Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 28

Tetep Ngabdi Senajan Dilarang karo Pamréntah

Tetep Ngabdi Senajan Dilarang karo Pamréntah

”Aku ora isa mandheg ngomongké bab perkara-perkara sing wis tak delok lan tak rungokké.”​—KIS. 4:19, 20.

LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Apa sebabé awaké dhéwé kudu siap nèk kegiatan ibadahé dilarang karo pamréntah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

ING 2018, ana luwih saka 223.000 penginjil ing pirang-pirang negara sing ora isa bébas nindakké kegiatan ibadahé, utawa malah dilarang karo pamréntah. Kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, wong-wong Kristen sejati pancèn bakal dianiaya. (2 Tim. 3:12) Pamréntah isa waé ngerti-ngerti nglarang kegiatan ibadah ing dhaérahé awaké dhéwé.

2 Nèk kegiatan ibadah ing dhaérahé awaké dhéwé dilarang, mungkin awaké dhéwé mikir, ’Apa Yéhuwah wis ora sayang karo awaké dhéwé? Apa awaké dhéwé pancèn wis ora isa ngibadah manèh? Apa aku kudu pindhah menyang dhaérah liya sing ora dilarang karo pamréntah?’ Ing artikel iki, awaké dhéwé arep ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa waé sing isa ditindakké lan apa waé sing aja ditindakké bèn awaké dhéwé isa tetep ngabdi senajan dilarang pamréntah.

APA YÉHUWAH WIS ORA SAYANG KARO AWAKÉ DHÉWÉ?

3. Kaya sing dicritakké ing 2 Korintus 11:23-27, Paulus ngadhepi tantangan apa waé, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?

3 Nèk kegiatan ibadahé awaké dhéwé dilarang karo pamréntah, apa kuwi bukti nèk Yéhuwah wis ora sayang karo awaké dhéwé? Ora ngono. Awaké dhéwé isa ndelok contoné Rasul Paulus. Yéhuwah mesthi sayang karo dhèwèké. Paulus éntuk tugas penting kanggo nulis 14 surat sing dadi bagéan saka Kitab-Kitab Yunani Kristen. Dhèwèké ya dadi rasul sing diutus marang bangsa-bangsa. Ning, Paulus ya dianiaya. (Wacanen 2 Korintus 11:23-27.) Saka pengalamané Paulus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah isa waé ngijinké umaté sing setya kanggo dianiaya.

4. Apa sebabé awaké dhéwé disengiti lan dianiaya?

4 Yésus wis ngandhani nèk awaké dhéwé mesthi bakal disengiti lan dianiaya merga ora dadi bagéan saka donya iki. (Yoh. 15:18, 19) Nèk awaké dhéwé dianiaya, kuwi ora berarti Yéhuwah wis ora mberkahi awaké dhéwé manèh. Kuwi malah dadi bukti nèk awaké dhéwé nindakké apa sing bener.

APA AWAKÉ DHÉWÉ PANCÈN WIS ORA ISA NGIBADAH MANÈH?

5. Apa para mungsuh bener-bener isa nggawé kabèh umaté Yéhuwah mandheg ngibadah? Terangna.

5 Senajan para mungsuh nentang umaté Yéhuwah, ning ana akèh sing bakal tetep ngibadah marang Yéhuwah. Contoné, wektu Perang Donya II, umaté Yéhuwah ing akèh negara dianiaya karo pamréntah. Kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah ing Jerman dilarang karo partai Nazi. Pamréntah ing Australia, Kanada, lan negara-negara liyané ya nglarang kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah. Senajan ngono, Yéhuwah tetep mberkahi para seksiné nganti jumlahé penginjil dadi saya akèh nganti luwih saka ping pindhoné. Wektu perang dimulai ing taun 1939, jumlah penginjil ing sakdonya ana 72.475. Ning, wektu perangé wis rampung ing taun 1945, jumlahé penginjil dadi 156.299.

6. Ana hasil-hasil apik apa sing kelakon wektu kegiatané Seksi Yéhuwah dilarang? Wènèhana conto.

6 Wektu dianiaya, mungkin awaké dhéwé dadi wedi. Ning, awaké dhéwé ya isa waé malah dadi saya semangat ngabdi marang Yéhuwah. Contoné, ana pasangan suami istri sing nduwé anak cilik ing negara sing kegiatan ibadahé dilarang karo pamréntah. Pasangan suami istri kuwi ora wedi, ning malah dadi perintis. Bèn isa merintis, sing wédok metu saka gawéané sing gajiné gedhé. Sing lanang kandha nèk wong-wong malah dadi penasaran soal Seksi Yéhuwah. Hasilé, dadi luwih gampang kanggo ngejak wong-wong sinau Alkitab. Sakliyané kuwi, ana pinituwa sing crita nèk akèh sedulur ing kono sing mauné ora aktif saiki dadi teka berhimpun lan nginjil manèh.

