Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 11

Rungokna Yéhuwah

Rungokna Yéhuwah

”Iki Putra-Ku . . . Rungokna dhèwèké.”​—MAT. 17:5.

LAGU 89 Rungokna lan Manuta

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Piyé carané Yéhuwah nyampèkké pikirané marang manungsa? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

YÉHUWAH péngin awaké dhéwé ngerti pikiran lan perasaané. Ing jaman mbiyèn, Yéhuwah nggunakké para nabi, malaékat, lan Putrané, yaiku Yésus Kristus, kanggo nyampèkké pikirané marang manungsa. (As. 3:7; Gal. 3:19; Why. 1:1) Ing jaman saiki, Yéhuwah nyedhiakké Alkitab bèn awaké dhéwé isa ngerti pikiran lan pathokané Yéhuwah.

2 Wektu Yésus ing bumi, Yéhuwah ngomong langsung saka swarga ping telu. Ayo ngrembug apa waé sing Yéhuwah omongké wektu kuwi, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni, lan apa manfaaté kanggo awaké dhéwé.

”KOWÉ PUTRA-KU SING TAK TRESNANI”

3. Nurut Markus 1:9-11, Yéhuwah kandha apa wektu Yésus dibaptis, lan telung bab penting apa sing Yéhuwah sebutké?

3 Markus 1:9-11 nyritakké peristiwa sing pertama wektu Yéhuwah ngomong langsung saka swarga. (Wacanen.) Yéhuwah kandha, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” Omongané Yéhuwah kuwi mesthi isa nguwatké Yésus merga nduduhké nèk Yéhuwah tresna lan percaya marang Yésus. Saka omongané Yéhuwah kuwi, ana telung bab penting sing Yéhuwah sebutké. Sing pertama, Yéhuwah ngomong nèk Yésus kuwi Putrané. Sing keloro, Yéhuwah nresnani Putrané. Sing ketelu, Putrané kuwi nggawé atiné Yéhuwah seneng.

4. Tugas anyar apa sing ditampa Yésus sakwisé dibaptis?

4 ”Kowé Putra-Ku.” Yéhuwah nggunakké kata-kata iki kanggo nduduhké nèk Yésus bakal nduwé tugas anyar. Sakdurungé teka ing bumi, Yésus pancèn wis dadi salah siji putrané Yéhuwah merga diciptakké karo Yéhuwah. Ning, sakwisé dibaptis, Yésus dadi Putra sing diurapi roh suci. Kuwi artiné Yésus nduwé harapan kanggo bali menyang swarga lan isa dadi Raja lan Imam Agung sing dilantik Yéhuwah. (Luk. 1:31-33; Ibr. 1:8, 9; 2:17) Mula, wektu Yésus dibaptis, Yéhuwah kandha, ”Kowé Putra-Ku.”​—Luk. 3:22.

Awaké dhéwé butuh dialem lan digedhèkké atiné (Deloken paragraf 5) *

5. Kaya Yéhuwah, piyé carané awaké dhéwé isa nduduhké katresnan lan nguwatké wong liya?

5 ”Kowé . . . sing Tak tresnani.” Yéhuwah dadi conto sing apik kanggo ditiru soal nduduhké katresnan lan nguwatké liyané. (Yoh. 5:20) Awaké dhéwé mesthi seneng wektu wong liya nduduhké katresnané lan ngalem awaké dhéwé. Para sedulur ing jemaat lan keluargané awaké dhéwé ya bakal seneng nèk ngrasa ditresnani lan dikuwatké. Awaké dhéwé isa nguwatké imané wong liya nèk awaké dhéwé kerep ngalem wong-wong kuwi. Wong tuwa ya perlu mènèhi pujian sing tulus lan nggawé anak-anaké rumangsa disayangi. Kuwi isa nggedhèkké atiné anak-anaké.

6. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin karo Yésus?

