Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 27

Siap-Siap Ngadhepi Penganiayaan

Siap-Siap Ngadhepi Penganiayaan

”Kabèh wong sing urip nyawiji karo Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah, uga bakal dianiaya.”​—2 TIM. 3:12.

LAGU 129 Kudu Tekun lan Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé awaké dhéwé kudu siap ngadhepi tantangan?

ING bengi sakdurungé mati, Yésus wis kandha nèk wong-wong sing dadi muridé mesthi bakal disengiti karo wong liya. (Yoh. 17:14) Saka jamané Yésus nganti saiki, ana akèh wong Kristen sing setya sing dianiaya. (2 Tim. 3:12) Apa manèh pungkasané donya iki wis cedhak. Awaké dhéwé ya mesthi bakal ngadhepi luwih akèh tantangan.​—Mat. 24:9.

2-3. (a) Apa akibaté nèk awaké dhéwé nduwé rasa wedi? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Piyé carané bèn isa siap ngadhepi tantangan? Awaké dhéwé ora perlu mbayangké tantangan apa waé sing bakal kelakon sukmbèn. Nèk awaké dhéwé mikirké sing èlèk-èlèk, awaké dhéwé isa dadi wedi lan akhiré mandheg ngabdi, padahal tantangan kuwi durung kelakon. (WB. 12:25; 17:22) Sétan, mungsuhé awaké dhéwé, péngin nggawé awaké dhéwé dadi wedi lan ora ngabdi manèh marang Yéhuwah. (1 Ptr. 5:8, 9) Dadi, awaké dhéwé kudu piyé?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn dadi saya akrab karo Yéhuwah lan apa sebabé kuwi penting. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa luwih kendel lan apa sing isa ditindakké wektu disengiti karo wong liya.

CARANÉ BÈN SAYA AKRAB KARO YÉHUWAH

4. Apa sing isa disinaoni saka Ibrani 13:5, 6 lan apa sebabé kuwi penting?

4 Kudu yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan ora bakal ninggalké awaké dhéwé. (Wacanen Ibrani 13:5, 6.) Ndhisik, majalah The Watchtower tau kandha, ”Wong sing akrab karo Yéhuwah bakal bener-bener ngendelké Yéhuwah wektu dianiaya.” Dadi, awaké dhéwé kudu bener-bener sayang lan ngendelké Yéhuwah bèn isa tetep setya wektu dianiaya. Awaké dhéwé ya kudu yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé.​—Mat. 22:36-38; Yak. 5:11.

5. Piyé carané bèn isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé?

5 Kudu maca Alkitab saben dina bèn isa saya akrab karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Wektu maca omongan lan tumindaké Yéhuwah sing dicathet ing Alkitab, awaké dhéwé perlu mikirké sipat-sipaté Yéhuwah. Awaké dhéwé isa dadi ngerti nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. (Pa. 34:6) Ana sing mungkin ora isa percaya nèk Gusti Allah sayang karo dhèwèké, merga rumangsa ora disayangi karo wong liya. Nèk awaké dhéwé ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé perlu mikirké lan nulis apa waé sing wis Yéhuwah tindakké kanggo awaké dhéwé saben dina. (Ms. 78:38, 39; Rm. 8:32) Wektu ngrenungké isiné Alkitab lan mikirké apa waé sing wis awaké dhéwé alami, awaké dhéwé isa dadi ngerti nèk Yéhuwah pancèn sayang karo awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé bakal dadi saya akrab karo Yéhuwah.​—Ms. 116:1, 2.

6. Nurut Jabur 94:17-19, apa manfaaté nèk awaké dhéwé kerep ndonga?

6 Kudu kerep ndonga. Bayangna ana cah lanang sing lagi dirangkul karo bapaké. Bocah kuwi isa crita apa waé merga ngrasa disayangi karo bapaké. Awaké dhéwé ya isa ngrasa kaya ngono nèk saben dina ndonga marang Yéhuwah. (Wacanen Jabur 94:17-19.) Wektu ndonga, awaké dhéwé isa nyritakké marang Yéhuwah soal apa waé sing marahi wedi lan kuwatir. (KP. 2:19) Hasilé, awaké dhéwé isa ngrasakké ”katentreman sing ora isa dipahami manungsa” sing asalé saka Gusti Allah. (Flp. 4:6, 7) Nèk awaké dhéwé kerep ndonga, awaké dhéwé bakal dadi saya akrab karo Yéhuwah.​—Rm. 8:38, 39.