7. (a) Apa sing isa disinaoni saka Kaimaman 26:36, 37? (b) Apa sing arep njenengan tindakké nèk kegiatané Seksi Yéhuwah dilarang?

7 Para mungsuh sing nglarang kegiatan ibadahé awaké dhéwé péngin awaké dhéwé dadi wedi. Mula, wong-wong kuwi mungkin nyebarké katrangan-katrangan sing ora bener, utawa nglaporké awaké dhéwé bèn digrebeg polisi lan digawa menyang pengadilan. Mungkin ana sedulur-sedulur sing wis dilebokké penjara bèn sing liyané dadi wedi. Nèk awaké dhéwé wedi, akhiré awaké dhéwé mungkin dadi ora semangat utawa malah mandheg ngabdi. Awaké dhéwé aja nganti dadi kaya ngono. Aja dadi kaya wong-wong sing dicritakké ing Kaimaman 26:36, 37. (Wacanen.) Awaké dhéwé kudu percaya tenan karo Yéhuwah lan ora panik. (Yé. 28:16) Awaké dhéwé kudu bener-bener nggatèkké tuntunané Yéhuwah. Awaké dhéwé ora perlu wedi senajan diancam karo pamréntah. Awaké dhéwé isa tetep setya ngabdi merga Yéhuwah bakal terus ndhukung awaké dhéwé.​—Ibr. 13:6.

APA KUDU PINDHAH MENYANG DHAÉRAH LIYA?

8-9. (a) Saben kepala keluarga lan wong Kristen liyané kudu nggawé keputusan soal apa? (b) Apa sing perlu ditindakké bèn isa nggawé keputusan sing bener?

8 Nèk kegiatané Seksi Yéhuwah ing dhaérahé awaké dhéwé dilarang, mungkin awaké dhéwé mikir arep pindhah menyang dhaérah liya waé. Saben wong Kristen kudu nggawé keputusan dhéwé-dhéwé. Mungkin ana sing mikirké pengalamané wong-wong Kristen sing dianiaya ing abad pertama. Sakwisé Stéfanus dipatèni, wong-wong kuwi padha mencar ing dhaérah Yudéa lan Samaria. Ana manèh sing mencar tekan Fénisia, Siprus, lan Antiokhia. (Mat. 10:23; Kis. 8:1; 11:19) Sedulur-sedulur liyané mungkin mikirké contoné Rasul Paulus. Wektu wong-wong padha nentang gawéan nginjil, Paulus tetep manggon ing dhaérah kuwi. Senajan résikoné gedhé, Paulus ora pindhah merga péngin tetep nginjil lan nguwatké para sedulur sing dianiaya ing kono.​—Kis. 14:19-23.

9 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Saben kepala keluarga kudu nggawé keputusan dhéwé soal arep pindhah utawa ora. Sakdurungé nggawé keputusan, dhèwèké kudu ndonga dhisik. Dhèwèké ya kudu bener-bener mikirké apa pengaruhé keputusan kuwi kanggo keluargané lan piyé keadaané keluargané wektu kuwi. Dadi, saben wong Kristen kudu ”mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé”. (Gal. 6:5) Awaké dhéwé ora éntuk ngakimi keputusané sedulur liya.

PIYÉ CARANÉ BÈN ISA TETEP NGIBADAH SENAJAN DILARANG?

10. Awaké dhéwé bakal éntuk arahan soal apa waé saka kantor cabang lan para pinituwa?

10 Piyé carané bèn isa tetep ngibadah senajan dilarang? Para pinituwa bakal dikèki arahan lan saran-saran saka kantor cabang. Para pinituwa bakal dikandhani soal carané bèn isa tetep berhimpun, nginjil, lan éntuk katrangan-katrangan sing nguwatké iman. Nèk para pinituwané ora isa dihubungi karo kantor cabang, para pinituwa bakal tetep mbantu kabèh sing ana ing jemaat bèn isa tetep ngibadah. Para pinituwa bakal ngekèki arahan sing cocog karo tuntunané Alkitab lan wacan-wacan saka Alkitab.​—Mat. 28:19, 20; Kis. 5:29; Ibr. 10:24, 25.

11. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk awaké dhéwé bakal tetep dibantu bèn kuwat imané, lan apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo nglindhungi Alkitab lan publikasi-publikasi?

