna. Yésus isa nindakké kuwi khususé merga dhèwèké tresna karo wong-wong. Kaya sing disebutké ing artikel sakdurungé, Alkitab kandha nèk ’para anaké manungsa padha dadi kalangenané’, utawa sing paling disenengi Yésus. (WB. 8:31) Merga tresnané, Yésus gelem ngertèni cara mikiré wong-wong. Rasul Yohanes kandha, ”Dhèwèké ngerti isi atiné manungsa.” (Yoh. 2:25) Merga wong-wong isa ngrasakké katresnané Yésus, wong-wong kuwi gelem ngrungokké kabar bab Kratoné Allah. Nèk awaké dhéwé niru Yésus, awaké dhéwé ya isa suksès ing gawéan nginjil.​—2 Tim. 4:5.

3-4. (a) Piyé pandhangané awaké dhéwé soal gawéan nginjil nèk awaké dhéwé perduli karo wong-wong? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Kaya Rasul Paulus, awaké dhéwé ya ngerti nèk nduwé kewajiban kanggo nginjil. (1 Kor. 9:16) Ning, awaké dhéwé gelem nginjil merga perduli lan péngin mbantu wong-wong, ora mung merga kewajiban. Alkitab kandha nèk ”luwih bungah mènèhi ketimbang nampani”. (Kis. 20:35) Awaké dhéwé bakal saya seneng wektu nginjil nèk nindakké kuwi merga perduli lan péngin mbantu wong-wong.

4 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug carané nduduhké rasa perduli wektu nginjil. Awaké dhéwé bakal sinau soal perasaané Yésus marang wong liya. Awaké dhéwé ya bakal sinau patang cara kanggo niru Yésus.​—1 Ptr. 2:21.

YÉSUS NDUDUHKÉ RASA PERDULI WEKTU NGINJIL

Yésus martakké kabar apik bab Kratoné Allah merga perduli karo wong-wong (Deloken paragraf 5-6)

5-6. (a) Yésus perduli karo wong-wong sing kaya apa? (b) Nurut Lukas 4:18, 19, apa sebabé Yésus mesakké karo wong-wong kuwi?

5 Yésus perduli karo perasaané wong liya. Salah siji contoné, Yésus lan para muridé tau nginjil nganti kekeselen lan ”ora kober mangan”. Mula, Yésus ngejak para muridé lunga menyang ”panggonan sing sepi kanggo ndhéwé” lan ”ngaso sedhéla”. Ning, ana akèh wong sing malah lunga ndhisiki Yésus menyang panggonan kuwi. Piyé tanggepané Yésus wektu ndelok wong-wong kuwi? Alkitab kandha, ”Yésus dadi mesakké * karo wong-wong kuwi. Sebab wong-wong kuwi kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon. Mula Yésus mulai mulang akèh bab marang wong-wong kuwi.”​—Mrk. 6:30-34.

6 Apa sebabé Yésus ngrasa mesakké, utawa perduli karo wong-wong kuwi? Yésus nggatèkké nèk wong-wong kuwi ”kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon”. Yésus mungkin ngerti nèk wong-wong kuwi ana sing miskin lan kudu kerja keras kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Mungkin ya ana sing lagi sedhih merga ditinggal mati wong sing ditresnani. Yésus mesthiné ngertèni keadaané wong-wong kuwi. Kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, Yésus dhéwé ya tau ngalami tantangan sing dialami karo wong liya. Yésus perduli lan gelem tumindak kanggo nggedhèkké atiné wong-wong kuwi.​—Wacanen Lukas 4:18, 19.

7. Piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus?

7 Apa sing isa disinaoni saka contoné Yésus? Akèh wong saiki sing ”kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon”. Wong-wong kuwi ngadhepi akèh masalah lan mbutuhké kabar apik bab Kratoné Allah. (Why. 14:6) Kaya Yésus, awaké dhéwé martakké kabar apik merga mesakké marang wong-wong sing ’ringkih saha mlarat’. (Ms. 72:13) Awaké dhéwé perduli karo wong-wong kuwi lan péngin nulungi.

