Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 40

Apa sing Kudu Awaké Dhéwé Tindakké ing ”Dina-Dina Pungkasan”?

Apa sing Kudu Awaké Dhéwé Tindakké ing ”Dina-Dina Pungkasan”?

Dadia kukuh, ora goyah, lan tansah sibuk nindakké akèh gawéan kanggo Gusti.”​—1 KOR. 15:58.

LAGU 58 Nggolèki sing Péngin Rukun karo Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé awaké dhéwé yakin nèk saiki wis ”dina-dina pungkasan”?

NÈK njenengan lair sakwisé taun 1914, kuwi artiné njenengan urip ing ”dina-dina pungkasan”. (2 Tim. 3:1) Awaké dhéwé ngerti nèk peristiwa-peristiwa sing diramalké Yésus wis kelakon ing jaman saiki. Misalé, saiki ana akèh perang, kurang pangan, gempa bumi, lan wabah penyakit. Sakliyané kuwi, wong-wong jahat ya dadi saya akèh lan umaté Yéhuwah dianiaya. (Mat. 24:3, 7-9, 12; Luk. 21:10-12) Awaké dhéwé ya ndelok nèk sipaté wong-wong saiki persis kaya sing diramalké Rasul Paulus. (Deloken kothak ” Sipaté Wong-Wong Saiki”.) Awaké dhéwé sing dadi umaté Yéhuwah mesthi yakin nèk saiki wis ”dina-dina kang wekasan”.​—Mi. 4:1.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 ”Dina-dina pungkasan” wis kelakon kèt luwih saka 100 taun kepungkur. Mesthiné, awaké dhéwé saiki wis urip ing bagéan akhir saka ”dina-dina pungkasan”. Mula, awaké dhéwé perlu ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan iki: Peristiwa apa waé sing bakal kelakon ing bagéan akhir saka ”dina-dina pungkasan”? Karo ngentèni kuwi kelakon, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nindakké apa?

APA WAÉ SING BAKAL KELAKON ING BAGÉAN AKHIR SAKA ”DINA-DINA PUNGKASAN”?

3. Nurut ramalan ing 1 Tésalonika 5:1-3, pengumuman apa sing bakal disampèkké karo bangsa-bangsa?

3 Wacanen 1 Tésalonika 5:1-3. Ing ayat kuwi, Paulus nyebutké soal ”dinané Yéhuwah”. ’Dina’ kuwi dimulai wektu agama-agama palsu sakdonya, sing disebut ”Babilon Gedhé”, diserang. Terus, ”dinané Yéhuwah” kuwi diakhiri nganggo perang Armagédon. (Why. 16:14, 16; 17:5) Pas ’dina’ kuwi mèh dimulai, bakal ana pengumuman ”tentrem lan aman” sing disampèkké karo bangsa-bangsa. Para pemimpin politik sakjané wis kerep ngomongké soal tentrem lan aman, misalé pas ana kerjasama karo negara liya. * Ning, pengumuman ”tentrem lan aman” sing disebutké ing Alkitab dudu sing kaya ngono. Kenapa? Wektu ana pengumuman kuwi, wong-wong isa waé mulai mikir nèk para pemimpin wis berhasil nggawé donya iki dadi luwih aman lan damai. Ning, sakjané bakal ana ”cilaka” sing ”teka dadakan” lan ”sengsara gedhé” bakal kelakon.​—Mat. 24:21.

Aja kapusan wektu bangsa-bangsa ngumumké ”tentrem lan aman” (Deloken paragraf 3-6) *

4. (a) Apa waé sing durung awaké dhéwé ngertèni soal pengumuman ”tentrem lan aman”? (b) Apa sing wis awaké dhéwé ngertèni soal pengumuman kuwi?

