Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 20

Nguwatké Korban Pelècèhan Sèksual

Nguwatké Korban Pelècèhan Sèksual

”Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé . . . nglipur kita ing kabèh pacoban sing kita alami.”​—2 KOR. 1:3, 4.

LAGU 134 Anak-Anak Pusaka Suci saka Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Wènèhana conto sing nduduhké nèk awaké dhéwé butuh dikuwatké lan ya isa nguwatké wong liya. (b) Apa sing isa waé dialami karo bocah-bocah?

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi butuh dikuwatké. Awaké dhéwé ya isa nguwatké wong liya. Contoné, ana cah cilik mlayu-mlayu, terus tiba, lan dhengkulé lara. Dhèwèké bakal nangis lan nggolèki bapak utawa ibuné. Wong tuwané biasané bakal ngayem-ayem bocah kuwi. Karo ngeneng-ngeneng, mungkin bocahé bakal ditakoni kenapa kok isa tiba, terus diusapi air matané, lan dhengkulé diobati utawa diperban. Bar kuwi, bocahé ora nangis manèh lan mungkin malah lanjut dolanan. Dhengkulé ya suwé-suwé isa mari dhéwé.

2 Kadhang kala ana bocah-bocah sing ngalami situasi sing luwih parah. Misalé ana bocah-bocah sing ngalami pelècèhan sèksual, mungkin malah ping bola-bali nganti pirang-pirang taun. Kuwi isa nggawé dhèwèké lara ati lan sengsara. Kadhang kala wong sing nindakké pelècèhan kuwi kétoké bébas saka hukuman. Ning, ya ana sing akhiré ditangkep lan dihukum. Senajan ngono, bocah sing ngalami pelècèhan isa trauma nganti gedhé.

3. Kaya sing dijelaské ing 2 Korintus 1:3, 4, apa sing dipéngini Yéhuwah lan pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

3 Nèk ana sedulur sing ngalami trauma merga pelècèhan wektu isih cilik, apa sing isa nguwatké dhèwèké? (Wacanen 2 Korintus 1:3, 4.) Yéhuwah nganggep kabèh umaté berharga lan Yéhuwah péngin umaté isa ngrasa disayangi lan dikuwatké. Mula, ayo ngrembug telung pitakonan iki: (1) Apa sebabé wong sing tau ngalami pelècèhan wektu isih cilik butuh dikuwatké? (2) Sapa sing isa nguwatké? (3) Piyé carané awaké dhéwé isa nguwatké sedulur kuwi?

APA SEBABÉ BUTUH DIKUWATKÉ?

4-5. (a) Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngerti nèk bocah-bocah kuwi béda karo wong sing wis déwasa? (b) Nèk bocah-bocah ngalami pelècèhan sèksual, hubungané bocah kuwi karo wong liya dadi piyé?

4 Awaké dhéwé perlu éling nèk bocah-bocah kuwi béda karo wong sing wis déwasa. Mula, pelècèhan sèksual marang anak kuwi pengaruhé ora padha karo pelècèhan marang wong déwasa. Dadi, wong sing tau ngalami pelècèhan sèksual wektu isih cilik butuh terus dikuwatké, senajan kejadiané mungkin wis suwé banget. Apa waé alesané?

5 Bocah-bocah kuduné ngrasa disayangi lan aman ing cedhaké wong-wong sing ngopèni. Kuwi isa nggawé bocah-bocah ngrasa ayem lan percaya karo wong-wong sing sayang karo dhèwèké. (Ms. 22:10) Sayangé, pelècèhan anak akèh-akèhé ditindakké karo keluargané dhéwé utawa wong-wong sing wis dikenal karo bocahé, lan biasané ditindakké ing omahé bocahé. Akibaté, bocah-bocah kuwi dadi ora percaya manèh karo wong liya.

6. Apa sebabé pelècèhan anak kuwi kejem lan bahaya?

6 Bocah-bocah kuduné dilindhungi. Pelècèhan anak kuwi kejem lan bahaya. Bocah-bocah sakjané durung siap lan durung mudheng soal urip bebojoan lan nindakké hubungan sèks. Mula, bocah-bocah sing ngalami pelècèhan isa nduwé pandhangan sing salah soal sèks. Kuwi ya isa nggawé bocah-bocah dadi ora percaya karo wong liya lan rumangsa ora disayangi.

7. (a) Apa sebabé bocah-bocah gampang diapusi, lan apa sing biasané diomongké pelakuné? (b) Apa akibaté kanggo bocah-bocah?