Awaké dhéwé isa tetep kendel nèk yakin karo Yéhuwah lan Kratoné

Stanley Jones isa tetep setya merga yakin karo Kratoné Allah (Deloken paragraf 7)

7. Apa sebabé awaké dhéwé kudu yakin nèk janji-janjiné Kratoné Allah mesthi bakal kelakon?

7 Kudu yakin nèk janji-janjiné Kratoné Allah mesthi bakal kelakon. (Wi. 23:19) Nèk awaké dhéwé wis yakin karo janji-janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé ora gampang wedi wektu ana tantangan saka Sétan lan para pengikuté. (WB. 24:10; Ibr. 2:15) Piyé carané bèn awaké dhéwé saya yakin? Awaké dhéwé perlu sinau luwih akèh soal janji-janjiné Kratoné Allah lan bukti-bukti sing isa nggawé awaké dhéwé yakin. Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané Stanley Jones, sing wis dipenjara pitung taun merga kepercayaané. Apa sebabé dhèwèké isa tetep setya? Dhèwèké kandha, ”Imanku isa kuwat merga ngerti lan yakin tenan karo janji-janjiné Kratoné Allah. Ora ana sing isa nggawé aku mandheg ngabdi marang Yéhuwah.” Nèk awaké dhéwé yakin karo janji-janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé bakal dadi saya akrab karo Yéhuwah lan ora gampang wedi.​—WB. 3:25, 26.

8. Apa sebabé awaké dhéwé isa luwih siap ngadhepi tantangan nèk ajeg teka berhimpun mulai saiki? Terangna.

8 Kudu ajeg teka berhimpun. Awaké dhéwé isa dadi saya akrab karo Yéhuwah nèk teka berhimpun. Apa sebabé awaké dhéwé isa luwih siap ngadhepi tantangan nèk ajeg teka berhimpun mulai saiki? (Ibr. 10:24, 25) Isa waé sukmbèn pamréntah nglarang awaké dhéwé kanggo berhimpun. Dadi, mungkin awaké dhéwé kudu luwih ngati-ati nèk mèh ketemu karo sedulur-sedulur seiman. Nèk saiki waé awaké dhéwé ora teka berhimpun mung merga masalah sing sepélé, apa manèh sukmbèn. Ning, nèk awaké dhéwé saiki nduwé tékad kanggo terus teka berhimpun, awaké dhéwé dadi ora gampang nyerah nèk dilarang berhimpun. Awaké dhéwé kudu seneng berhimpun mulai saiki. Dadi, awaké dhéwé bakal luwih manut karo Gusti Allah senajan dilarang berhimpun karo para mungsuh.​—Kis. 5:29.

Ngapalké ayat-ayat Alkitab lan lagu-lagu rohani isa mbantu awaké dhéwé bèn tetep setya senajan dianiaya (Deloken paragraf 9) *

9. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngapalké ayat-ayat Alkitab?

9 Ngapalké ayat-ayat sing disenengi. (Mat. 13:52) Yéhuwah isa nggunakké roh suciné kanggo mbantu awaké dhéwé bèn isa ngéling-éling ayat-ayat kuwi. (Yoh. 14:26) Ana sedulur lanang ing Jerman Timur sing dipenjara lan dilebokké ing ruangan sing sempit. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng banget merga wis ngapalké atusan ayat Alkitab. Senajan dhèwèkan, aku ora ngalamun merga isa mikirké ayat-ayat kuwi manèh.” Sedulur kuwi isa tetep setya lan akrab karo Yéhuwah merga ngapalké ayat-ayat Alkitab.

(Deloken paragraf 10) *

10. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngapalké lagu-lagu rohani?

10 Ngapalké lan nyanyi lagu-lagu sing ngluhurké Yéhuwah. Wektu dipenjara ing Filipi, Paulus lan Silas ngéling-éling lan nyanyèkké lagu-lagu kanggo muji Yéhuwah. (Kis. 16:25) Wektu dibuwang menyang Siberia, para sedulur ing bekas Uni Soviet ya nindakké sing padha. Sedulur Mariya Fedun nyritakké pengalamané, ”Aku lan para sedulur isa ngéling-éling lan nyanyèkké lagu-lagu saka buku nyanyian.” Kuwi isa nguwatké lan mbantu para sedulur kuwi bèn tetep cedhak karo Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé ya perlu ngapalké lagu-lagu sing disenengi lan sing isa nguwatké saka buku nyanyian lan situs webé Seksi Yéhuwah.​—Deloken kothak ” Bantu Aku Bèn Kendel”.