4 Awaké dhéwé ngerti nèk sukmbèn bakal ana pengumuman ”tentrem lan aman”. Ning, awaké dhéwé durung ngerti apa sing nyebabké para pemimpin nggawé pengumuman kuwi lan piyé carané pengumuman kuwi disampèkké. Awaké dhéwé ya durung ngerti apa bakal ana pirang-pirang pengumuman utawa mung siji. Ning, awaké dhéwé ngerti nèk para pemimpin manungsa ora bakal isa nggawé donya iki dadi bener-bener damai lan aman. Dadi, nèk wis ana pengumuman kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk ”dinané Yéhuwah” wis arep dimulai.

5. Nurut 1 Tésalonika 5:4-6, piyé carané bèn awaké dhéwé isa siap wektu ”dinané Yéhuwah” teka?

5 Wacanen 1 Tésalonika 5:4-6. Paulus ngandhani awaké dhéwé bèn siap-siap karo ngentèni ”dinané Yéhuwah”. Awaké dhéwé aja nganti ”turu kaya sing liyané”. Awaké dhéwé kudu ”tetep tangi” lan waspada. Contoné, awaké dhéwé kudu waspada lan ngupaya bèn ora dadi ”bagéan saka donya” iki. Kuwi artiné awaké dhéwé kudu tetep nétral lan ora mèlu-mèlu urusan politik ing donya iki. (Yoh. 15:19) Awaké dhéwé ngerti nèk mung Kratoné Allah sing isa nggawé donya iki dadi damai.

6. Awaké dhéwé perlu mbantu wong-wong bèn nindakké apa, lan apa sebabé?

6 Sing kudu tetep waspada ora mung awaké dhéwé thok. Wong liya ya kudu dibantu bèn tetep waspada lan ngerti isiné Alkitab soal apa sing bakal kelakon ing donya iki. Nèk sengsara gedhé wis kelakon, wis ora ana wektu manèh kanggo wong-wong kuwi nèk arep mertobat lan mulai nyembah Yéhuwah. Mula, gawéan nginjil kuwi bener-bener penting banget lan kudu ditindakké saiki. *

TERUS SEMANGAT NGINJIL

Wong-wong kudu dikandhani nèk mung Kratoné Allah sing isa nggawé donya iki dadi bener-bener damai lan aman (Deloken paragraf 7-9)

7. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nindakké apa?

7 Ora suwé manèh ”dinané Yéhuwah” bakal kelakon. Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus semangat nginjil. Kaya kandhané Alkitab, awaké dhéwé kudu terus ”sibuk nindakké akèh gawéan kanggo Gusti”. (1 Kor. 15:58) Wektu ngomongké soal apa sing bakal kelakon pas dina-dina pungkasan, Yésus ya ngramalké, ”Kabar apik kudu diwartakké dhisik marang kabèh bangsa.” (Mrk. 13:4, 8, 10; Mat. 24:14) Dadi, saben awaké dhéwé nginjil, berarti awaké dhéwé lagi mèlu nglakoni ramalané Alkitab.

8. Piyé perkembangané gawéan nginjil saiki?

8 Piyé perkembangané gawéan nginjil saiki? Saben taun, ana akèh wong sing ngrungokké kabar apik lan jumlahé penginjil ya dadi saya akèh. Ing taun 1914, ana 5.155 penginjil ing 43 negara. Ning, saiki wis ana luwih saka 8,5 juta penginjil ing 240 negara. Senajan ngono gawéané awaké dhéwé durung rampung. Awaké dhéwé kudu terus ngandhani wong liya bèn padha ngerti nèk mung Kratoné Allah sing isa ngrampungi kabèh masalahé manungsa.​—Ms. 145:11-13.

9. Apa sebabé awaké dhéwé saiki kudu terus nginjil?

9 Gawéan nginjil iki kudu terus ditindakké nganti Yéhuwah dhéwé sing ngendhegké. Awaké dhéwé kudu terus mbantu wong-wong bèn kenal karo Yéhuwah lan Yésus nganti sengsara gedhé dimulai. (Yoh. 17:3) Awaké dhéwé ora ngerti kapan sengsara gedhé kuwi dimulai. Dadi, mumpung saiki isih ana wektu, wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé” kudu dibantu bèn isa ngrungokké kabar apik lan dadi umaté Yéhuwah. (Kis. 13:48) Piyé carané mbantu wong-wong kuwi?

