Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Bèn Ora Kejiret karo Siasaté Sétan

Carané Bèn Ora Kejiret karo Siasaté Sétan

WONG-WONG Israèl lagi siap-siap arep nyebrang Kali Yordan lan mlebu ing Tanah Perjanjian. Wektu kuwi, ana wong-wong wédok saka bangsa liya sing marani lan ngundang wong-wong lanang Israèl kanggo teka ing pésta. Pésta kuwi kétok nyenengké merga wong-wong Israèl isa mangan bareng, nari-nari, lan éntuk kanca sing anyar. Senajan wong-wong wédok kuwi nduwé kebiasaan lan tumindak sing ora cocog karo Hukum Musa, ana wong Israèl sing mungkin mikir, ’Ah, ora apa-apa. Aku bakal ngati-ati.’

Alkitab kandha, ”Bangsa iku banjur wiwit laku jina karo para wong wadon Moab.” Sakjané, wong-wong wédok kuwi péngin ngejak wong-wong lanang Israèl nyembah allah-allah palsu. Wong-wong wédok kuwi berhasil. Mula, Yéhuwah dadi nesu banget karo wong-wong Israèl.​—Wi. 25:1-3.

Wektu kuwi, ana éwonan wong Israèl sing mèlu-mèlu nyembah brahala lan nindakké laku jina. Merga nglanggar Hukum Musa, akhiré wong-wong kuwi mati. (Pa. 20:4, 5, 14; PT. 13:6-9) Padahal, nèk ora nglanggar Hukum Musa, wong-wong kuwi ora suwé manèh bakal mlebu ing Tanah Perjanjian.​—Wi. 25:5, 9.

Rasul Paulus kandha, ”Kabèh sing dialami wong-wong kuwi dadi piwulang, lan ditulis dadi pangéling-éling kanggo kita sing urip ing akir jaman iki.” (1 Kor. 10:7-11) Sétan mesthi seneng banget wektu wong-wong Israèl mau ora isa mlebu Tanah Perjanjian merga ora manut karo Yéhuwah. Sétan ya ora péngin awaké dhéwé urip ing donya anyar. Dadi, aja nganti awaké dhéwé niru apa sing ditindakké wong-wong Israèl mau.

BAHAYANÉ SIASATÉ SETAN

Sétan péngin njiret wong-wong Israèl. Mula, dhèwèké nggodha wong-wong kuwi bèn nindakké laku jina. Saiki, Sétan ya nggunakké siasat sing wis kebukti ampuh kuwi kanggo njiret wong-wong Kristen. Salah siji cara bèn siasaté berhasil, Sétan nggunakké pornografi.

Saiki, wong-wong isa ndelok pornografi tanpa dingertèni wong liya. Mbiyèn, nèk ana sing péngin ndelok pornografi, dhèwèké kudu lunga menyang bioskop utawa toko sing ngedol buku-buku porno. Dadi, wong liya isa ngerti nèk dhèwèké lunga mrono. Merga isin, wong-wong biasané dadi ora gelem mrono. Ning, saiki pornografi isa didelok liwat Internèt. Kuwi nggawé wong-wong isa ndelok pornografi ing panggonan nyambut gawé, ing njero mobil, utawa ing njero omahé dhéwé.

Malah, saiki pornografi ya isa didelok liwat HP utawa tablèt. Wong-wong dadi isa ndelok gambar-gambar sing saru liwat HP-né utawa tablèté pas lagi mlaku-mlaku, numpak bis, utawa numpak sepur.

Saiki, ana luwih akèh wong sing ndelok pornografi merga carané luwih gampang lan isa ndelok tanpa dingertèni wong liya. Ning, pornografi kuwi bener-bener bahaya. Wong-wong sing ndelok pornografi isa terus-terusan ngrasa bersalah, rumangsa ora berharga, lan hubungané karo bojoné ya isa rusak. Sing luwih parah, hubungané karo Gusti Allah ya isa rusak. Wong-wong sing ndelok pornografi biasané butuh wektu suwé bèn isa ngilangi pengaruhé, lan kadhang kala malah ana sing ora isa nindakké kuwi.

Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn ora kejiret karo siasaté Sétan iki. Awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah, aja kaya wong-wong Israèl jaman mbiyèn. (Pa. 19:5) Awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah sengit karo pornografi. Apa buktiné?

SENGIT KARO SING DISENGITI YÉHUWAH

Hukum saka Yéhuwah kuwi kaya témbok sing misahké bangsa Israèl saka bangsa-bangsa liyané sing tumindaké bejat. (PT. 4:6-8) Saka hukum kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah sengit wektu ana wong sing nindakké sèks bébas.

