Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Kaya apa perjalanan numpak kapal ing jaman mbiyèn?

ING jamané Paulus, ora ana kapal sing khusus dienggo ngangkut penumpang. Wong sing péngin lunga numpak kapal isa mèlu kapal barang sing tujuané padha lan gelem ngangkut penumpang. (Kis. 21:2, 3) Senajan ora ana kapal sing tujuané padha, wong kuwi tetep isa numpak salah siji kapal sing bakal mandheg ing salah siji pelabuhan. Saka kono, dhèwèké isa neruské numpak kapal liya sing bakal mandheg ing pelabuhan sing paling cedhak karo tujuané.​—Kis. 27:1-6.

Biasané, kapal mung berlayar ing wektu sing wis ditemtokké. Ning, pelayarané isa ditundha nèk cuacané èlèk. Kadhang kala, pelayaran ya isa ditundha merga para pelaut nduwé firasat èlèk, misalé ana manuk gagak sing ngocèh ing ndhuwur kapal utawa ana kapal karam ing pinggir pantai. Para pelaut bakal berlayar nèk cuacané apik. Wong sing péngin numpak kapal kudu nggawa barang-barangé lan mara ing cedhak pelabuhan. Terus, dhèwèké kudu ngentèni nganti ana kapal sing arep berlayar.

Ahli sejarah sing jenengé Lionel Casson kandha, ”Ing kutha Roma, wong-wong luwih gampang nemokké kapal sing arep berlayar.” Dhèwèké ya kandha, ”Pelabuhané ana ing ujungé Sungai Tiber. Ing cedhak pelabuhan kuwi ana kutha Ostia. Ing alun-aluné kutha kuwi, ana akèh kantor perusahaan kapal barang saka pelabuhan-pelabuhan liya. Contoné, perusahaan saka pelabuhan Narbonne [saiki disebut Prancis], Kartago [saiki disebut Tunisia], . . . lan liya-liyané. Wong-wong sing arep lunga numpak kapal isa nggolèk informasi ing kantor-kantor kuwi.”

Wektu kuwi, lunga ngendi-endi pancèn luwih cepet nèk liwat laut. Ning, kuwi ya ana bahayané. Nurut cathetan Alkitab, Paulus tau ngalami karam kapal sak ora-orané ping telu wektu nganakké perjalanan utusan injil.​—2 Kor. 11:25.