Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 34

Sing Kudu Ditindakké Nèk Ngalami Perubahan Tugas

Sing Kudu Ditindakké Nèk Ngalami Perubahan Tugas

”Gusti Allah kuwi adil, Panjenengané ora bakal lali karo tumindak lan katresnan sing kok duduhké kanggo asmané.”​—IBR. 6:10.

LAGU 38 Yéhuwah sing Bakal Nguwatké

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-3. Apa sebabé ana pelayan sepenuh-waktu sing kudu ngalami perubahan tugas?

ROBERT lan Mary Jo crita, ”Wis 21 taun aku lan bojoku dadi utusan injil. Ngerti-ngerti wong tuwaku lan maratuwaku lara. Aku ora nganggep nèk ngrawat wong tuwa kuwi dadi beban. Ning, aku lan bojoku ya sedhih merga kudu ninggalké dhaérah tugas.”

2 William lan Terrie crita, ”Aku lan bojoku seneng banget isa ngabdi ing luar negri. Ning, merga ana masalah keséhatan, aku lan bojoku kudu bali menyang dhaérah asalku. Aku lan bojoku sedhih banget nganti nangis-nangis.”

3 Aleksey crita, ”Aku lan para sedulur ngerti nèk kantor cabang arep ditutup karo pamréntah. Akhiré kuwi pancèn kelakon lan kabèh sedulur kudu metu saka Bètel. Aku lan para sedulur sedhih banget.”

4. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Kaya para sedulur sing dicritakké kuwi, ana éwonan anggota keluarga Bètel lan pelayan sepenuh-waktu liyané sing ngalami perubahan tugas. * Mesthi ora gampang nèk kudu ninggalké tugas sing disenengi. Piyé carané para sedulur kuwi isa ngatasi tantangan sing diadhepi? Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu para sedulur kuwi? Awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi bèn ngerti apa sing kudu ditindakké nèk ngalami keadaan sing berubah.

CARANÉ NGATASI TANTANGAN

Apa sebabé ngalami perubahan tugas kuwi ora mesthi gampang? (Deloken paragraf 5) *

5. Apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé nèk ngalami perubahan tugas?

5 Ora soal awaké dhéwé dadi pelayan sepenuh-waktu ing Bètel utawa panggonan liyané, awaké dhéwé isa waé wis seneng karo dhaérah tugasé awaké dhéwé lan wong-wong ing kono. Nèk kudu ninggalké dhaérah tugas, awaké dhéwé mesthi ngrasa sedhih banget lan kangen. Apa manèh nèk para sedulur ing kono ngadhepi penganiayaan, awaké dhéwé mesthi dadi kuwatir. (Mat. 10:23; 2 Kor. 11:28, 29) Terus, mesthiné ora gampang nèk kudu pindhah lan nggawé penyesuaian ing dhaérah liya. Malah, kadhang kala ana sing ngrasa anèh wektu kudu bali menyang dhaérah asalé. Robert lan Mary Jo kandha, ”Pas bali ing dhaérah asalku, aku lan bojoku malah dadi ngrasa kaya wong asing merga wis suwé ngabdi ing panggonan liya.” Ana manèh sing ngalami masalah keuangan. Para sedulur kuwi isa waé ngrasa cilik ati, sedhih, lan kuwatir. Piyé carané ngatasi situasi kaya ngono?

Awaké dhéwé kudu terus cedhak karo Yéhuwah lan ngendelké Dhèwèké (Deloken paragraf 6-7) *

6. Piyé carané bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah?

6 Tetep cedhak karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Piyé carané? Awaké dhéwé kudu percaya nèk Yéhuwah mesthi bakal ngrungokké dongané awaké dhéwé. (Ms. 65:3) Jabur 62:9 kandha, ”Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsané.” Yéhuwah isa nindakké ”perkara-perkara sing luwih akèh ketimbang sing kita jaluk utawa pikirké”. (Éf. 3:20) Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé ngatasi masalah apa waé nganggo cara sing ora disangka-sangka, senajan mungkin awaké dhéwé ora njaluk kuwi pas ndonga.

7. (a) Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah? (b) Nurut Ibrani 6:10-12, apa hasilé nèk awaké dhéwé terus setya ngabdi marang Yéhuwah?