10. Yéhuwah wis nyedhiakké apa waé bèn awaké dhéwé isa mbantu wong-wong sinau Alkitab?

10 Liwat organisasiné, Yéhuwah wis nyedhiakké apa waé sing dibutuhké kanggo mbantu wong-wong sinau Alkitab. Misalé, ing acara perhimpunan tengah pekan, awaké dhéwé dilatih bèn luwih trampil wektu ngabar , marani manèh, lan mandhu sinau Alkitab. Organisasiné Yéhuwah ya wis nyedhiakké Alat-Alat kanggo Mulang. Merga ana persediaan kuwi, awaké dhéwé dadi isa . . .

  • mulai omong-omongan,

  • nyampèkké kabar apik nganggo cara sing menarik,

  • mbantu wong-wong bèn gelem sinau Alkitab,

  • mbantu sing sinau bèn ngerti sing bener saka Alkitab, lan

  • ngundang wong-wong bèn padha mbukak situs wèbé Seksi Yéhuwah lan teka ing Balé Ibadah.

Alat-alat kuwi wis disedhiakké, ning dadi ora ana gunané nèk ora digunakké. Mula, awaké dhéwé kudu nggunakké alat-alat kuwi. * Misalé, nèk awaké dhéwé ketemu karo wong sing gelem dijak omong-omongan lan péngin ngerti luwih akèh, awaké dhéwé isa ngekèki selebaran utawa majalah. Wong kuwi dadi isa maca publikasiné awaké dhéwé sakdurungé diparani manèh. Dadi, awaké dhéwé kudu terus ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil.

11. Apa tujuané Pelajaran Alkitab Online digawé?

11 Ing jw.org® ya ana bagéan Pelajaran Alkitab Online. * Apa tujuané bagéan kuwi digawé? Saben sasi, ana akèh wong sing mbukak Internèt kanggo nggolèk katrangan sing luwih akèh soal Alkitab. Katrangan-katrangan sing ana ing bagéan Pelajaran Alkitab Online isa mbantu wong-wong bèn dadi gelem sinau Alkitab. Pas awaké dhéwé nginjil, mungkin ana wong-wong sing ora langsung gelem dijak sinau Alkitab. Nèk ngono, awaké dhéwé isa nduduhké bagéan Pelajaran Alkitab Online marang dhèwèké. Utawa, awaké dhéwé isa ngandhani dhèwèké supaya mbukak katrangan liya ing jw.org nganggo basa sing dhèwèké ngertèni.

12. Wong-wong isa sinau apa waé ing Pelajaran Alkitab Online?

12 Ing Pelajaran Alkitab Online ana bagéan sing judhulé: ”Alkitab lan Pengarangé”, ”Tokoh-Tokoh Alkitab”, lan ”Harapan sing Dicritakké ing Alkitab”. Ing bagéan-bagéan kuwi, ana katrangan sing njelaské soal . . .

  • manfaaté Alkitab kanggo wong-wong,

  • sapa Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat kuwi,

  • tujuané Gusti Allah nyiptakké manungsa, lan

  • apa sebabé ana kesusahan lan kejahatan.

Wong-wong ya isa dibantu bèn ngerti nèk Yéhuwah bakal . . .

  • nyingkirké kesusahan lan kematian,

  • nguripké manèh wong-wong sing wis mati, lan

  • nyingkirké pamréntahané manungsa sing wis gagal iki, terus diganti nganggo Kratoné Allah.

13. Apa Pelajaran Alkitab Online iki isa dienggo nggentèni program sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah? Jelasna.