6 ”Kowé . . . sing nggawé senengé ati-Ku.” Ing basa asliné, kata-kata kuwi nduduhké perasaané Yéhuwah sing yakin nèk Yésus bakal isa nindakké kepénginané Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yésus bakal nggawé kabèh janjiné Yéhuwah kelakon. (2 Kor. 1:20) Nèk mikirké contoné Yésus, awaké dhéwé isa saya péngin sinau lan niru Dhèwèké. Yéhuwah ya yakin nèk para abdiné bakal terus niru contoné Yésus.​—1 Ptr. 2:21.

”RUNGOKNA DHÈWÈKÉ”

7. Nurut Matius 17:1-5, kapan Yéhuwah ngomong saka swarga manèh, lan apa kandhané Yéhuwah wektu kuwi?

7 Wacanen Matius 17:1-5. Yéhuwah ngomong saka swarga manèh wektu Yésus ngalami transfigurasi, utawa ’wajahé malih’. Wektu kuwi, Yésus lagi ana ing gunung karo Pétrus, Yakobus, lan Yohanes. Ing kono, wajahé Yésus mancarké sinar kaya matahari lan klambi njabané dadi padhang njingglang. Ana wong loro, sing digambarké kaya Musa lan Èlia, sing lagi omong-omongan karo Yésus soal kematian lan kebangkitané Yésus. Mauné, murid-muridé Yésus kuwi ”lagi turu”. Ning, sakwisé tangi, murid-murid kuwi ndelok kamulyané Yésus lan wong loro mau. (Luk. 9:29-32) Terus, ana awan sing padhang nutupi wong-wong kuwi lan ana swarané Yéhuwah saka njero awan mau. Yéhuwah kandha, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” Kata-kata kuwi padha kaya pas Yésus dibaptis lan nduduhké nèk Yéhuwah tresna lan percaya marang Yésus. Ning, saiki Yéhuwah ya kandha, ”Rungokna dhèwèké.”

8. Apa pengaruhé peristiwa kuwi kanggo Yésus lan para murid?

8 Peristiwa kuwi nggambarké kamulyan lan kuwasané Yésus sing bakal dadi Raja Kratoné Allah. Kuwi mesthi isa nguwatké Yésus sing bakal ngadhepi kesengsaraan lan kematian. Kuwi ya isa nguwatké imané para murid sing bakal ngadhepi tantangan lan kudu kerja keras kanggo nindakké tugas saka Yésus. Kira-kira 30 taun sakwisé kuwi, Rasul Pétrus isih kèlingan lan nyritakké peristiwa kuwi manèh.​—2 Ptr. 1:16-18.

9. Yésus mènèhi piwulang apa waé kanggo para muridé?

9 ”Rungokna dhèwèké.” Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngrungokké lan manut karo Yésus. Wektu ing bumi, Yésus mènèhi akèh piwulang kanggo para muridé. Contoné, Yésus mulang carané nginjil lan bola-bali ngélingké para murid bèn terus waspada. (Mat. 24:42; 28:19, 20) Yésus ya ngongkon para murid kanggo ngupaya sakuwat tenaga lan ora nyerah. (Luk. 13:24) Yésus ngandhani nèk para murid kudu padha rukun, nresnani, lan nindakké kabèh prentahé. (Yoh. 15:10, 12, 13) Kabèh piwulangé Yésus kuwi isa ditrapké lan ana manfaaté kanggo awaké dhéwé saiki.

10-11. Apa buktiné nèk awaké dhéwé ngrungokké Yésus?

10 Yésus kandha, ”Sapa waé sing manut karo apa sing bener ngrungokké swaraku.” (Yoh. 18:37) Salah siji bukti awaké dhéwé ngrungokké Yésus yaiku nèk awaké dhéwé ’terus sabar lan padha ngapurani kanthi tulus marang siji lan sijiné’. (Kol. 3:13; Luk. 17:3, 4) Bukti liyané yaiku nèk awaké dhéwé semangat nginjil ”wektu kahanané apik utawa èlèk”.​—2 Tim. 4:2.