7 Bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé perlu maca Alkitab saben dina lan ngrenungké isiné. Salah siji sedulur sing mauné dadi utusan injil kandha, ”Awaké dhéwé kudu tetep ajeg nganakké ibadah keluarga lan persiapan perhimpunan, kaya pas dadi pelayan sepenuh-waktu mbiyèné.” Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu terus semangat nginjil. Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing terus setya ngabdi, senajan keadaané saiki wis berubah.​—Wacanen Ibrani 6:10-12.

8. Apa sing isa disinaoni saka 1 Yohanes 2:15-17 soal urip sederhana?

8 Ngupaya bèn tetep urip sederhana. Aja nganti rasa kuwatir ’njiret’ awaké dhéwé lan akhiré awaké dhéwé dadi mandheg ngabdi. (Mat. 13:22) Aja manut karo kanca-kanca utawa keluarga sing kandha nèk awaké dhéwé kudu nduwé dhuwit sing akèh bèn isa urip kepénak. (Wacanen 1 Yohanes 2:15-17.) Awaké dhéwé kudu percaya karo Yéhuwah. Dhèwèké wis janji bakal mènèhi bantuan ”ing wektu sing pas”. Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa nduwé iman sing kuwat, ora kuwatir, lan isa nyukupi kebutuhan saben dina.​—Ibr. 4:16; 13:5, 6.

9. Nurut Wulang Bebasan 22:3, 7, apa sebabé awaké dhéwé aja nganti ngutang nèk ora perlu, lan apa sing kudu ditindakké bèn isa nggawé keputusan sing apik?

9 Aja ngutang nèk ora perlu. (Wacanen Wulang Bebasan 22:3, 7.) Wektu pindhah menyang dhaérah sing anyar, awaké dhéwé mungkin butuh akèh biaya lan akhiré dadi nduwé utang. Ning, aja ngutang mung kanggo tuku barang sing ora bener-bener dibutuhké. Pas ana masalah, misalé ana keluarga sing lara, awaké dhéwé isa waé dadi bingung lan kudu ngutang. Wektu ngadhepi situasi kaya ngono, awaké dhéwé perlu ndonga. Yéhuwah bakal ’njaga ati lan pikirané’ awaké dhéwé bèn tetep tenang, lan mbantu awaké dhéwé bèn isa nggawé keputusan sing apik.​—Flp. 4:6, 7; 1 Ptr. 5:7.

10. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn isa nggolèk kanca sing anyar?

10 Nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Awaké dhéwé isa crita karo sahabaté awaké dhéwé soal apa sing lagi dialami lan dirasakké. Kuwi isa nguwatké awaké dhéwé, apa manèh nèk awaké dhéwé crita karo wong sing nduwé pengalaman sing padha. (Ko. 4:9, 10) Kanca-kancané awaké dhéwé ing panggonan sing lawas bakal tetep dadi kancané awaké dhéwé. Ing panggonan sing anyar, awaké dhéwé isa nggolèk kanca-kanca sing anyar. Awaké dhéwé kudu ramah lan apikan bèn isa nduwé kanca. Awaké dhéwé isa nyritakké pengalamané awaké dhéwé bèn wong liya isa ngerti nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi nyenengké. Mungkin ana sing ora ngerti apa sebabé awaké dhéwé seneng dadi pelayan sepenuh-waktu. Sing liyané isa waé seneng ngrungokké pengalamané awaké dhéwé lan akhiré dadi kanca apik. Ning, awaké dhéwé aja dadi sombong utawa malah kakèhan sambat.

11. Piyé carané bèn suami istri isa tetep bahagia?

11 Nèk ora isa dadi pelayan sepenuh-waktu manèh merga bojoné lara, aja nyalahké dhèwèké. Nèk merga awaké dhéwé sing lara, aja rumangsa bersalah lan mikir nèk awaké dhéwé wis nggawé gela bojoné awaké dhéwé. Élinga nèk wong sing wis nikah kuwi wis ”dadi siji”, lan wis janji ing ngarepé Yéhuwah nèk bakal padha-padha nresnani nganti saklawasé. (Mat. 19:5, 6) Nèk ora isa dadi pelayan sepenuh-waktu manèh merga nduwé anak, aja nyalahké anaké awaké dhéwé. Anaké awaké dhéwé kudu ngrasa disayangi lan dianggep penting, merga anak-anak kuwi ”pusaka” saka Yéhuwah. (Ms. 127:3-5) Awaké dhéwé ya isa crita karo anak-anak soal pengalaman sing nyenengké pas dadi pelayan sepenuh-waktu. Kuwi isa mbantu anak-anak bèn nduwé kepénginan kanggo dadi pelayan sepenuh-waktu.

