Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 44

Terus Akrab karo Para Sedulur

Terus Akrab karo Para Sedulur

”Mitra [utawa, kanca] iku ing samangsa-mangsa ajeg baé katresnané.”​—WB. 17:17.

LAGU 101 Rukun Anggoné Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Pas ”sengsara gedhé” kelakon, awaké dhéwé mesthi seneng nèk nduwé kanca-kanca sing sejati (Deloken paragraf 2) *

1-2. Nurut 1 Pétrus 4:7, 8, apa sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngadhepi akèh masalah?

ORA suwé manèh ”dina-dina pungkasan” wis arep rampung. Awaké dhéwé isa waé ngadhepi akèh masalah. (2 Tim. 3:1) Misalé, para sedulur ing salah siji negara ing Afrika Barat tau ngadhepi keadaan sing berbahaya nganti luwih saka enem sasi merga ana kerusuhan sakwisé pemilu ing negarané. Dadi, ana sedulur-sedulur sing akhiré ngungsi menyang omahé sedulur liya sing dhaérahé luwih aman. Ana salah siji sedulur sing kandha, ”Aku seneng banget merga nduwé akèh kanca. Aku lan para sedulur dadi isa padha-padha nguwatké.”

2 Pas ”sengsara gedhé” kelakon, awaké dhéwé mesthi seneng nèk nduwé kanca-kanca sejati sing sayang karo awaké dhéwé. (Why. 7:14) Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa luwih akrab karo para sedulur seiman mulai saka saiki. (Wacanen 1 Pétrus 4:7, 8.) Awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Yérémia, sing éntuk bantuan saka kanca-kanca cedhaké pas Yérusalèm arep dihancurké. * Apa waé sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané Yérémia?

SINAU SAKA PENGALAMANÉ YÉRÉMIA

3. (a) Apa sing dialami karo Yérémia sing isa waé nggawé dhèwèké dadi rumangsa dhèwèkan? (b) Apa sing Yérémia critakké karo Barukh, lan apa hasilé?

3 Nganti kira-kira 40 taun, Yérémia manggon ing antarané wong-wong sing ora setya, termasuk kanca-kanca lan mungkin keluargané dhéwé saka Anatot. (Ym. 11:21; 12:6) Ning, Yérémia ora dhèwèkan. Dhèwèké nduwé kanca sing jenengé Barukh, sing dadi sekretarisé. Yérémia kerep crita karo Barukh soal apa sing dhèwèké rasakké. Awaké dhéwé saiki ya isa ngerti soal perasaané Yérémia merga kuwi dicathet ing Alkitab. (Ym. 8:21; 9:1; 20:14-18; 45:1) Hasilé, Yérémia lan Barukh mesthi dadi saya akrab merga kerep omong-omongan wektu Barukh nyathet pengalamané Yérémia.​—Ym. 20:1, 2; 26:7-11.

4. Yéhuwah ngongkon Yérémia kanggo nindakké apa, lan apa pengaruhé tugas kuwi kanggo Yérémia lan Barukh?

4 Nganti pirang-pirang taun, Yérémia wis ngandhani wong-wong Israèl soal apa sing bakal kelakon ing Yérusalèm. (Ym. 25:3) Ning, wong-wong Israèl tetep ora gelem mertobat senajan wis dikèki peringatan. Mula, Yéhuwah ngongkon Yérémia kanggo nulis peringatan kuwi ing gulungan. (Ym. 36:1-4) Dadi, isa waé nganti pirang-pirang sasi Yérémia lan Barukh nindakké tugas kuwi bareng-bareng. Hasilé, wong loro kuwi mesthi dadi saya akrab lan kuwat imané.

5. Apa buktiné nèk Barukh kuwi kanca sing apik kanggo Yérémia?

5 Sakwisé gulungan kuwi rampung ditulis, Yérémia njaluk tulung karo Barukh kanggo mlebu menyang halaman bait lan macakké isiné gulungan kuwi marang wong-wong. (Ym. 36:5, 6) Yérémia mesthi seneng nduwé kanca kaya Barukh, sing wani nindakké tugasé senajan résikoné gedhé banget. (Ym. 36:8-10) Wektu krungu soal apa sing ditindakké Barukh, para pejabat ing Yéhuda ngongkon Barukh macakké gulungan kuwi manèh ing ngarepé para pejabat kuwi. (Ym. 36:14, 15) Terus, para pejabat kuwi arep ngandhani Raja Yéhoyakim soal peringatan saka Yéhuwah. Mula, para pejabat kuwi ngekèki saran sing apik kanggo Barukh, ”Lungaa lan ndhelika bareng karo Nabi Yérémia! Aja nganti ana wong kang nyumurupi panggonanmu!”.​—Ym. 36:16-19.