CARANÉ NDUDUHKÉ RASA PERDULI

Pikirna kebutuhané saben wong (Deloken paragraf 8-9)

8. Apa salah siji cara sing isa ditindakké bèn isa nduwé rasa perduli wektu nginjil? Wènèhana perumpamaan.

8 Piyé carané bèn awaké dhéwé isa nduwé rasa perduli wektu nginjil? Awaké dhéwé perlu ngertèni keadaan lan perasaané wong-wong kuwi, lan mikirké, ’Nèk aku dadi dhèwèké, aku péngin wong liya tumindak apa marang aku?’ * (Mat. 7:12) Ana patang cara sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé isa nduwé rasa perduli wektu nginjil. Sing pertama, pikirna kebutuhané saben wong. Tugas nginjil kuwi isa dipadhakké kaya tugasé dokter. Dokter sing apik mikirké apa sing dibutuhké pasièné. Dhèwèké nakoni apa sing dirasakké pasièné, lan ngrungokké wektu pasièné nyritakké keluhané. Mungkin dokter kuwi wis ngerti arep mènèhi obat apa kanggo pasièné. Ning, bèn isa mènèhi obat sing cocog, dhèwèké mungkin perlu mriksa manèh kanggo mastèkké penyakité. Wektu nginjil, awaké dhéwé ya perlu ngupaya kanggo ngertèni keadaan lan pendapaté wong-wong. Terus, awaké dhéwé perlu nggunakké kata pengantar sing cocog karo kebutuhané wong sing dikabari.

9. Wektu nginjil, awaké dhéwé aja nganti rumangsa apa? Ning, apa sing isa awaké dhéwé tindakké?

9 Wektu ketemu wong-wong ing gawéan nginjil, aja rumangsa nèk awaké dhéwé wis ngerti keadaané, kepercayaané lan apa sebabé dhèwèké nduwé kepercayaan kuwi. (WB. 18:13) Bèn isa ngerti isi atiné, awaké dhéwé perlu trampil nggunakké pitakonan-pitakonan. (WB. 20:5) Nèk cocog, awaké dhéwé isa takon-takon soal gawéané, keluargané, latar belakangé, lan pendapaté. Pitakonan-pitakonan kuwi isa mbantu awaké dhéwé ngerti berita Alkitab apa sing cocog karo kebutuhané. Awaké dhéwé ya dadi isa nduduhké rasa perduli lan tumindak kanggo nulungi, kaya sing Yésus tindakké.​—Bandhingna karo 1 Korintus 9:19-23.

Pikirna keadaané wong liya (Deloken paragraf 10-11)

10-11. Nèk ngrenungké 2 Korintus 4:7, 8, awaké dhéwé perlu nindakké apa bèn luwih perduli karo wong liya? Wènèhana conto.

10 Sing keloro, coba pikirna kaya apa keadaané wong liya. Merga awaké dhéwé ora sampurna lan ya nduwé masalah, awaké dhéwé isa ngertèni keadaané wong-wong kuwi. (1 Kor. 10:13) Awaké dhéwé ngerti nèk urip iki pancèn angèl. Awaké dhéwé isa ngadhepi kuwi merga bantuané Yéhuwah. (Wacanen 2 Korintus 4:7, 8.) Saiki, akèh wong sing ngadhepi kesusahan, ning durung kenal karo Yéhuwah. Kaya Yésus, awaké dhéwé mesthi mesakké lan péngin ngandhani wong-wong kuwi soal ”kabar apik bab keadaan sing luwih apik”.​—Yé. 52:7, Terjemahan Dunia Baru.

11 Gatèkna pengalamané Sergey, sedulur lanang sing mauné isinan lan menengan. Sakwisé sinau Alkitab, dhèwèké dadi ngerti nèk wong Kristen nduwé tanggung jawab kanggo nginjil. Sergey kandha, ”Aku rumangsa ora bakal isa nindakké kuwi.” Ning, Sergey mikirké wong-wong sing durung kenal karo Yéhuwah. Uripé wong-wong kuwi mesthi ora gampang merga durung sinau Alkitab. Sergey kandha, ”Sinau Alkitab kuwi bener-bener nggawé aku dadi ayem lan bahagia. Wong-wong liya mesthiné ya perlu sinau Alkitab.” Merga perduli karo wong liya, Sergey dadi luwih kendel kanggo nginjil. Sergey ya kandha, ”Aku ora nyangka nèk ngandhani wong liya soal Alkitab kuwi isa nggawé aku dadi luwih percaya diri lan nguwatké imanku.” *

Wong-wong butuh wektu kanggo nampa wulangan saka Alkitab (Deloken paragraf 12-13)

12-13. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar karo wong-wong sing lagi sinau Alkitab? Wènèhana perumpamaan.

