Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 29

”Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Muridku”

”Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Muridku”

”Mula, padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.”​—MAT. 28:19.

LAGU 60 Urip Langgeng kanggo Kabèh sing Nampa

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Nurut Matius 28:18-20, wong-wong Kristen dikèki tugas apa karo Yésus? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

SAKWISÉ diuripké manèh, Yésus ngejak murid-muridé ngumpul ing gunung. Murid-muridé Yésus mesthi penasaran lan péngin ngerti apa sing arep diomongké Yésus. (Mat. 28:16) Mungkin kuwi peristiwané wektu Yésus ”nemoni luwih saka 500 sedulur ing sak panggonan”. (1 Kor. 15:6) Yésus ngumpulké para muridé kanggo ngekèki tugas sing penting iki, ”Padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.”​—Wacanen Matius 28:18-20.

2 Para murid sing ngumpul wektu kuwi akhiré dadi bagéan saka jemaat Kristen abad pertama. Wong-wong sing dadi anggota jemaat kuwi nduwé tugas penting, yaiku mbantu sak akèh-akèhé wong dadi muridé Yésus. * Saiki, wong-wong Kristen sing ana ing luwih saka satus éwu jemaat sakdonya ya nduwé tugas sing padha. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Apa sebabé tugas iki penting banget? Apa sing perlu awaké dhéwé tindakké? Apa kabèh wong Kristen isa mèlu nindakké tugas iki? Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar wektu nindakké tugas iki?

APA SEBABÉ TUGAS IKI PENTING BANGET?

3. Nurut Yohanes 14:6 lan 17:3, apa sebabé mbantu wong-wong dadi muridé Yésus kuwi penting banget?

3 Tugas iki penting banget merga sing isa dadi kancané Gusti Allah ya mung wong-wong sing dadi muridé Yésus. Sakliyané kuwi, wong-wong sing dadi muridé Yésus isa luwih bahagia lan nduwé harapan kanggo urip saklawasé. (Wacanen Yohanes 14:6; 17:3.) Iki pancèn tugas sing penting banget saka Yésus. Ning, awaké dhéwé ora kudu nindakké iki dhèwèkan. Rasul Paulus kandha nèk dhèwèké lan para sedulur seimané dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”. (1 Kor. 3:9) Yéhuwah lan Yésus ngekèki tugas sing penting iki kanggo manungsa sing ora sampurna. Iki bener-bener dadi tugas sing istiméwa kanggo awaké dhéwé.

4. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Ivan lan Matilde?

4 Tugas iki ya nyenengké banget. Gatèkna pengalamané Ivan, lan bojoné sing jenengé Matilde, sing manggon ing Kolombia. Wong loro kuwi nginjil marang Davier, wong lanang sing isih enom. Davier kandha, ”Aku péngin ngowahi uripku, ning aku ora isa.” Davier kuwi petinju sing senengané mabuk-mabukan, nganggo narkoba, lan manggon sak omah karo pacaré, sing jenengé Erika. Ivan crita, ”Davier mulai sinau Alkitab karo aku. Merga omahé ing dhaérah plosok, aku lan bojoku kudu numpak sepédha nganti pirang-pirang jam. Dalan sing tak liwati ya kebak lumpur. Suwé-suwé sikapé Davier dadi luwih apik lan Erika dadi gelem mèlu sinau Alkitab.” Akhiré, Davier ora mabuk-mabukan, nggunakké narkoba, lan main tinju manèh. Davier ya nikah karo Erika. Matilde crita, ”Wektu Davier lan Erika dibaptis taun 2016, aku kèlingan nèk Davier mbiyèn ngomong, ’Aku péngin ngowahi uripku, ning aku ora isa.’ Aku lan bojoku trenyuh banget.” Awaké dhéwé mesthi ya seneng banget nèk isa mbantu wong-wong dadi muridé Yésus.

APA WAÉ SING KUDU DITINDAKKÉ?

5. Bèn isa mbantu wong-wong dadi murid, sing pertama awaké dhéwé kudu nindakké apa?

5 Bèn isa mbantu wong-wong dadi murid, sing pertama awaké dhéwé kudu nggolèki wong-wong sing gelem kenal karo Yéhuwah. (Mat. 10:11) Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo ngandhani kabèh wong soal Yéhuwah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé iki seksiné Yéhuwah lan manut karo préntahé Yésus.

6. Piyé carané bèn wong-wong gelem ngrungokké wektu awaké dhéwé nginjil?

6 Ana wong-wong sing pancèn péngin sinau Alkitab. Ning, akèh-akèhé wong biasané ora pati perduli. Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn wong-wong kuwi gelem ngrungokké. Awaké dhéwé perlu persiapan dhisik lan mikirké topik apa waé sing disenengi wong-wong. Awaké dhéwé ya perlu mikirké kata pengantar sing cocog.

7. Piyé carané awaké dhéwé isa mulai omong-omongan wektu nginjil, lan apa sebabé ngrungokké lan ngajèni wong liya kuwi penting?