7 Bocah-bocah kuwi polos, durung mudheng apa-apa, lan durung isa ngerti bahaya. (1 Kor. 13:11) Dadi, bocah-bocah biasané gampang diapusi. Misalé, wong sing nindakké pelècèhan biasané kandha nèk kuwi salahé bocahé. Wong kuwi mungkin ngomong nèk kuwi bukti rasa sayangé karo bocahé. Terus, bocahé diomongi bèn ora kandha karo sapa-sapa. Bocahé ya dikandhani nèk ora bakal ana sing percaya nèk dhèwèké crita karo wong liya. Bocah kuwi mungkin percaya karo omongan-omongan sing ora bener kuwi nganti pirang-pirang taun. Akibaté, dhèwèké isa ngrasa wis rusak lan ora pantes disayangi.

8. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah isa nguwatké wong-wong sing dadi korban pelècèhan?

8 Dadi, pelècèhan marang anak-anak isa nggawé korbané ngalami trauma nganti suwé. Saiki, ana akèh kasus pelècèhan sèksual marang anak. Kaya kandhané Alkitab, ana akèh wong sing ”ora nduwé katresnan marang anggota keluarga”. Terus, ”wong-wong sing jahat lan tukang ngapusi bakal dadi saya jahat”. Kuwi bukti nèk saiki wis dina-dina pungkasan. (2 Tim. 3:1-5, 13) Sétan pancèn jahat banget lan péngin awaké dhéwé cilaka. Sayangé, akèh wong saiki nindakké apa sing nyenengké Sétan. Ning, Yéhuwah luwih kuwat ketimbang Sétan lan wong-wong jahat. Yéhuwah ngerti kabèh cara sing ditindakké Sétan. Yéhuwah ya mesthi ngerti tenan apa sing awaké dhéwé rasakké lan Dhèwèké bakal nguwatké awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé. [Gusti Allah] nglipur kita ing kabèh pacoban sing kita alami, supaya kita isa nglipur wong-wong liya sing ngalami pacoban apa waé nganggo panglipuran sing kita tampa saka Panjenengané.” (2 Kor. 1:3, 4) Sapa sing digunakké Yéhuwah kanggo nguwatké umaté?

SAPA SING ISA NGUWATKÉ?

9. Nurut Raja Daud ing Jabur 27:10, Yéhuwah bakal nindakké apa kanggo wong-wong sing ora disayangi karo keluargané?

9 Ana sing tau ngalami pelècèhan wektu isih cilik merga wong tuwané ora ngupaya kanggo nglindhungi. Wong-wong kuwi pancèn butuh dikuwatké, apa manèh nèk pelakuné kuwi wong sing wis dikenal. Daud nulis ayat ing kitab Jabur sing isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah isa nguwatké umaté. (Wacanen Jabur 27:10.) Yéhuwah isa nguwatké wong-wong sing ora disayangi karo keluargané. Carané piyé? Yéhuwah nyedhiakké jemaat Kristen sing isa dadi kaya keluarga kanggo awaké dhéwé. Mbiyèn, Yésus ya nganggep wong-wong sing dadi muridé kuwi kaya keluargané dhéwé.​—Mat. 12:48-50.

10. Apa sing Paulus tindakké wektu dhèwèké dadi pinituwa?

10 Rasul Paulus isa dadi conto sing mbuktèkké nèk para sedulur ing jemaat isa dadi kaya keluarga sing nresnani awaké dhéwé. Paulus kuwi pinituwa sing apik lan wis kerja keras kanggo mbantu jemaat. Dhèwèké isa dadi conto sing apik merga dhèwèké ya niru Yésus. (1 Kor. 11:1) Paulus njelaské soal tugasé dadi pinituwa, ”Aku kabèh tumindak alus marang kowé, kaya ibu sing nyusoni lan kanthi alus ngopèni bayiné.” (1 Tés. 2:7) Dadi, para pinituwa sing apikan lan perduli ya isa niru Paulus, lan nggunakké Alkitab kanggo nguwatké para sedulur.

Para sedulur wédok sing apikan lan perduli isa nguwatké sedulur wédok liyané (Deloken paragraf 11) *

11. Apa buktiné nèk kabèh anggota jemaat ya isa nguwatké korban pelècèhan?

11 Ora mung para pinituwa sing isa nguwatké korban pelècèhan. Kabèh anggota jemaat ya nduwé tanggung jawab kanggo ’terus nglipur siji lan sijiné’. (1 Tés. 4:18) Sedulur-sedulur wédok sing nduwé sipat-sipat sing apik khususé isa mbantu para sedulur wédok sing butuh dikuwatké. Yéhuwah ya tau kandha nèk Dhèwèké isa dadi kaya ibu sing nguwatké anaké. (Yé. 66:13) Ing Alkitab, ana conto saka wong-wong wédok sing nguwatké wong liyané. (Ay. 42:11) Yéhuwah mesthi seneng nèk para sedulur wédok isa nguwatké sedulur-sedulur wédok liyané. Kadhang kala, para pinituwa isa njaluk tulung karo salah siji sedulur wédok kanggo nguwatké sedulur wédok liya sing tau ngalami pelècèhan. *

PIYÉ CARANÉ NGUWATKÉ?