11 Yésus kandha, ”Wedhus-wedhusku ngrungokké swaraku.” (Yoh. 10:27) Ngrungokké Yésus kuwi artiné ora mung nggatèkké omongané, ning ya perlu nindakké apa sing diwulangké. Mula, awaké dhéwé ngupaya bèn ora nganti ”nguwatirké urip”. (Luk. 21:34) Awaké dhéwé ya terus nindakké préntahé Yésus senajan ngadhepi tantangan apa waé. Akèh sedulur sing tetep tekun lan setya marang Yéhuwah wektu ngadhepi keadaan sing angèl, kaya bencana alam, kemiskinan, lan penganiayaan. Yésus mènèhi jaminan kanggo wong-wong sing tetep setya kuwi, ”Sapa waé sing nampa préntah-préntahku lan nindakké kuwi, yakuwi wong sing nresnani aku. Wong sing nresnani aku bakal ditresnani Bapakku.”​—Yoh. 14:21.

Awaké dhéwé isa tetep setya marang Yéhuwah nèk terus nginjil (Deloken paragraf 12) *

12. Apa bukti liyané sing nduduhké nèk awaké dhéwé ngrungokké Yésus?

12 Bukti liyané awaké dhéwé ngrungokké Yésus yaiku nèk awaké dhéwé gelem manut karo wong-wong sing dilantik kanggo dadi pemimpin. (Ibr. 13:7, 17) Durung suwé iki, organisasiné Yéhuwah nggawé akèh penyesuaian. Contoné, ana sarana lan cara anyar kanggo nginjil, perubahan ing acara perhimpunan tengah pekan, lan pengaturan anyar kanggo mbangun, ndandani, lan ngrawat Balé Ibadah. Awaké dhéwé mesthi ngajèni kabèh pengaturan sing apik kuwi. Awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing gelem manut karo kabèh arahan saka organisasi.

13. Apa waé manfaaté nèk awaké dhéwé ngrungokké Yésus?

13 Awaké dhéwé isa éntuk manfaat nèk ngrungokké kabèh piwulangé Yésus. Yésus janji nèk piwulangé isa nguwatké para muridé. Yésus kandha, ”Kowé bakal seger manèh. Pasanganku kuwi gampang dipikul, lan bebanku ènthèng.” (Mat. 11:28-30) Kabèh isiné Alkitab, klebu patang Injil sing nyritakké soal urip lan pelayanané Yésus, isa nguwatké lan nggawé awaké dhéwé dadi wicaksana. (Ms. 19:8; 23:3) Yésus kandha, ”Sing bungah kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.”​—Luk. 11:28.

’JENENGKU BAKAL TAK LUHURKÉ’

14-15. (a) Nurut Yohanes 12:27, 28, kapan Yéhuwah ngomong manèh saka swarga? (b) Apa sebabé omongané Yéhuwah kuwi isa nguwatké Yésus?

14 Wacanen Yohanes 12:27, 28. Yéhuwah ngomong manèh saka swarga wektu Yésus lagi ana ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah sing terakhir. Yésus kandha, ”Aku susah banget.” Bar kuwi, dhèwèké ndonga, ”Bapak luhurna asma Panjenengan.” Terus, Yéhuwah kandha saka swarga, ”Aku wis ngluhurké kuwi lan bakal tak luhurké manèh.”

15 Yésus ngrasa susah merga nduwé tanggung jawab sing gedhé. Yésus ngerti nèk dhèwèké kudu tetep setya marang Yéhuwah senajan dianiaya nganti mati. (Mat. 26:38) Kanggoné Yésus, ngluhurké jenengé Yéhuwah kuwi sing paling penting. Mula, Yésus kuwatir nèk kematiané bakal nggawé jenengé Yéhuwah diécé merga dhèwèké wis ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah. Dadi, kata-katané Yéhuwah kuwi mesthi nggawé Yésus yakin nèk jenengé Yéhuwah bakal diluhurké. Omongané Yéhuwah kuwi mesthi isa nguwatké lan nggawé Yésus siap kanggo ngadhepi aniaya sing bakal dialami. Wektu kuwi, mungkin mung Yésus sing paham karo omongané Yéhuwah. Ning, Yéhuwah ngatur bèn omongan kuwi dicathet ing Alkitab kanggo nguwatké awaké dhéwé.​—Yoh. 12:29, 30.