6. Piyé tanggepané Yérémia lan Barukh wektu ngadhepi tantangan?

6 Wektu ngrungokké isiné gulungan kuwi, Raja Yéhoyakim nesu banget. Terus, dhèwèké ngobong gulungan kuwi lan ngongkon bèn Yérémia karo Barukh ditangkep. Ning, Yérémia ora wedi. Yérémia malah njupuk gulungan sing anyar, terus ngongkon Barukh kanggo nuliské manèh ”sakèhing pangandika kang kamot ana ing layang kang wus diobong déning Sang Prabu Yoyakim [utawa, Yéhoyakim], ratu ing Yéhuda iku”.​—Ym. 36:26-28, 32.

7. Apa sing dialami Yérémia lan Barukh wektu wong loro kuwi kerja bareng-bareng?

7 Nèk ana wong loro sing ngadhepi masalah bareng-bareng, biasané hubungané bakal dadi saya cedhak. Kuwi sing dialami karo Yérémia lan Barukh. Wong loro kuwi mesthi dadi saya akrab wektu kerja bareng nulis gulungan kanggo ngganti gulungan sing diobong karo Raja Yéhoyakim. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Yérémia lan Barukh?

NYRITAKKÉ APA SING DIRASAKKÉ LAN DIPIKIRKÉ

8. Apa sebabé awaké dhéwé mungkin ngrasa ora isa cedhak karo wong liya, lan apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya cedhak karo para sedulur seiman?

8 Awaké dhéwé mungkin ngrasa ora isa cedhak karo wong liya merga wis tau dilarani atiné. (WB. 18:19, 24) Utawa, mungkin awaké dhéwé ya ngrasa wis ora nduwé wektu lan tenaga kanggo nggolèk kanca akrab. Ning, ngupaya cedhak karo para sedulur seiman kuwi penting banget. Pas awaké dhéwé ngalami masalah, para sedulur kuwi isa dadi kanca sing siap nulungi. Awaké dhéwé isa saya akrab karo para sedulur nèk kerep nyritakké apa sing awaké dhéwé pikirké utawa rasakké.​—1 Ptr. 1:22.

9. (a) Apa buktiné nèk Yésus percaya karo kanca-kancané? (b) Apa manfaaté nèk awaké dhéwé seneng nyritakké apa sing awaké dhéwé pikirké lan rasakké? Wènèhana conto.

9 Yésus percaya karo kanca-kancané, mula dhèwèké isa crita soal apa waé marang kanca-kancané. (Yoh. 15:15) Kaya Yésus, awaké dhéwé ya isa crita soal apa waé marang kancané awaké dhéwé, misalé soal apa sing nggawé awaké dhéwé seneng, sedhih, utawa kuwatir. Nèk ana sing ngejak omong-omongan, awaké dhéwé perlu ngrungokké tenanan. Isa waé dhèwèké ya nduwé perasaan, pikiran, lan tujuan sing padha karo awaké dhéwé. Gatèkna pengalamané Cindy, sedulur wédok sing umuré 20-an. Dhèwèké nduwé kanca cedhak sing umuré 60-an, jenengé yaiku Marie-Louise. Saben Kemis ésuk, Cindy mesthi nginjil bareng karo Marie-Louise. Wong loro kuwi dadi kerep omong-omongan. Cindy kandha, ”Aku seneng isa omong-omongan karo kanca-kanca merga aku dadi isa luwih kenal karo kanca-kancaku kuwi.” Awaké dhéwé isa dadi luwih cedhak karo kanca-kanca nèk awaké dhéwé seneng ngrungokké lan nyritakké apa sing awaké dhéwé rasakké lan pikirké.​—WB. 27:9.

NGINJIL BARENG

Kanca-kanca sing sejati seneng nginjil (Deloken paragraf 10)

10. Nurut Wulang Bebasan 27:17, apa hasilé nèk awaké dhéwé nyambut gawé bareng-bareng karo para sedulur?

10 Kaya pengalamané Yérémia lan Barukh, awaké dhéwé isa dadi luwih akrab karo para sedulur wektu nyambut gawé bareng-bareng karo para sedulur kuwi. Awaké dhéwé isa dadi ngerti sipat-sipat apiké para sedulur kuwi. (Wacanen Wulang Bebasan 27:17.) Contoné, wektu nginjil bareng karo sedulur seiman, mungkin awaké dhéwé dadi ngerti nèk dhèwèké isa kendel wektu njelaské ajaran Alkitab. Awaké dhéwé ya isa dadi ngerti nèk dhèwèké bener-bener nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé mesthi dadi luwih nresnani sedulur kuwi.