PIYÉ CARANÉ WONG LIYA ISA MBANTU

12. (a) Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu para sedulur bèn isa tetep dadi pelayan sepenuh-waktu? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu bèn para sedulur kuwi ora cilik ati?

12 Ana para sedulur sing isa tetep dadi pelayan sepenuh-waktu merga dibantu karo sedulur liya ing jemaat. Misalé, sedulur liya isa nguwatké para sedulur kuwi, ngekèki dhuwit utawa barang-barang liya sing dibutuhké, utawa mbantu ngrawat keluargané ing omah. (Gal. 6:2) Nèk ana sedulur sing mauné dadi pelayan sepenuh-waktu, ning saiki tugasé berubah, aja nganggep nèk kuwi merga dhèwèké wis nindakké kesalahan. * Awaké dhéwé kuduné isa mbantu bèn para sedulur kuwi ora cilik ati. Awaké dhéwé isa ngalem kerja kerasé, senajan saiki mungkin dhèwèké ora isa nindakké akèh kaya mbiyèné merga ana masalah keséhatan. Awaké dhéwé isa ngrungokké pengalamané lan ngupaya bèn luwih kenal karo para sedulur kuwi.

13. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu para sedulur sing ngalami perubahan tugas?

13 Para sedulur sing ngalami perubahan tugas mungkin butuh bantuan kanggo nggolèk omah, kendaraan, gawéan, utawa kebutuhan liyané. Para sedulur kuwi mesthiné ya butuh informasi, misalé soal mbayar pajeg lan ngurus surat-surat penting. Para sedulur kuwi mungkin ya ngadhepi keadaan sing angèl merga masalah keséhatané dhéwé utawa keluargané. Ana manèh sing mungkin bar ditinggal mati karo wong sing ditresnani. * Mungkin ya ana sing sedhih merga kangen karo kanca-kancané ing dhaérah tugasé mbiyèn, senajan mungkin kuwi ora dicritakké karo liyané. Para sedulur kuwi butuh wektu kanggo ngatasi perasaané. Mungkin awaké dhéwé ngrasa mesakké karo para sedulur kuwi. Ning, sakjané para sedulur kuwi mung butuh dingertèni.

14. Apa sing ditindakké para sedulur kanggo mbantu salah siji sedulur wédok sing ngalami perubahan tugas?

14 Awaké dhéwé ya isa ngejak para sedulur kuwi nginjil bareng lan ngekèki conto sing apik bèn para sedulur kuwi isa dikuwatké. Ana sedulur wédok sing wis pirang-pirang taun ngabdi ing negara liya crita, ”Ing dhaérah tugasku mbiyèn, saben dina aku mbantu wong-wong sinau Alkitab. Ing dhaérah sing anyar, nginjil nganggo Alkitab utawa video kuwi ora gampang. Ning, para sedulur ngejak aku mara ing kunjungané. Aku seneng wektu ndelok para sedulur sing kendel lan semangat mbantu wong-wong sinau Alkitab nganti padha nggawé kemajuan. Kuwi nggawé aku dadi nduwé pikiran sing luwih apik soal dhaérah tugasku. Aku nggolèk cara bèn isa nginjil marang wong-wong ing dhaérah tugas sing anyar. Hasilé, aku isa ngrasakké seneng manèh.”

TERUS NGUPAYA SAK ISA-ISANÉ

Ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil ing dhaérahé awaké dhéwé (Deloken paragraf 15-16) *

15. Piyé carané bèn isa berhasil senajan ngalami perubahan tugas?

15 Awaké dhéwé mesthi isa berhasil senajan ngalami perubahan tugas. Aja mikir nèk awaké dhéwé wis gagal nindakké tugas utawa rumangsa nèk saiki wis ora berharga. Awaké dhéwé kudu terus nginjil lan ngajèni apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa niru wong-wong Kristen ing jamané para rasul. Wong-wong Kristen sing setya kuwi ”padha martakké kabar apik bab pangandikané Gusti Allah ing akèh dhaérah”. (Kis. 8:1, 4) Nèk awaké dhéwé terus ngupaya, hasilé mesthi bakal apik. Contoné, ana para perintis sing diusir saka salah siji negara lan pindhah menyang negara liya ing cedhak kono. Ing kono, ana akèh wong sing nggunakké basané para perintis kuwi. Dadi, para perintis kuwi isa nginjil ing kono lan ora suwé sakwisé kuwi ana kelompok-kelompok anyar sing dibentuk.