Sakwisé nyebutké tumindak bejaté bangsa-bangsa ing sekitaré Israèl, Yéhuwah kandha, ”Sira aja tiru-tiru . . . solah tingkahé wong ing tanah Kanaan, kang dadi tujuané anggoningSun ngirid lakunira. . . . Nagara iku wus dadi najis, sarta Ingsun wus malesaké kaluputané iku marang bangsa-bangsa iku.” Yéhuwah kuwi Allah sing suci. Mula, Yéhuwah nganggep tanah ing Kanaan kuwi najis merga tumindaké wong-wong ing kono bejat banget.​—Km. 18:3, 25.

Wong-wong Kanaan wis dihukum karo Yéhuwah. Ning, isih ana akèh wong liyané sing nindakké sèks bébas. Kira-kira luwih saka 1.500 taun sakwisé kuwi, Paulus nerangké nèk ana akèh wong sing ”wis ora ngerti pathokan moral, mulané padha tumindak kurang ajar lan péngin terus nindakké kabèh perkara sing najis”. (Éf. 4:17-19) Saiki, ya ana akèh wong sing ora isin nindakké sing saru-saru. Mula, umaté Yéhuwah kudu ngupaya tenanan bèn aja nganti ndelok gambar sing saru-saru kuwi.

Pornografi nggawé wong-wong dadi ngrèmèhké pathokané Yéhuwah. Apa sebabé? Yéhuwah nyiptakké manungsa bèn nduwé hati nurani lan sipat-sipat sing padha karo Dhèwèké. Yéhuwah wis nggawé aturan sing masuk akal soal hubungan sèks. Yéhuwah péngin manungsa isa nindakké hubungan sèks sing nyenengké nèk wis nikah. (Pd. 1:26-28; WB. 5:18, 19) Ning, wong-wong sing nggawé pornografi utawa sing ngejak-ngejaki wong liya ndelok pornografi ora nganggep aturané Yéhuwah kuwi penting. Mula, Yéhuwah bakal ngukum wong-wong kuwi merga ora ngajèni Dhèwèké.​—Rm. 1:24-27.

Wong-wong sing sengaja ndelok pornografi mungkin mikir nèk kuwi ora bahaya. Ning, wong-wong kuwi sakjané padha karo mèlu-mèlu ngrèmèhké pathokané Yéhuwah. Mungkin awalé wong-wong kuwi ora sengaja ndelok. Ning, Alkitab kandha nèk umaté Yéhuwah kuduné sengit karo pornografi. Alkitab njelaské, ”Hé wong kang padha tresna marang Sang Yéhuwah padha sengita marang piala!”​—Ms. 97:10.

Awaké dhéwé mesthiné ora péngin ndelok pornografi. Ning, merga ora sampurna, mungkin awaké dhéwé ya nduwé kepénginan sing salah lan nggolèk-nggolèk alesan kanggo mikir nèk pornografi kuwi ora bahaya. Awaké dhéwé mungkin dadi ngrasa nèk ngedohi pornografi kuwi ora gampang. (Ym. 17:9) Ning, ana akèh wong Kristen sing wis berhasil ngedohi pornografi. Awaké dhéwé ya isa nindakké kuwi. Alkitab isa mbantu awaké dhéwé kanggo nglawan siasaté Sétan.

AJA TERUS-TERUSAN DIPIKIRKÉ

Wong-wong Israèl sing dicritakké mau dadi cilaka merga ora nglawan kepénginané sing salah. Awaké dhéwé ya isa ngalami sing padha. Sedulur tiriné Yésus, yaiku Yakobus, tau njelaské, ”Saben wong . . . disèrèd lan dibujuk karo pepénginané dhéwé. Banjur, wektu pepénginan kuwi dadi kuwat, wong mau bakal nindakké dosa.” (Yak. 1:14, 15) Nèk kepénginan sing salah ora ndang disingkirké, kuwi isa nggawé awaké dhéwé nindakké dosa. Dadi, nèk mulai nduwé pikiran sing saru-saru, kuwi kudu disingkirké, aja terus-terusan dipikirké.

Awaké dhéwé kudu cepet-cepet nyingkirké pikiran sing saru. Yésus kandha, ”Mula, nèk tangan utawa sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa, tugelen lan buwangen kuwi. . . . Uga, nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa, cungkilen lan buwangen kuwi.” (Mat. 18:8, 9) Yésus ora ngongkon awaké dhéwé kanggo nugel tangan utawa sikil, lan nyungkil mripat tenanan. Sing dimaksud Yésus yaiku awaké dhéwé kudu nitèni apa waé sing isa marahi dosa lan kudu langsung tumindak nyingkirké kuwi. Piyé carané ngetrapké kuwi?