CARANÉ BÈN LUWIH KENDEL

11-12. (a) Nurut 1 Samuèl 17:37, 45-47, apa sebabé Daud isa kendel? (b) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Daud?

11 Awaké dhéwé kudu kendel wektu ngadhepi tantangan. Piyé carané? Wong isa kendel dudu merga pinter utawa gedhé lan kuwat awaké. Contoné, Daud sing isih enom wani ngadhepi Goliat, raksasa sing nantang Yéhuwah. Padahal, Daud kuwi luwih cilik, luwih ringkih, lan ora nduwé perlengkapan senjata kaya Goliat. Ning, Daud kendel lan wani nglawan Goliat.

12 Apa sebabé Daud isa kendel? Daud yakin tenan nèk Yéhuwah terus nulungi dhèwèké. (Wacanen 1 Samuèl 17:37, 45-47.) Goliat kuwi pancèn luwih kuwat ketimbang Daud. Ning, Daud ya ngerti nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang Goliat. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Bèn isa kendel, awaké dhéwé kudu percaya nèk Yéhuwah bakal terus nulungi awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya kudu kèlingan nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang para mungsuhé awaké dhéwé. (2 Bb. 20:15; Ms. 16:8) Piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi luwih kendel mulai saiki?

13. Terangna piyé carané bèn isa dadi luwih kendel.

13 Awaké dhéwé isa dadi luwih kendel nèk sregep nginjil. Kenapa? Nèk sregep nginjil, awaké dhéwé isa dadi luwih yakin karo Yéhuwah lan ora wedi karo manungsa. (WB. 29:25) Mula, awaké dhéwé perlu sregep nginjil ing ngendi waé, misalé ing omah-omah, panggonan umum, dhaérah bisnis, lan nginjil ora resmi. Kuwi isa dipadhakké kaya wong sing sregep olahraga bèn ototé isa dadi luwih kuwat. Nèk mulai saiki awaké dhéwé wis ngupaya bèn dadi luwih kendel, awaké dhéwé sukmbèn bakal tetep wani nginjil senajan dilarang.​—1 Tés. 2:1, 2.

Nancy Yuen ora gelem mandheg nginjil (Deloken paragraf 14)

14-15. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Nancy Yuen lan Valentina Garnovskaya?

14 Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané loro sedulur wédok sing kendel banget. Sing pertama yaiku Nancy Yuen. Dhuwuré Nancy Yuen kuwi kira-kira mung 1.5 mèter, ning Nancy kuwi dudu wong sing jirih. * Dhèwèké tetep nginjil senajan dilarang. Akhiré, dhèwèké dipenjara nganti kira-kira 20 taun ing Cina. Petugas sing nakon-nakoni Nancy kandha nèk Nancy kuwi ”wong sing paling keras kepala” ing negara kuwi.

Valentina Garnovskaya yakin tenan nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké (Deloken paragraf 15)

15 Sing keloro yaiku Valentina Garnovskaya, sing dipenjara ping telu ing bekas Uni Soviet nganti kira-kira 21 taun. * Kenapa? Dhèwèké tetep nékad nginjil nganti para petugas kandha nèk dhèwèké kuwi ”penjahat sing berbahaya”. Apa sebabé para sedulur wédok kuwi isa kendel banget? Para sedulur kuwi yakin tenan nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké.

16. Bèn isa bener-bener kendel, awaké dhéwé kudu piyé?

16 Kaya sing wis dirembug mau, sing isa nggawé awaké dhéwé kendel kuwi dudu kesanggupan lan kekuwatané awaké dhéwé. Bèn isa bener-bener kendel, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah bakal terus ndhukung lan nulungi awaké dhéwé.​—PT. 1:29, 30; Za. 4:6.

WEKTU DISENGITI WONG LIYA

17-18. Apa kandhané Yésus sing dicathet ing Yohanes 15:18-21? Terangna.