11 Yéhuwah janji nèk kabèh umaté bakal tetep dibantu bèn kuwat imané. (Yé. 65:13, 14; Luk. 12:42-44) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk organisasiné Yéhuwah bakal terus nyedhiakké katrangan-katrangan sing nguwatké iman. Ning, awaké dhéwé ya kudu tumindak. Wektu kegiatan ibadah dilarang, awaké dhéwé kudu nggolèk panggonan kanggo ngumpetké Alkitab lan publikasi-publikasi sing vèrsi digital lan tercétak. Alkitab lan publikasi-publikasi kuwi berharga banget. Dadi, aja didèlèhké ing panggonan sing gampang ditemokké. Saben wong Kristen kudu ngupaya bèn imané isa tetep kuwat.

Awaké dhéwé ora perlu wedi ngibadah merga Yéhuwah mesthi ndhukung awaké dhéwé (Deloken paragraf 12) *

12. Pengaturan apa sing isa digawé karo para pinituwa bèn para sedulur ora konangan wektu berhimpun?

12 Para pinituwa ya bakal nggawé pengaturan bèn para sedulur ora konangan wektu berhimpun. Para sedulur mungkin diatur bèn isa berhimpun ing kelompok-kelompok cilik. Wektu lan panggonané ya isa waé ora padha saben mingguné. Wektu teka berhimpun utawa mulih saka kono, aja ngomong banter-banter bèn sing teka berhimpun ora konangan. Awaké dhéwé mungkin ya perlu nganggo pakaian sing ora resmi bèn ora konangan nèk arep berhimpun.

Awaké dhéwé bakal terus nginjil senajan dilarang karo pamréntah (Deloken paragraf 13) *

13. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané para sedulur ing bekas Uni Soviet?

13 Gawéan nginjilé piyé? Keadaan ing saben dhaérah isa béda-béda. Ning, awaké dhéwé perlu ngupaya bèn isa tetep nginjil merga awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah lan seneng ngandhani wong liya bèn ngerti soal Kratoné Allah. (Luk. 8:1; Kis. 4:29) Ana ahli sejarah sing jenengé Emily B. Baran sing ngomongké soal gawéan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah ing bekas Uni Soviet. Dhèwèké kandha, ” Senajan dilarang pamréntah, para Seksi kuwi tetep nginjil marang tanggané, kancané, lan kanca kerjané. Nèk akhiré para Seksi kuwi dipenjara, para Seksi kuwi tetep nginjil ing penjara.” Para sedulur ing kono tetep nginjil senajan wis dilarang. Awaké dhéwé ya kudu nduwé tékad sing padha nèk misalé gawéan nginjil ing dhaérahé awaké dhéwé dilarang.

SING KUDU DITINDAKKÉ LAN AJA DITINDAKKÉ

Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora mbocorké rahasia (Deloken paragraf 14) *

14. Apa sing isa disinaoni saka Jabur 39:2?

14 Kudu ngati-ati soal mbagi-mbagi informasi. Wektu kegiatan ibadahé awaké dhéwé dilarang, awaké dhéwé kudu ngerti kapan ”wayahé meneng”. (Ko. 3:7) Awaké dhéwé kudu ngati-ati merga ana katrangan-katrangan sing rahasia. Contoné, jenengé para sedulur, panggonan sing dienggo berhimpun, carané nginjil, lan carané éntuk publikasi. Katrangan-katrangan kuwi aja nganti diomongké marang para pejabat pamréntah, utawa marang kanca-kanca lan keluarga sing manggon ing negarané awaké dhéwé utawa negara liya. Nèk ora ngati-ngati, awaké dhéwé isa nggawé para sedulur dadi ora aman.​—Wacanen Jabur 39:2.

15. Sétan péngin terus ngupaya nindakké apa lan apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké?

15 Aja nganti dadi ora rukun mung merga masalah sing sepélé. Sétan ngerti nèk keluarga sing ora rukun kuwi mesthi bakal bubrah. (Mrk. 3:24, 25) Sétan bakal terus ngupaya nggawé awaké dhéwé dadi ora rukun. Sétan péngin awaké dhéwé nglawan para sedulur, padahal kuduné awaké dhéwé nglawan Sétan.

16. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Sedulur Gertrud Poetzinger?

16 Wong-wong sing wis suwé dadi Seksi Yéhuwah ya kudu ngupaya bèn isa tetep rukun. Contoné, ana loro sedulur wédok sing nduwé harapan kanggo munggah swarga sing dipenjara bareng karo para sedulur wédok liyané ing kamp konsèntrasi Nazi. Loro sedulur kuwi jenengé Gertrud Poetzinger lan Elfriede Löhr. Wektu Elfriede nyampèkké kotbah sing apik ing penjara, Gertrud dadi mèri. Ning, bar kuwi Gertrud ngrasa ora kepénak lan njaluk bantuané Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Aku ora éntuk mèri nèk wong liya nduwé kemampuan sing luwih apik utawa éntuk tugas sing luwih penting.” Bèn ora mèri, Gertrud terus mikirké sipat-sipat apiké Elfriede. Akhiré, Gertrud isa rukun manèh karo Elfriede. Loro-loroné akhiré dibébaské lan isa tetep setya marang Yéhuwah nganti mati. Nèk ana masalah karo sedulur seiman, awaké dhéwé ya kudu ngupaya ngatasi masalah kuwi bèn isa tetep rukun karo para sedulur.​—Kol. 3:13, 14.

17. Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus manut karo arahan saka organisasiné Yéhuwah?

17 Kudu terus manut arahan. Bèn tetep aman, awaké dhéwé kudu manut karo arahané para sedulur sing isa dipercaya, sing nduwé tanggung jawab ing jemaat. (1 Ptr. 5:5) Contoné, wektu kegiatan ibadah ing salah siji dhaérah dilarang karo pamréntah, para sedulur sing nduwé tanggung jawab ing jemaat ngandhani para penginjil bèn ora nyebarké wacan wektu nginjil. Ning, ana sedulur lanang perintis sing ora manut karo arahan kuwi. Apa akibaté? Jebulé, ana petugas pamréntah sing ngetutké dhèwèké lan sedulur-sedulur sing lagi nginjil. Sedulur-sedulur kuwi akhiré dicekel polisi lan wacan-wacané disita. Pelajarané apa? Awaké dhéwé kudu tetep manut senajan ora setuju. Yéhuwah mesthi mberkahi wong-wong sing manut karo para sedulur sing wis dilantik dadi pengawas.​—Ibr. 13:7, 17.

18. Apa sebabé awaké dhéwé aja nganti nggawé aturan dhéwé?

18 Aja nggawé aturan dhéwé. Nèk para pinituwa nggawé aturan dhéwé sing sakjané ora perlu, kuwi isa nyusahké para sedulur. Ana sedulur sing jenengé Juraj Kaminský sing nyritakké pengalamané wektu gawéan nginjil ing bekas Cekoslovakia dilarang. Dhèwèké crita, ”Wektu ana sedulur-sedulur pengawas sing ditangkep, para pengawas liya ing jemaat lan wilayah mulai nggawé aturan dhéwé kanggo para penginjil soal apa sing kudu ditindakké lan apa sing ora éntuk ditindakké.” Awaké dhéwé ora nduwé hak kanggo nggawé aturan dhéwé. Wong sing nggawé aturan dhéwé kuwi ora isa nggawé para sedulur dadi aman. Wong-wong sing kaya ngono malah dadi kaya majikan kanggo imané seduluré.​—2 Kor. 1:24.

AJA NGANTI MANDHEG NGABDI

19. Nurut 2 Babad 32:7, 8, apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi senajan ana tantangan saka Sétan?

19 Mungsuhé awaké dhéwé, yaiku Sétan si Iblis, mesthi bakal terus nganiaya umaté Yéhuwah sing setya. (1 Ptr. 5:8; Why. 2:10) Sétan lan para pengikuté bakal terus ngupaya bèn ibadah marang Yéhuwah isa terus dilarang. Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi nganti dadi mandheg ngabdi. (PT. 7:21) Yéhuwah mesthi bakal terus ndhukung awaké dhéwé senajan gawéan nginjil dilarang karo pamréntah.​—Wacanen 2 Babad 32:7, 8.

20. Apa sing dadi tékadé njenengan?

20 Awaké dhéwé perlu nduwé tékad sing padha kaya para sedulur ing abad pertama sing kandha karo pamréntah, ”Mangga panjenengan putuské dhéwé endi sing bener ing ngarsané Gusti Allah: Manut karo panjenengan utawa manut karo Gusti Allah. Nanging kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké bab perkara-perkara sing wis tak delok lan tak rungokké.”​—Kis. 4:19, 20.

LAGU 73 Tulungi Aku Bèn Kendel

^ par. 5 Apa sing kudu ditindakké nèk pamréntah nglarang kegiatan ibadahé awaké dhéwé? Artikel iki bakal ngrembug apa waé sing isa awaké dhéwé tindakké lan apa waé sing aja ditindakké bèn awaké dhéwé isa tetep ngabdi marang Yéhuwah.

^ par. 59 GAMBAR: Kabèh gambar iki nduduhké apa sing ditindakké Seksi-Seksi Yéhuwah ing dhaérah sing dilarang. Ing gambar iki, sak kelompok sedulur berhimpun ing gudhang duwèké salah siji sedulur.

^ par. 61 GAMBAR: Sedulur wédok iki (sing sisih kiwa) lagi ngekèki kesaksian ora resmi marang wong wédok.

^ par. 63 GAMBAR: Sedulur lanang iki lagi ditakon-takoni karo polisi, ning dhèwèké ora gelem mbocorké informasi soal jemaat.