Yéhuwah bakal ngluhurké jenengé lan nylametké umaté (Deloken paragraf 16) *

16. Apa sing isa waé nggawé awaké dhéwé kuwatir nèk jenengé Yéhuwah bakal dirèmèhké?

16 Kaya Yésus, awaké dhéwé isa waé kuwatir nèk jenengé Yéhuwah bakal dirèmèhké. Mungkin awaké dhéwé ngalami tumindak ora adil kaya Yésus, utawa difitnah karo para penentang. Awaké dhéwé mungkin mikir nèk apa sing diomongké para penentang kuwi isa ngèlèk-èlèk jenengé Yéhuwah lan organisasiné. Ning, awaké dhéwé ora perlu kuwatir nèk kèlingan karo kata-katané Yéhuwah ing Yohanes 12:27, 28. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk ”Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati lan pikirané [awaké dhéwé] liwat Kristus Yésus”. (Flp. 4:6, 7) Yéhuwah bakal terus ngluhurké jenengé. Yéhuwah ya bakal nggunakké Kratoné kanggo nyingkirké kesusahan sing dialami karo umaté merga tumindaké Sétan lan wong-wong jahat.​—Ms. 94:22, 23; Yé. 65:17.

MANFAATÉ NGRUNGOKKÉ YÉHUWAH

17. Nurut Yésaya 30:21, Yéhuwah isih mulang awaké dhéwé nganti saiki. Piyé carané?

17 Nganti saiki Yéhuwah isih mulang awaké dhéwé. (Wacanen Yésaya 30:21.) Pancèn saiki Yéhuwah ora ngomong langsung saka swarga. Ning, Yéhuwah wis nyedhiakké Alkitab kanggo mulang awaké dhéwé. Yéhuwah ya nggunakké ”pengurus sing setya” kanggo nyukupi kebutuhan rohaniné umaté. (Luk. 12:42) Ana akèh piwulang sing isa nguwatké iman ing publikasi-publikasi sing dicétak, audio, video, lan situs wèb Seksi Yéhuwah.

18. Apa sebabé omongané Yéhuwah isa nguwatké awaké dhéwé?

18 Awaké dhéwé perlu ngéling-éling omongané Yéhuwah sing disampèkké wektu Putrané ana ing bumi. Omongané Yéhuwah sing dicathet ing Alkitab isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal tumindak kanggo nyingkirké kesusahan sing awaké dhéwé alami. Awaké dhéwé perlu nduwé tékad kanggo terus nggatèkké omongané Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé bakal isa tetep tekun senajan ngadhepi masalah lan tantangan apa waé. Alkitab ngandhani, ”Kowé perlu tekun, supaya sakwisé kowé wis nindakké kersané Gusti Allah, kowé bakal nampa perkara sing dijanjèkké kuwi.”​—Ibr. 10:36.

LAGU 4 Allah Yéhuwah, Pangonku

^ par. 5 Wektu Yésus ing bumi, Yéhuwah ngomong langsung saka swarga ping telu. Ing salah siji peristiwa, Yéhuwah ngongkon para murid ngrungokké Yésus. Saiki, omongané Yéhuwah disampèkké liwat Alkitab lan organisasiné. Ing Alkitab, awaké dhéwé ya isa nemokké piwulangé Yésus. Artikel iki bakal ngrembug apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngrungokké Yéhuwah lan Yésus.

^ par. 52 GAMBAR: Ana pinituwa nggatèkké abdiné jemaat sing lagi ngrawat Balé Ibadah lan mbantu ing bagéan lèktur. Pinituwa kuwi mènèhi pujian sing tulus.

^ par. 54 GAMBAR: Ana suami istri ing Sierra Leone lagi mènèhi undangan perhimpunan marang salah siji nelayan.

^ par. 56 GAMBAR: Para sedulur ing negara sing nglarang kegiatané Seksi Yéhuwah lagi berhimpun ing omahé salah siji sedulur. Para sedulur kuwi nganggo pakaian santai bèn ora konangan nèk lagi berhimpun.