11-12. Critakna pengalamané para sedulur sing ngrasakké manfaaté wektu nginjil bareng karo sedulur liyané.

11 Gatèkna pengalaman-pengalaman iki. Ana sedulur wédok sing umuré 23 taun, sing jenengé Adeline. Dhèwèké nduwé kanca sing jenengé Candice. Wong loro kuwi péngin éntuk pengalaman sing nyenengké bèn isa dadi luwih semangat ngabdi. Adeline ngejak Candice kanggo nginjil bareng ing dhaérah sing jarang dikerjakké. Adeline kandha, ”Saben rampung nginjil, aku karo Candice seneng ngomongké soal apa sing kelakon ing dina kuwi. Aku karo Candice isa ngrasakké bantuané Yéhuwah lan éntuk pengalaman sing menarik pas nginjil. Kuwi nyenengké banget lan nggawé aku dadi luwih akrab karo Candice.”

12 Laïla lan Marianne kuwi sedulur wédok sing asalé saka Prancis lan padha-padha durung nikah. Wong loro kuwi nginjil ing Bangui, ibukotané Republik Afrika Tengah, nganti limang minggu. Laïla crita, ”Aku karo Marianne nduwé kepribadian sing béda. Ning, aku karo Marianne kerep omong-omongan. Aku ya ngupaya bèn isa luwih kenal karo Marianne. Aku dadi ngerti nèk Marianne nduwé akèh sipat sing apik. Dhèwèké semangat banget nginjilé lan isa langsung nggawé penyesuaian ing dhaérah sing anyar. Dhèwèké ya nresnani wong-wong sing ditemoni pas nginjil. Hasilé, aku lan dhèwèké dadi saya akrab.” Kaya Laïla lan Marianne, awaké dhéwé ya isa dadi saya akrab karo para sedulur ing jemaat nèk kerep nginjil bareng karo para sedulur kuwi, senajan ora kudu pindhah menyang negara liya.

NGGATÈKKÉ SIPAT-SIPAT SING APIK LAN SENENG NGAPURANI

13. Apa sing isa waé awaké dhéwé alami wektu nyambut gawé bareng karo para sedulur?

13 Wektu nyambut gawé bareng karo para sedulur, awaké dhéwé mungkin nggatèkké nèk para sedulur kuwi ora mung nduwé sipat-sipat sing apik, ning ya isa waé nggawé kesalahan. Apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké? Awaké dhéwé isa sinau manèh saka pengalamané Yérémia. Dhèwèké seneng ngapurani lan luwih nggatèkké sipat-sipat apiké kancané.

14. Apa sing disinaoni Yérémia saka Yéhuwah, lan apa manfaaté kanggo Yérémia?

14 Sakliyané nulis buku Yérémia ing Alkitab, Yérémia kétoké ya nulis buku 1 lan 2 Para Raja. Dadi, Yérémia mesthiné ngerti pengalamané para raja sing nindakké kesalahan lan diapurani karo Yéhuwah. Contoné yaiku Raja Ahab. Sakwisé sadhar nèk dhèwèké wis nggawé kesalahan, dhèwèké ngrasa gela. Dadi, Yéhuwah ora ngukum keluargané pas dhèwèké isih urip. (1 Ra. 21:27-29) Yérémia mesthiné ya ngerti soal Manasyé, sing kesalahané luwih akèh ketimbang Ahab. Ning, Yéhuwah ya ngapurani Manasyé merga Manasyé gelem mertobat. (2 Ra. 21:16, 17; 2 Bb. 33:10-13) Saka pengalaman-pengalaman kuwi, Yérémia dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi sabar lan seneng ngapurani. Yérémia mesthi dadi péngin niru Yéhuwah lan seneng ngapurani kanca-kancané.​—Ms. 103:8, 9.

15. Apa sing ditindakké Yérémia wektu Barukh dadi ora semangat lan ora ngutamakké tugasé manèh?

15 Apa sing ditindakké Yérémia wektu Barukh dadi ora semangat lan ora ngutamakké tugasé manèh? Yérémia ora langsung nganggep nèk Barukh pancèn ora gelem berubah. Yérémia gelem mbantu Barukh lan nyampèkké naséhat saka Yéhuwah kanggo Barukh. (Ym. 45:1-5) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalaman kuwi?