12 Sing ketelu, awaké dhéwé kudu sabar karo wong-wong sing lagi sinau Alkitab. Wong-wong kuwi butuh wektu bèn isa nampa wulangan sing bener saka Alkitab. Akèh wong ya nganggep nèk kepercayaané kuwi sing paling bener. Mungkin dhèwèké mikir nèk kepercayaané kuwi sing nggawé keluargané bersatu lan wis umum ing dhaérahé. Piyé carané mbantu wong-wong kuwi?

13 Coba bayangna nèk ana jembatan sing wis lawas, rusak, lan kudu diganti. Wektu jembatan sing anyar durung dadi, biasané jembatan sing lawas isih dienggo. Nèk sing anyar wis dadi, sing lawas lagi isa diambrukké. Dadi, mbantu wong sinau Alkitab kuwi ya butuh wektu. Awaké dhéwé kudu mbantu wong-wong sing sinau bèn ngerti lan ngajèni wulangan sing ”anyar”, yaiku wulangan sing bener saka Alkitab. Bar kuwi, dhèwèké mungkin lagi isa ninggalké kepercayaané sing ”lawas”.​—Rm. 12:2.

14-15. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu wong-wong sing durung ngerti soal harapan urip saklawasé ing bumi firdaus? Wènèhana conto.

14 Awaké dhéwé ngerti nèk ora kabèh wong sing ditemoni wektu nginjil bakal langsung nampa wulangan saka Alkitab. Mula, merga perduli, awaké dhéwé bakal sabar lan nggunakké Alkitab kanggo mbantu wong-wong sing dikabari bèn saya suwé isa nggawé kesimpulan sing bener. Contoné, mungkin awaké dhéwé arep ngandhani wong-wong soal harapan urip saklawasé ing bumi firdaus. Akèh wong sing durung ngerti soal harapan kuwi. Mungkin ana sing percaya nèk wong mati ora isa urip manèh. Sing liyané mungkin mikir nèk kabèh wong apik bakal munggah swarga. Piyé carané mbantu wong-wong kuwi?

15 Gatèkna carané salah siji sedulur sing mbantu wong-wong bèn ngerti soal harapan urip saklawasé ing bumi firdaus. Pertama, dhèwèké macakké Purwaning Dumadi 1:28 lan nakoni sing dikabari, ”Gusti Allah péngin manungsa uripé piyé lan ing ngendi?” Akèh sing njawab, ”Urip sing nyenengké ing bumi.” Bar kuwi, dhèwèké macakké Yésaya 55:11 lan nakoni apa kersané Gusti Allah bakal berubah. Biasané, sing dikabari bakal njawab ora. Terus, sedulur kuwi macakké Jabur 37:10, 11 lan takon kaya apa uripé manungsa mbésuk. Merga nggunakké cara kuwi, ana wong-wong sing akhiré isa ngerti nèk Gusti Allah péngin wong-wong sing apik urip saklawasé ing Firdaus ing bumi.

Nduduhké sipat apikan kuwi hasilé mesthi apik, senajan kétoké mung sepélé, contoné ngirimi surat sing nguwatké (Deloken paragraf 16-17)

16-17. Nurut Wulang Bebasan 3:27, apa waé sing perlu awaké dhéwé tindakké kanggo nduduhké rasa perduli? Wènèhana conto.