7 Contoné, mungkin awaké dhéwé isa ngomong karo wong sing ditemoni wektu nginjil, ”Apa aku éntuk takon pendapaté njenengan? Saiki, ana akèh masalah ing donya. Nurut njenengan, apa pamréntahané manungsa isa ngatasi kabèh masalah ing donya?” Terus, awaké dhéwé isa macakké Dhanièl 2:44. Conto liyané, awaké dhéwé isa ngomong, ”Nurut njenengan, piyé carané ndhidhik bocah-bocah bèn dadi wong sing apik?” Terus, awaké dhéwé isa macakké Pangandharing Torèt 6:6, 7. Dadi, awaké dhéwé perlu mikirké apa manfaaté topik Alkitab sing arep disampèkké kanggo wong-wong sing awaké dhéwé temoni. Awaké dhéwé ya perlu ngrungokké dhèwèké lan ngajèni pendapaté. Hasilé, wong-wong bakal gelem ngrungokké awaké dhéwé.

8. Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus ngupaya kanggo marani manèh?

8 Bèn wongé gelem sinau Alkitab, awaké dhéwé perlu terus ngupaya marani manèh. Kenapa? Merga wong-wong mungkin ora ana ing omahé pas awaké dhéwé marani manèh. Awaké dhéwé mungkin ya perlu bola-bali marani nganti dhèwèké percaya karo awaké dhéwé lan gelem sinau Alkitab. Bèn wong-wong isa saya sayang karo Yéhuwah lan Yésus, dhèwèké kudu terus sinau Alkitab. Kuwi padha kaya tanduran sing kudu terus disirami bèn isa thukul.

APA KABÈH WONG KRISTEN ISA MÈLU NINDAKKÉ TUGAS IKI?

Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya nggolèki wong-wong sing gelem kenal karo Yéhuwah (Deloken paragraf 9-10) *

9-10. Apa kabèh wong Kristen isa mèlu mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus? Terangna.

9 Kabèh wong Kristen isa mèlu mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus. Tugas kuwi isa dipadhakké kaya nggolèki bocah ilang. Ing salah siji dhaérah, ana bocah umur telung taun sing ilang. Ana kira-kira wong 500 sing mèlu nggolèki. Sakwisé 20 jam, akhiré ana sing nemokké bocah kuwi ing ladhang. Wong sing nemokké kuwi ora gelem dipuji-puji. Dhèwèké kandha nèk bocah kuwi isa ditemokké merga upayané wong akèh.

10 Kaya bocah sing ilang mau, akèh wong saiki butuh dibantu merga ora nduwé harapan. (Éf. 2:12) Ana luwih saka wolung juta penginjil sing kerja sama kanggo nggolèki wong-wong sing isa dibantu. Mungkin njenengan durung ketemu karo wong sing gelem sinau Alkitab. Ning, mungkin ana penginjil liyané sing wis nemokké wong sing gelem sinau Alkitab ing dhaérahé njenengan. Wektu ana sedulur sing nemokké wong sing gelem dadi muridé Yésus, awaké dhéwé kabèh mesthi ya mèlu seneng.

11. Cara liya apa sing isa awaké dhéwé gunakké kanggo mbantu wong-wong dadi muridé Yésus?

11 Mungkin durung ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé isa nggunakké cara liya kanggo mbantu wong-wong dadi muridé Yésus. Contoné, wektu wong-wong sing sinau Alkitab mulai teka ing perhimpunan, awaké dhéwé isa nyambut wong-wong kuwi. Nèk awaké dhéwé ramah lan apikan, wong-wong kuwi isa ngrasa ditresnani lan dadi yakin nèk awaké dhéwé iki wong Kristen sing sejati. (Yoh. 13:34, 35) Awaké dhéwé ya isa ngekèki conto bèn wong-wong kuwi ngerti carané ngekèki komentar sing singkat lan apik ing perhimpunan. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé isa mbantu penginjil sing isih anyar bèn isa niru contoné Yésus. Misalé, awaké dhéwé isa ngancani lan nglatih dhèwèké bèn luwih trampil nggunakké Alkitab wektu mulang.​—Luk. 10:25-28.

12. Apa awaké dhéwé kudu nduwé bakat mulang bèn isa mbantu wong-wong dadi muridé Yésus? Terangna.

12 Awaké dhéwé ora kudu nduwé bakat mulang bèn isa mbantu wong-wong dadi muridé Yésus. Contoné, ana sedulur wédok ing Bolivia sing jenengé Faustina. Wektu pertama kali ketemu karo Seksi Yéhuwah, dhèwèké ora isa maca. Sakwisé kuwi, dhèwèké sinau bèn isa maca. Saiki dhèwèké wis dibaptis lan isa mèlu mbantu wong-wong sinau Alkitab. Saben minggu, dhèwèké biasané mbantu wong lima sinau Alkitab. Senajan Faustina ora pati pinter maca, ning dhèwèké wis mbantu wong enem sinau Alkitab nganti dibaptis.​—Luk. 10:21.