16. Piyé carané bèn isa ngrasakké seneng wektu nindakké tugas sing saiki?

16 Néhémia ngandhani wong-wong Yahudi nèk rasa bungah saka Yéhuwah kuwi isa dadi sumber kekuwatan. (Ny. 8:11) Mungkin awaké dhéwé pancèn seneng karo tugasé awaké dhéwé. Ning, sing bener-bener isa nggawé seneng kuwi nèk awaké dhéwé cedhak karo Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu terus cedhak karo Yéhuwah lan ngendelké Dhèwèké. Awaké dhéwé isa seneng nindakké tugas apa waé nèk ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu wong liya. Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn ngrasakké seneng wektu nindakké tugas sing saiki.​—Ko. 7:10.

17. Apa sing perlu awaké dhéwé ngertèni soal tugasé awaké dhéwé saiki?

17 Awaké dhéwé isa terus ngabdi marang Yéhuwah nganti saklawasé senajan tugasé awaké dhéwé saiki mungkin gonta-ganti. Ing donya anyar, awaké dhéwé ya isa éntuk tugas sing béda-béda. Aleksey, sing dicritakké mau, kandha nèk dhèwèké isa luwih siap kanggo nampa tugas sing béda-béda ing donya anyar merga saiki ya wis ngalami perubahan tugas. Dhèwèké kandha, ”Aku wis kenal karo Yéhuwah lan percaya nèk donya anyar mesthi bakal kelakon. Ning, aku ngrasa nèk kuwi isih suwé. Saiki, aku isa luwih cedhak karo Yéhuwah lan ngrasa nèk donya anyar bakal kelakon ora suwé manèh.” (Kis. 2:25) Dadi, awaké dhéwé kudu terus nyedhak marang Yéhuwah. Yéhuwah bakal terus mbantu awaké dhéwé bèn isa ngrasakké seneng wektu nindakké tugas apa waé lan ing endi waé.​—Yé. 41:13.

LAGU 90 Nguwatké Siji lan Sijiné

^ par. 5 Ana sedulur-sedulur sing mauné dadi pelayan sepenuh-waktu, ning saiki kudu mandheg utawa éntuk tugas sing anyar. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug tantangan apa waé sing diadhepi para sedulur kuwi lan piyé carané ngatasi tantangan kuwi. Awaké dhéwé ya arep ngrembug apa sing isa ditindakké wong liya kanggo mbantu lan nguwatké para sedulur kuwi. Awaké dhéwé ya isa sinau saka Alkitab soal apa sing kudu ditindakké nèk keadaané awaké dhéwé berubah.

^ par. 4 Kadhang kala, ana sedulur-sedulur lanang sing wis tuwa, sing kudu masrahké tugas-tugasé ing organisasi marang sedulur liyané sing luwih enom. Deloken artikel ”Para Lansia—Yehuwa Menghargai Kesetiaan Kalian” ing Menara Pengawal September 2018 lan artikel ”Tetep Tenang Senajan Ngalami Perubahan” ing Warta Penting Oktober 2018.

^ par. 12 Nèk misalé para sedulur kuwi arep pindhah jemaat, para pinituwa perlu langsung nulis surat pengantar, bèn para sedulur kuwi isa langsung éntuk tanggung jawab ing jemaat sing anyar, misalé dadi perintis, pinituwa, utawa abdiné jemaat.

^ par. 13 Deloken majalah Sadarlah! No. 3 taun 2018 sing judhulé ”Bantuan bagi Yang Berduka” ing halaman 3, 4-5, 6-13, 14-15, lan 16.

^ par. 57 GAMBAR: Suami istri iki wis ora dadi utusan injil manèh, dadi ngrasa sedhih banget merga kudu ninggalké para sedulur ing jemaat.

^ par. 59 GAMBAR: Sakwisé mulih ing negarané, suami istri iki terus ndonga bèn isa ngatasi masalah sing lagi diadhepi.

^ par. 61 GAMBAR: Suami istri iki dadi pelayan sepenuh-waktu manèh. Ing dhaérah tugasé sing anyar, wong loro kuwi nginjil marang wong sing nggunakké basané wong-wong ing dhaérah tugasé mbiyèn.