13 Pelajaran Alkitab Online iki ora dienggo nggentèni program sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Mbantu wong-wong bèn isa dadi muridé Yésus kuwi tugas sing istiméwa lan penting kanggo awaké dhéwé. Pelajaran Alkitab Online iki dirancang bèn wong-wong sing mbukak bagéan kuwi dadi seneng sinau Alkitab lan péngin sinau luwih akèh manèh. Nèk wis ngono, dhèwèké isa waé dadi gelem sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ing bagéan akhir saben pelajaran, wong-wong diundang kanggo ngisi formulir bèn isa dikunjungi lan sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Saben dina, ana luwih saka 230 wong ing sakdonya sing njaluk sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah.

TERUS MBANTU WONG-WONG BÈN DADI MURIDÉ YÉSUS

14. Nurut Matius 28:19, 20, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo nindakké apa, lan apa sebabé?

14 Wacanen Matius 28:19, 20. Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo ’ndadèkké wong-wong dadi muridé [Yésus]’ lan ’mulang wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh sing [Yésus] préntahké’. Wong-wong kudu dibantu bèn ngerti nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi penting banget. Awaké dhéwé kudu mbantu wong-wong bèn isa ngetrapké apa sing disinaoni, nggawé janji ngabdi, lan akhiré dibaptis. Kuwi kabèh kudu ditindakké bèn wong-wong isa dislametké pas dinané Yéhuwah kelakon.​—1 Ptr. 3:21.

15. Awaké dhéwé ora perlu nindakké apa, lan apa sebabé?

15 Kaya sing wis disebutké mau, ora suwé manèh dinané Yéhuwah wis arep teka. Dadi, nèk wongé pancèn ora gelem berubah lan ora gelem dadi abdiné Yéhuwah, awaké dhéwé ora perlu terus-terusan mbantu dhèwèké sinau Alkitab. (1 Kor. 9:26) Wektuné awaké dhéwé mung sithik, padahal gawéané isih akèh. Isih ana akèh wong sing kudu dibantu bèn ngerti kabar apik bab Kratoné Allah.

KUDU BENER-BENER MISAH SAKA AGAMA PALSU

16. Nurut Wahyu 18:2, 4, 5, 8, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké? (Deloken cathetan ngisor.)

16 Wacanen Wahyu 18:2, 4, 5, 8Saka ayat-ayat kuwi awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah péngin umaté bener-bener misah saka Babilon Gedhé. Sakdurungé sinau Alkitab, isa waé ana sing dadi bagéan saka agama palsu. Dhèwèké isa waé mèlu nindakké ibadahé lan kegiatan-kegiatané, utawa nyumbangké dhuwité kanggo organisasi sing ana hubungané karo agama palsu. Ning, dhèwèké kudu bener-bener misah saka agama palsu nèk péngin dadi penginjil sing durung dibaptis. Dhèwèké kudu nggawé surat pengunduran diri sing isiné njelaské nèk dhèwèké wis ora gelem dadi anggota gréja utawa organisasi liya sing ana hubungané karo agama palsu. *

17. Gawéan apa waé sing kuduné ora ditindakké karo wong Kristen sejati, lan apa sebabé?

17 Wong-wong Kristen sejati kudu mastèkké nèk gawéané ora ana hubungané karo agama palsu. (2 Kor. 6:14-17) Misalé, awaké dhéwé ora bakal gelem dadi karyawan ing gréja. Nèk ana sedulur sing dadi karyawané wong liya lan dhèwèké dikongkon nindakké gawéan darurat ing panggonan ibadahé agama palsu, sedulur kuwi kudu mutuské dhéwé apa arep nindakké gawéan kuwi utawa ora. Awaké dhéwé isa ndelok katrangan sing ana ing artikel sing disebutké ing cathetan ngisor. Nèk nduwé usaha dhéwé, awaké dhéwé ya ora gelem nampa utawa nawakké gawéan sing ana hubungané karo Babilon Gedhé. Awaké dhéwé kudu tegas lan ora gelem ndhukung kegiatané agama palsu merga Yéhuwah nganggep agama palsu kuwi najis.​—Yé. 52:11. *