Nèk ngerti-ngerti ana gambar sing saru, aja mikir, ’Ah, ora apa-apa.’ Awaké dhéwé kudu langsung mléngos lan matèni TV-né, komputeré, utawa HP-né. Awaké dhéwé kudu mikirké perkara-perkara sing apik. Tujuané bèn awaké dhéwé isa nyingkirké kepénginan sing salah lan ora terus-terusan mikirké kuwi.

PIYÉ NÈK KÈLINGAN MANÈH?

Awaké dhéwé mungkin wis ora nonton pornografi manèh. Ning, kadhang kala awaké dhéwé mungkin isih kèlingan karo gambar-gambar sing saru. Akhiré, awaké dhéwé mungkin dadi kegodha kanggo nindakké apa sing salah, contoné masturbasi, yaiku ngrangsang alat kelaminé dhéwé bèn nafsu sèksualé isa dipuaské. Dadi, awaké dhéwé kudu ngati-ati merga isa waé awaké dhéwé nduwé pikiran sing saru-saru manèh. Awaké dhéwé kudu langsung nyingkirké pikiran sing saru kuwi.

Awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn isa nindakké lan mikirké apa sing nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé perlu niru Rasul Paulus, sing ’nggebugi awaké lan ndadèkké kuwi budhak’. (1 Kor. 9:27) Awaké dhéwé kudu nglawan kepénginan sing salah. Alkitab kandha, ”Maliha nganggo cara ngowahi cara mikirmu, supaya kowé isa mbuktèkké dhéwé kersané Gusti Allah sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Panjenengané.” (Rm. 12:2) Awaké dhéwé isa luwih puas nèk mikirké lan nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah ketimbang nindakké dosa.

Awaké dhéwé isa luwih puas nèk mikirké lan nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah ketimbang nindakké dosa

Awaké dhéwé isa ngéling-éling ayat-ayat Alkitab bèn dadi sengit karo pornografi lan isa nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah. Contoné, awaké dhéwé isa ngéling-éling Jabur 119:37; Yésaya 52:11; Matius 5:28; Éfésus 5:3; Kolose 3:5; lan 1 Tésalonika 4:4-8. Dadi, wektu mulai nduwé pikiran sing salah, awaké dhéwé isa langsung mikirké ayat-ayat kuwi.

Piyé nèk awaké dhéwé rumangsa ora isa ngilangi pikiran sing saru? Awaké dhéwé isa niru contoné Yésus. (1 Ptr. 2:21) Sakwisé Yésus dibaptis, Sétan terus nggodha Yésus. Ning, Yésus terus nolak godhaané Sétan. Yésus ngutip ayat-ayat Alkitab wektu nolak godhaané Sétan. Yésus kandha, ”Lungaa, Sétan!” Akhiré, Sétan ora nggodha Yésus manèh. (Mat. 4:1-11) Saiki, Sétan ya terus nggunakké apa sing ana ing donya iki kanggo nggodha awaké dhéwé bèn mikirké apa sing saru. Awaké dhéwé kudu terus nglawan Sétan lan aja nyerah, kaya contoné Yésus. Awaké dhéwé isa menang nglawan siasaté Sétan nganggo bantuané Yéhuwah.

TERUSA NDONGA LAN NYENENGKÉ YÉHUWAH

Awaké dhéwé kudu terus ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Paulus kandha, ”Nyuwuna bantuané Gusti Allah, . . . lan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati lan pikiranmu liwat Kristus Yésus.” (Flp. 4:6, 7) Yéhuwah isa mènèhi katentreman kanggo njaga pikirané awaké dhéwé bèn isa nglawan dosa. Nèk awaké dhéwé nyedhak marang Yéhuwah, ”[Yéhuwah] bakal nyedhak marang” awaké dhéwé.​—Yak. 4:8.

Nèk awaké dhéwé cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa dilindhungi saka siasat-siasaté Sétan. Yésus kandha, ”Panguwasa donya iki [Sétan] bakal teka, lan dhèwèké ora nduwé kuwasa marang aku.” (Yoh. 14:30) Apa sebabé Yésus isa ngomong kaya ngono? Dhèwèké njelaské, ”Panjenengané sing ngutus aku ana bareng karo aku. Panjenengané ora ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké perkara-perkara sing nyenengké Panjenengané.” (Yoh. 8:29) Yéhuwah ya ora bakal ninggalké awaké dhéwé, nèk awaké dhéwé ngupaya kanggo nindakké apa sing nyenengké Dhèwèké. Sétan ora bakal isa njiret awaké dhéwé, nèk awaké dhéwé ngedohi pornografi.