Kanca-kanca sing sejati seneng ngapurani (Deloken paragraf 16)

16. Nurut Wulang Bebasan 17:9, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa tetep akrab karo para sedulur?

16 Pancèn ora ana manungsa sing sampurna. Para sedulur seiman ya isa waé nindakké kesalahan. Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa tetep akrab karo para sedulur. Nèk ana kanca sing nindakké kesalahan, awaké dhéwé mungkin perlu ngekèki naséhat sing dhasaré saka Alkitab. (Ms. 141:5) Nèk ana kanca sing nggawé jèngkèl, awaké dhéwé kudu gelem ngapurani. Nèk wis ngapurani, awaké dhéwé ya aja ngéling-éling kesalahané manèh utawa malah nyritak-nyritakké kesalahané marang wong liya. (Wacanen Wulang Bebasan 17:9.) Awaké dhéwé kudu luwih nggatèkké sipat-sipat apiké para sedulur ketimbang kesalahané. Kuwi kudu ditindakké mulai saka saiki merga sukmbèn pas sengsara gedhé awaké dhéwé mbutuhké kanca-kanca sing akrab bèn isa padha-padha nguwatké.

DADI KANCA SING SEJATI

17. Apa buktiné nèk Yérémia kuwi bener-bener kanca sing sejati?

17 Nabi Yérémia kuwi bener-bener kanca sing sejati. Misalé, Yérémia perduli karo Èbèd-mèlèkh, pejabat istana sing tau nulungi Yérémia pas Yérémia dicemplungké ing sumur sing kebak lumpur. Bar nulungi Yérémia, Èbèd-mèlèkh wedi nèk bakal dipatèni karo para mungsuhé Yérémia. Apa Yérémia meneng waé lan mikir nèk Èbèd-mèlèkh bakal isa ngatasi masalahé dhéwé? Ora. Senajan lagi dipenjara, Yérémia tetep ngupaya kanggo nguwatké Èbèd-mèlèkh. Yérémia ngandhani Èbèd-mèlèkh soal janjiné Yéhuwah marang Èbèd-mèlèkh.​—Ym. 38:7-13; 39:15-18.

Kanca-kanca sing sejati seneng nulungi para sedulur sing mbutuhké bantuan (Deloken paragraf 18)

18. Nurut Wulang Bebasan 17:17, apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké nèk ana sedulur sing ngadhepi masalah?

18 Para sedulur saiki ya isa waé ngadhepi akèh masalah. Contoné, ana sing ngalami bencana alam, perang, utawa masalah sing liyané. Awaké dhéwé isa mbantu para sedulur kuwi. Misalé, awaké dhéwé isa ngekèki sumbangan utawa nyedhiakké panggonan kanggo ngungsi. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ndongakké para sedulur kuwi. Nèk ana sedulur sing lagi cilik ati, awaké dhéwé mungkin ora ngerti kudu tumindak utawa ngomong apa. Ning, awaké dhéwé isa nyedhiakké wektu kanggo ngrungokké bèn dhèwèké ngrasa digatèkké. Awaké dhéwé ya isa nguwatké para sedulur kuwi nggunakké ayat-ayat Alkitab. (Yé. 50:4) Awaké dhéwé kudu dadi kanca sejati sing siap nulungi.​—Wacanen Wulang Bebasan 17:17.

19. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa terus akrab karo para sedulur mulai saka saiki?

19 Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa terus akrab karo para sedulur mulai saka saiki. Kenapa? Merga para mungsuhé awaké dhéwé bakal ngupaya kanggo nggawé awaké dhéwé dadi ora rukun. Para mungsuh isa waé nyebarké katrangan palsu bèn awaké dhéwé dadi ora percaya manèh karo para sedulur seiman. Ning, nèk awaké dhéwé wis akrab karo para sedulur, para mungsuh ora bakal isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo para sedulur seiman. Awaké dhéwé bakal isa terus akrab karo para sedulur, ora mung pas sengsara gedhé, ning ya nganti saklawasé.

LAGU 24 Ayo Ngibadah marang Yéhuwah

^ par. 5 Awaké dhéwé kudu terus akrab karo para sedulur seiman, apa manèh ”dina-dina pungkasan” wis arep rampung. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pengalamané Yérémia. Awaké dhéwé ya arep ngrembug apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa terus akrab karo para sedulur mulai saka saiki.

^ par. 2 Peristiwa-peristiwa sing dicathet ing buku Yérémia kuwi critané ora urut.

^ par. 57 GAMBAR: Gambar iki nduduhké apa sing isa waé kelakon pas ”sengsara gedhé” sukmbèn. Ana sedulur-sedulur sing ngumpul ing lotèng bèn isa padha-padha nguwatké pas sengsara gedhé. Telung gambar sakbanjuré nduduhké para sedulur sing padha sing lagi ngupaya bèn dadi luwih akrab sakdurungé sengsara gedhé dimulai.