18. Critakna pengalamané salah siji sedulur sing tetep manut karo pathokané Alkitab wektu ditawani gawéan.

18 Gatèkna pengalamané salah siji pinituwa sing dadi tukang kayu iki. Dhèwèké wis tau ditawani gawéan karo salah siji kontraktor. Gawéan kuwi kudu ditindakké ing salah siji gréja. Kontraktor kuwi sakjané wis ngerti nèk sedulur kuwi ora bakal gelem nampa gawéan ing gréja. Ning, saiki dhèwèké njaluk tulung karo sedulur kuwi merga ora ana wong liya sing isa dijaluki tulung. Senajan ngono, sedulur kuwi tetep ora gelem merga péngin manut karo pathokané Alkitab. Akhiré gawéan kuwi digarap karo tukang kayu liya. Minggu ngarepé, sedulur kuwi ndelok koran lan ana fotoné tukang kayu mau sing lagi masang salib ing gréja. Umpamané sedulur mau gelem nampa gawéan kuwi, isa waé dhèwèké ya dikongkon masang salib lan fotoné dilebokké ing koran. Bayangna piyé tanggepané para sedulur nèk ndelok foto kuwi. Kuwi mesthi ya bakal nggawé Yéhuwah sedhih.

APA WAÉ SING WIS AWAKÉ DHÉWÉ SINAONI?

19-20. (a) Apa waé sing wis awaké dhéwé sinaoni tekan saiki? (b) Apa manèh sing perlu awaké dhéwé sinaoni?

19 Nurut ramalané Alkitab, ora suwé manèh bakal ana pengumuman ”tentrem lan aman”. Merga wis sinau Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk para pemimpin manungsa ora bakal isa nggawé donya iki dadi bener-bener damai lan aman. Sakdurungé peristiwa kuwi kelakon, apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké? Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus mempeng nginjil lan mbantu wong-wong bèn padha dadi muridé Yésus. Awaké dhéwé ya kudu bener-bener misah saka agama palsu. Mula, awaké dhéwé ora gelem dadi anggotané agama palsu utawa nindakké gawéan sing ana hubungané karo agama palsu.

20 Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug soal peristiwa-peristiwa liya sing bakal kelakon ing bagéan akhir saka ”dina-dina pungkasan”. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug soal apa waé sing kudu ditindakké bèn isa siap ngadhepi peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon sedhéla manèh.

LAGU 71 Prajurité Yéhuwah

^ par. 5 Ora suwé manèh bakal ana pengumuman ”tentrem lan aman”, sing dadi tandha nèk sengsara gedhé mèh kelakon. Karo ngentèni kuwi kelakon, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nindakké apa? Pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 3 Contoné, ing situs wèbé Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB) dijelaské nèk salah siji tujuané PBB yaiku ”njaga donya bèn tetep tentrem lan aman”.

^ par. 10 Bèn isa ngerti luwih akèh soal carané nggunakké Alat-Alat kanggo Mulang, deloken artikel ”Mulangké sing Bener” ing Warta Penting sasi Oktober 2018.

^ par. 11 Pelajaran Alkitab Online lagi ana ing basa Inggris lan Portugis. Bagéan iki ya bakal disedhiakké ing basa-basa liyané.

^ par. 16 Awaké dhéwé ya ora gelem dadi anggotané organisasi-organisasi sing ana hubungané karo agama palsu, misalé perkumpulan remaja. Senajan kegiatan ing organisasi kuwi mungkin ora ana hubungané karo agama, ning organisasi kuwi sumberé tetep saka agama palsu.

^ par. 17 Ing Menara Pengawal 15 April 1999 ana artikel ”Pertanyaan Pembaca” sing ngrembug apa kandhané Alkitab soal gawéan sing ana hubungané karo organisasi agama.

^ par. 83 GAMBAR: Ing salah siji rèstoran, wong-wong padha penasaran wektu ndelok ana berita ing TV sing nyritakké soal pengumuman ”tentrem lan aman”. Ana suami istri Seksi Yéhuwah sing lagi istirahat ing kono bar nginjil. Wong loro kuwi ngerti nèk para pemimpin manungsa ora bakal isa nggawé donya iki dadi bener-bener damai lan aman.