13. Senajan sibuk, apa manfaaté nèk awaké dhéwé mèlu mbantu wong-wong sinau Alkitab?

13 Senajan sibuk, ana akèh wong Kristen sing tetep ngupaya bèn isa mbantu wong-wong sinau Alkitab. Kuwi dadi gawéan sing nyenengké banget. Contoné, ana sedulur wédok ing Alaska sing jenengé Melanie. Dhèwèké wis ora nduwé bojo lan nduwé anak wédok sing umuré wolung taun. Dhèwèké kudu kerja saben dina lan ngopèni bapaké sing lara kanker. Melanie manggon ing dhaérah plosok lan ora ana Seksi Yéhuwah liya ing kono. Melanie péngin isa mbantu wong liya sinau Alkitab. Dadi, dhèwèké kerep ndonga bèn isa nginjil senajan hawané adhem banget. Akhiré, dhèwèké ketemu karo Sara sing seneng banget wektu ngerti nèk Gusti Allah nduwé jeneng. Sara akhiré gelem sinau Alkitab. Melanie cerita, ”Nèk wis Jumat bengi, biasané aku wis kesel banget. Ning, aku lan anakku tetep lunga kanggo mbantu Sara sinau Alkitab. Aku lan anakku seneng merga Sara nduwé akèh pitakonan lan akhiré dadi umaté Yéhuwah.” Sara tetep kendel senajan ngadhepi akèh tantangan. Dhèwèké metu saka gréjané lan akhiré dibaptis.

APA SEBABÉ KUDU SABAR?

14. (a) Apa sebabé mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus kuwi isa dipadhakké karo mancing? (b) Apa sing isa disinaoni saka kata-katané Paulus ing 2 Timotius 4:1, 2?

14 Aja nyerah nèk awaké dhéwé durung nemokké wong sing gelem sinau Alkitab. Yésus kandha nèk mbantu wong-wong bèn dadi muridé kuwi padha karo wong mancing. Biasané, wong mancing kuwi kudu ngentèni nganti pirang-pirang jam bèn isa éntuk iwak. Kadhang kala nggolèk iwaké kudu bengi-bengi utawa ésuk-ésuk banget, lan mungkin kudu lunga menyang panggonan sing adoh. (Luk. 5:5) Dadi, para penginjil kudu sabar lan mungkin kudu nginjil ing panggonan sing béda-béda bèn isa ketemu karo akèh wong. Nèk terus ngupaya, awaké dhéwé akhiré isa ketemu karo wong-wong sing gelem sinau Alkitab. Awaké dhéwé isa ngupaya nggolèk wektu lan panggonan sing cocog bèn isa ketemu karo luwih akèh wong.​—Wacanen 2 Timotius 4:1, 2.

Awaké dhéwé kudu sabar wektu mbantu wong-wong sing sinau bèn wong-wong kuwi isa cedhak lan manut karo Yéhuwah (Deloken paragraf 15-16) *

15. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar wektu mbantu wong-wong sinau Alkitab?

15 Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar wektu mbantu wong-wong sinau Alkitab? Salah siji alesané yaiku merga awaké dhéwé ora mung kudu mbantu wong-wong bèn ngerti isiné Alkitab, ning ya bèn wong-wong kuwi kenal lan sayang karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi ora mung perlu ngerti apa waé préntahé Yésus, ning ya kudu ngerti carané ngetrapké. Awaké dhéwé kudu sabar mbantu dhèwèké bèn isa ngetrapké apa sing disinaoni saka Alkitab. Ana sing pirang-pirang sasi waé wis isa ngetrapké, ning ana sing butuh wektu luwih suwé.

16. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané utusan injil sing mbantu Raúl?

16 Ana utusan injil ing Peru sing nduwé pengalaman sing apik. Dhèwèké crita, ”Ana sing sinau Alkitab karo aku sing jenengé Raúl. Dhèwèké wis sinau rong buku, ning isih kerep ngomong kasar, nduwé masalah karo bojoné, lan ora diajèni karo anak-anaké. Ning Raúl ajeg berhimpun, dadi aku tetep mbantu dhèwèké lan keluargané nganti telung taun luwih. Akhiré dhèwèké isa berubah lan dibaptis.”

17. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

17 Yésus kandha, ”Padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.” Bèn isa nindakké tugas kuwi, awaké dhéwé ya kudu nginjil marang wong-wong sing ora nduwé agama utawa sing ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Artikel sakbanjuré bakal ngrembug carané nginjil marang wong-wong sing kaya ngono.

LAGU 68 Nyebar Winih bab Kratoné Allah

^ par. 5 Wong-wong Kristen nduwé tugas penting yaiku mbantu wong-wong dadi muridé Yésus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé nindakké tugas kuwi.

^ par. 2 KATRANGAN: Wong-wong sing disebut muridé Yésus kuwi ora mung sinau ajarané Yésus. Wong-wong kuwi ya ngetrapké ajarané Yésus lan ngupaya sak isa-isané kanggo niru contoné Yésus.​—1 Ptr. 2:21.

^ par. 52 GAMBAR: Wong lanang iki éntuk selebaran ing bandara pas arep lunga liburan. Pas lagi mlaku-mlaku, dhèwèké ndelok Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ing panggonan umum. Sakwisé tekan omah, Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ing omahé.

^ par. 54 GAMBAR: Wong lanang iki gelem sinau Alkitab lan akhiré dibaptis.