12. Awaké dhéwé aja nganti nindakké apa?

12 Awaké dhéwé aja meksa sedulur sing arep dibantu kanggo nyritakké kabèh masalahé. (1 Tés. 4:11) Dadi, apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo nguwatké lan mbantu wong liya? Ayo ngrembug limang cara sing isa disinaoni saka Alkitab kanggo nguwatké wong liya.

13. Kaya sing dicritakké ing 1 Para Raja 19:5-8, apa sing ditindakké malaékat kanggo mbantu Èlia, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?

13 Mènèhi bantuan sing dibutuhké. Wektu arep dipatèni karo mungsuh-mungsuhé, Nabi Èlia sedhih banget nganti péngin mati. Yéhuwah ngutus salah siji malaékaté kanggo nguwatké lan mènèhi bantuan sing dibutuhké. Malaékat kuwi mènèhi panganan lan ngongkon Èlia mangan. (Wacanen 1 Para Raja 19:5-8.) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Mungkin awaké dhéwé ngrasa ora kepénak kanggo takon-takon soal perasaané sedulur sing lagi sedhih. Ning, awaké dhéwé tetep isa mènèhi bantuan sing dibutuhké. Misalé, awaké dhéwé isa ngekèki panganan, hadiah sing sederhana, utawa kartu ucapan sing isiné kata-kata sing nguwatké. Kuwi isa nggawé dhèwèké ngrasa ditresnani lan digatèkké.

14. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Èlia?

14 Ngupaya bèn sedulur sing lagi sedhih kuwi ngrasa ayem lan nyaman. Ana manèh sing isa disinaoni saka pengalamané Èlia. Yéhuwah nggawé mukjijat kanggo mbantu Nabi Èlia bèn kuwat mlaku nganti tekan Gunung Horèb. Mbiyèn, Yéhuwah tau nggawé perjanjian karo umaté ing panggonan kuwi. Ing kono, Èlia mungkin ngrasa aman merga adoh saka para mungsuh sing kepéngin matèni dhèwèké. Apa sing isa disinaoni? Nèk péngin mbantu korban pelècèhan, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn dhèwèké ngrasa nyaman. Contoné, ana sedulur wédok sing mungkin ngrasa luwih nyaman nèk omong-omongan karo para pinituwa ing omah, sing situasiné santai. Sing liyané mungkin ngrasa luwih nyaman nèk omong-omongan ing Balé Ibadah.

Awaké dhéwé isa nguwatké nèk seneng ngrungokké, ndonga bareng, lan nganggo omongan sing apik lan nentremké (Deloken paragraf 15-20) *

15-16. Apa sing perlu awaké dhéwé tindakké wektu ngrungokké sedulur sing lagi crita?

15 Seneng ngrungokké. Alkitab kandha, ”Saben wong kudu cepet ngrungokké, aja kesusu ngomong.” (Yak. 1:19) Apa kuwi artiné awaké dhéwé mung meneng waé wektu ana sing crita? Ora ngono. Contoné, wektu Èlia nyritakké perasaané, Yéhuwah bener-bener ngrungokké dhèwèké. Yéhuwah ngertèni perasaané Èlia sing lagi wedi, kesepian, lan rumangsa ora berharga. Yéhuwah nduduhké katresnané lan mbantu Èlia bèn ora sedhih manèh. Yéhuwah mbuktèkké nèk Dhèwèké bener-bener ngrungokké Èlia.​—1 Ra. 19:9-11, 15-18.

16 Wektu ngrungokké sedulur sing lagi crita, awaké dhéwé perlu sabar lan nduduhké nèk awaké dhéwé perduli karo dhèwèké. Awaké dhéwé mungkin isa ngomong, ”Aku mèlu sedhih ya. Aku ngerti nèk kuwi dudu salahmu.” Terus, awaké dhéwé isa nakoni dhèwèké bèn isa ngerti piyé perasaané. Omongané awaké dhéwé kudu nduduhké nèk awaké dhéwé bener-bener ngrungokké lan ngupaya kanggo ngertèni perasaané.​—1 Kor. 13:4, 7.

17. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar lan ora ”kesusu ngomong”?