16 Sing kepapat, nggolèka cara kanggo nduduhké rasa perduli. Contoné, pas awaké dhéwé nginjil, mungkin sing dikabari lagi sibuk utawa wektuné ora cocog. Dadi, awaké dhéwé isa njaluk ngapura lan ngomong nèk bakal teka manèh ing wektu liya. Piyé nèk wong sing dikabari kuwi wis tuwa, lara, utawa butuh bantuan? Wektu ketemu wong-wong sing kaya ngono, awaké dhéwé isa mènèhi bantuan sing dibutuhké.​—Wacanen Wulang Bebasan 3:27.

17 Ana sedulur wédok sing nduwé pengalaman apik merga nduduhké sipat apikan senajan kétoké mung sepélé. Merga perduli, dhèwèké nulis surat kanggo salah siji keluarga sing anaké lagi waé mati sakwisé dilairké. Ing surat kuwi, dhèwèké nulis ayat-ayat sing isa nggedhèkké ati. Piyé tanggepané keluarga kuwi? Ibuké anak kuwi nulis, ”Wingi aku sedhih banget. Ning, suratmu bener-bener nguwatké keluargaku. Aku maturnuwun banget merga suratmu isa nggedhèkké atiku. Aku wingi maca suratmu mungkin nganti luwih saka ping 20. Aku ora nyangka nèk kowé bener-bener apikan lan perduli karo keluargaku. Maturnuwun banget, ya.” Awaké dhéwé ya isa nduwé pengalaman sing apik nèk ngupaya kanggo ngertèni keadaané wong-wong sing lagi ngalami kesusahan lan tumindak kanggo mbantu.

PANDHANGAN SING SEIMBANG SOAL GAWÉAN NGINJIL

18. Nèk ngrenungké 1 Korintus 3:6, 7, awaké dhéwé isa nduwé pandhangan sing kaya apa?

18 Awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing seimbang soal gawéan nginjil. Pancèn, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo mbantu wong-wong bèn kenal karo Gusti Allah. Ning, sing paling penting kuwi dudu apa sing awaké dhéwé tindakké. (Wacanen 1 Korintus 3:6, 7.) Yéhuwah kuwi sing narik wong-wong bèn nyedhak marang Dhèwèké. (Yoh. 6:44) Terus, wong-wong kuwi dhéwé sing bakal mutuské arep nampa kabar apik apa ora. (Mat. 13:4-8) Élinga nèk ana akèh wong sing ora gelem nampa wulangané Yésus, padahal Yésus kuwi Guru sing agung. Dadi, awaké dhéwé ora perlu cilik ati nèk akèh wong ora gelem nampa kabar apik.

19. Apa waé manfaat sing dihasilké nèk awaké dhéwé nduduhké rasa perduli wektu nginjil?

19 Ana akèh manfaat sing dihasilké nèk awaké dhéwé nduduhké rasa perduli wektu nginjil. Awaké dhéwé bakal dadi luwih seneng nginjil lan isa ngrasa bahagia merga seneng mènèhi. Wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé” ya isa éntuk kesempatan kanggo nampa kabar apik. (Kis. 13:48) Dadi, ”mumpung isih ana kesempatan, ayo kita padha nindakké apa sing apik marang kabèh wong”. (Gal. 6:10) Awaké dhéwé bakal seneng merga isa ngluhurké Yéhuwah.​—Mat. 5:16.

LAGU 64 Bungah Merga Mèlu Nginjil

^ par. 5 Awaké dhéwé bakal saya seneng lan wong-wong isa waé dadi gelem ngrungokké nèk awaké dhéwé per­duli karo perasaané wong liya wektu nginjil. Apa sebabé? Ing artikel iki awaké dhéwé bakal ngrembug carané awaké dhéwé isa niru Yésus lan patang cara sing isa mbantu awaké dhéwé nduduhké rasa perduli wektu nginjil.

^ par. 5 KATRANGAN: Ing Alkitab, kata mesakké kuwi maksudé nduwé rasa welas asih marang wong sing lagi kesusahan utawa ngalami tumindak sing kejem. Rasa mesakké kuwi nggawé awaké dhéwé gelem tumindak kanggo nulungi.

^ par. 8 Deloken artikel ”Terapkan Aturan Emas dalam Pelayanan” ing Menara Pengawal 15 Mei 2014.

^ par. 11 Deloken Menara Pengawal 1 Agustus 2011 halaman 21-22.