17 Awaké dhéwé mesthi seneng nèk diajèni wong liya. Ning, aja cilik ati nèk wong-wong ora seneng karo awaké dhéwé. Yésus kandha, ”Bungah kowé nèk ana wong-wong sing sengit marang kowé, nèk wong-wong kuwi ngedohi kowé, ngécé kowé, lan ngèlèk-èlèk jenengmu merga Putrané manungsa.” (Luk. 6:22) Apa maksud omongané Yésus?

18 Apa nurut Yésus disengiti wong liya kuwi nyenengké? Ora ngono. Yésus mung ngandhani nèk awaké dhéwé mesthi bakal disengiti karo wong liya merga ora dadi bagéan saka donya iki. Awaké dhéwé ya disengiti wong liya merga ngetrapké lan martakké ajarané Yésus. (Wacanen Yohanes 15:18-21.) Awaké dhéwé péngin nyenengké Yéhuwah. Dadi, nèk awaké dhéwé disengiti wong liya merga péngin nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé ora perlu wedi.

19. Piyé carané awaké dhéwé isa niru contoné para rasul?

19 Aja nganti awaké dhéwé wedi karo wong liya lan akhiré isin ngakoni nèk awaké dhéwé iki Seksi Yéhuwah (Mi. 4:5) Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané para rasul sing kendel nginjil ing Yérusalèm ora suwé sakwisé Yésus mati. Para rasul kuwi ngerti nèk para pemimpin agama Yahudi sengit karo para rasul. (Kis. 5:17, 18, 27, 28) Ning, para rasul tetep lunga menyang bait lan nginjil ing kono. Dadi, wong liya ngerti nèk wong-wong kuwi muridé Yésus. (Kis. 5:42) Para muridé Yésus kuwi ora wedi babar blas. Awaké dhéwé ya isa dadi kendel nèk kerep nginjil ing panggonan nyambut gawé, ing sekolahan, utawa ing lingkungan omah, bèn wong-wong ngerti nèk awaké dhéwé iki Seksi Yéhuwah.​—Kis. 4:29; Rm. 1:16.

20. Apa sebabé para rasul isa tetep bungah senajan disengiti?

20 Para rasul ngerti nèk wong-wong padha sengit merga para rasul kuwi nindakké kersané Yéhuwah. Mula, para rasul kuwi tetep bungah senajan disengiti lan malah nganggep kuwi dadi kaurmatan. (Luk. 6:23; Kis. 5:41) Rasul Pétrus ya tau nulis, ”Senajan kowé kudu sengsara demi apa sing bener, kowé bakal bungah.” (1 Ptr. 2:19-21; 3:14) Awaké dhéwé ngerti nèk umaté Yéhuwah disengiti merga nindakké apa sing bener. Mula, awaké dhéwé ora perlu wedi.

MANFAATÉ NÈK SIAP-SIAP MULAI SAIKI

21-22. (a) Apa sing arep njenengan tindakké bèn isa siap-siap ngadhepi penganiayaan? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

21 Awaké dhéwé ora ngerti kapan wong-wong utawa pamréntah bakal nganiaya lan nglarang kegiatan ibadahé awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé isa siap-siap mulai saiki. Awaké dhéwé perlu ngupaya bèn dadi saya akrab karo Yéhuwah, bèn isa luwih kendel, lan bèn ora wedi karo manungsa. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé bèn tetep setya marang Yéhuwah.

22 Lha piyé nèk saiki ibadahé awaké dhéwé dilarang? Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug pathokané Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé bèn terus setya ngabdi senajan dilarang.

LAGU 118 ’Nyuwun Tulung Tambahi Imanku’

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi bakal dianiaya senajan sakjané ora péngin disengiti karo wong liya. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau carané bèn tetep kendel senajan dianiaya.

^ par. 14 Deloken video Nama Yehuwa Pasti Akan Dikenal ing JW Broadcasting®. Deloken ing bagéan WAWANCARA DAN PENGALAMAN.

^ par. 15 Deloken Buku Tahunan 2008, halaman 191-192.

^ par. 66 GAMBAR: Pas ibadah keluarga, wong tuwa ngajari anak-anaké kanggo ngapalké ayat-ayat Alkitab nggunakké kartu ayat.

^ par. 69 GAMBAR: Pas mangkat berhimpun, keluarga iki latihan nyanyi lagu-lagu saka buku nyanyian ing mobil.