17 Ning, awaké dhéwé ya perlu ngati-ati bèn ora ”kesusu ngomong”. Awaké dhéwé kudu sabar lan aja kesusu ngekèki saran utawa nyalahké dhèwèké. Mauné, Èlia ngomongké perasaan sedhihé marang Yéhuwah. Terus, Yéhuwah nguwatké dhèwèké. Ning, bar kuwi Èlia ngomongké perasaan sedhihé manèh nganggo kata-kata sing padha. (1 Ra. 19:9, 10, 13, 14) Apa sing isa disinaoni? Kadhang kala wong sing lagi susah atiné mungkin perlu bola-bali nyritakké perasaané. Awaké dhéwé kudu sabar ngrungokké kaya Yéhuwah. Aja kesusu ngekèki saran. Awaké dhéwé perlu nduduhké nèk awaké dhéwé perduli lan nresnani dhèwèké.​—1 Ptr. 3:8.

18. Piyé carané bèn dongané awaké dhéwé isa nguwatké wong sing lagi sedhih?

18 Ndonga bareng karo wong sing lagi sedhih. Saking sedhihé, mungkin dhèwèké ora isa ndonga dhéwé. Dhèwèké mungkin rumangsa ora pantes ndonga marang Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé isa ngejak ndonga bareng. Wektu ndonga, awaké dhéwé isa nyebutké jenengé lan kandha karo Yéhuwah nèk wong kuwi berharga kanggo awaké dhéwé lan jemaat. Awaké dhéwé isa njaluk bèn Yéhuwah nguwatké lan nggawé dhèwèké ayem. Donga sing kaya ngono bener-bener isa nguwatké.​—Yak. 5:16.

19. Apa sing kudu ditindakké sakdurungé ngomong bèn omongané isa nguwatké?

19 Nguwatké nganggo omongan sing apik lan nentremké. Awaké dhéwé kudu mikir dhisik sakdurungé ngomong. Omongan sing ora dipikir isa nglarani ati. Ning, omongan sing apik isa nambani lara ati. (WB. 12:18) Sakdurungé ngomong, awaké dhéwé isa ndonga bèn omongané awaké dhéwé isa nguwatké lan nentremké. Cara sing paling apik kanggo nguwatké liwat omongan yaiku nggunakké ayat-ayat saka Alkitab.​—Ibr. 4:12.

20. Piyé perasaané para sedulur sing tau ngalami pelècèhan, lan apa sing isa awaké dhéwé tindakké?

20 Para sedulur sing tau ngalami pelècèhan mungkin rumangsa nèk dhèwèké kuwi wis rusak, ora berharga, lan ora pantes disayangi. Kuwi ora bener. Dadi, gunakna ayat-ayat Alkitab kanggo nggawé dhèwèké yakin nèk Yéhuwah nganggep dhèwèké berharga. (Deloken kothak ” Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké”.) Mbiyèn, Nabi Danièl ya tau dikuwatké karo malaékat wektu rumangsa ora berharga lan susah. Yéhuwah péngin nggawé Danièl yakin nèk dhèwèké kuwi berharga. (Dn. 10:2, 11, 19) Dadi, para sedulur sing lagi sedhih kuwi ya bener-bener berharga kanggo Yéhuwah.

21. Apa sing bakal dialami karo wong-wong jahat sing ora mertobat lan saiki awaké dhéwé kudu nindakké apa?

21 Wektu nguwatké wong liya, awaké dhéwé ngélingké wong kuwi nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil. Yéhuwah ngerti wektu ana sing nindakké pelècèhan, senajan ora ana wong liya sing ngerti. Nèk wong kuwi ora mertobat, Yéhuwah kandha nèk dhèwèké bakal éntuk hukuman. (Wi. 14:18) Saiki, awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo nguwatké para sedulur sing dadi korban pelècèhan. Awaké dhéwé mesthi ya ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh akibat saka tumindaké Sétan lan wong-wong sing jahat. Sedhéla manèh, kabèh kesusahan lan sengsara bakal disingkirké.​—Yé. 65:17.

LAGU 109 Katresnan sing Sejati saka Ati

^ par. 5 Artikel iki bakal ngrembug apa sebabé wong-wong sing tau ngalami pelècèhan sèksual wektu isih cilik butuh terus dikuwatké. Awaké dhéwé ya arep ngrembug sapa sing isa nguwatké wong-wong kuwi lan piyé carané nguwatké.

^ par. 11 Wong sing tau ngalami pelècèhan isa mutuské dhéwé apa dhèwèké arep njaluk bantuan saka dokter utawa ora.

^ par. 76 GAMBAR: Sedulur wédok sing nguwatké sedulur wédok liya sing lagi susah atiné.

^ par. 78 GAMBAR: Pinituwa loro lagi nemoni sedulur wédok sing lagi sedhih. Ana sedulur wédok liya sing ngancani dhèwèké.