Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 47

Sing Isa Disinaoni saka Buku Kaimaman

Sing Isa Disinaoni saka Buku Kaimaman

”Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah lan migunani.”—2 TIM. 3:16.

LAGU 98 Alkitab—Pangandikané Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sebabé awaké dhéwé perlu sinau saka buku Kaimaman?

ANA sing nganggep nèk hukum-hukum sing ditulis ing buku Kaimaman kuwi wis ora isa ditrapké ing jaman saiki. Ning, wong-wong Kristen nduwé pandhangan sing béda. Rasul Paulus tau ngandhani Timotius nèk ”kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah lan migunani”. (2 Tim. 3:16) Dadi, buku Kaimaman ya mesthi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé.

2 Buku Kaimaman disedhiakké Yéhuwah ”kanggo mulang kita”, senajan buku kuwi wis ditulis kira-kira 3.500 taun kepungkur. (Rm. 15:4) Saka buku Kaimaman, awaké dhéwé isa ngerti soal pandhangan lan perasaané Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé ya perlu sinau saka buku Kaimaman. Apa waé sing isa awaké dhéwé sinaoni?

CARANÉ NYENENGKÉ YÉHUWAH

3. Apa sebabé wong-wong Israèl kudu ngorbanké kéwan pas Dina Pangapurané Dosa?

3 Pertama: Persembahané awaké dhéwé bakal ditampa nèk awaké dhéwé nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah. Saben taun, wong-wong Israèl ngumpul pas Dina Pangapurané Dosa. Ing dina kuwi, wong-wong Israèl ngorbanké kéwan kanggo njaluk pangapurané Yéhuwah. Wong-wong Israèl kudu nindakké kuwi bèn terus kèlingan nèk wong-wong kuwi nduwé dosa lan butuh pangapurané Yéhuwah. Getihé kéwan sing dikorbanké kuwi bakal digawa mlebu menyang Papan Mahasuci karo imam agung. Ning, sakdurungé kuwi ana sing kudu ditindakké karo imam agung, sing luwih penting ketimbang mènèhké korban kanggo ngapurani dosa.

(Deloken paragraf 4) *

4. Nurut Kaimaman 16:12, 13, apa sing ditindakké karo imam agung pas mèh mlebu pertama kali menyang Papan Mahasuci wektu Dina Pangapurané Dosa? (Deloken gambar ing halaman 1.)

4 Wacanen Kaimaman 16:12, 13. Bayangna apa sing kelakon wektu Dina Pangapurané Dosa. Ing dina kuwi, imam agung bakal mlebu ping telu menyang Papan Mahasuci sing ana ing tabernakel. Pas mèh mlebu sing pertama kali, imam agung nggawa wadhah sing isiné dupa wangi lan ing tangan sijiné nggawa wadhah saka emas sing isiné mawa. Sakdurungé mlebu Papan Mahasuci, dhèwèké mandheg sedhéla. Terus, dhèwèké mlaku alon-alon ngliwati tirai sing nutupi Papan Mahasuci lan ngadeg ing ngarepé pethi perjanjian. Sikapé kudu nduduhké nèk imam agung kuwi ngajèni Yéhuwah merga kaya-kaya dhèwèké lagi ngadeg ing ngarepé Yéhuwah. Bar kuwi, dupa wanginé diesokké menyang wadhah sing isiné mawa lan ruangan kuwi dadi wangi banget. * Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal mlebu manèh menyang Papan Mahasuci karo nggawa getihé kéwan sing dienggo persembahan dosa. Dadi, imam agung mbakar dupa dhisik sakdurungé nggawa getihé kéwan persembahan menyang Papan Mahasuci.

5. Apa sing isa disinaoni saka dupa sing digunakké wektu Dina Pangapurané Dosa?

5 Apa sing isa disinaoni saka dupa sing digunakké wektu Dina Pangapurané Dosa? Alkitab kandha nèk dongané umaté Yéhuwah kuwi isa dipadhakké kaya dupa. (Ms. 141:2; Why. 5:8) Mbiyèn, imam agung nduduhké sikap sing ngajèni wektu nggawa dupa ing Papan Mahasuci. Dadi, awaké dhéwé ya kudu nduduhké sikap sing ngajèni wektu ndonga. Senajan Yéhuwah kuwi Sang Pencipta, ning Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyedhak marang Dhèwèké kaya anak nyedhak marang bapaké. (Yak. 4:8) Malah, awaké dhéwé ya isa dadi sahabaté Yéhuwah. (Ms. 25:14) Awaké dhéwé mesthi nganggep nèk ndonga kuwi kehormatan sing gedhé. Mula, awaké dhéwé ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih.

6. Apa sebabé sing Yésus tindakké isa dipadhakké karo imam agung sing mbakar dupa sakdurungé nggawa getihé kéwan persembahan?

6 Kaya sing wis disebutké mau, imam agung mbakar dupa dhisik sakdurungé nggawa getihé kéwan persembahan menyang Papan Mahasuci. Imam agung nindakké kuwi merga péngin mastèkké nèk dhèwèké wis nggawé Yéhuwah seneng. Iki isa dipadhakké karo apa sing Yésus tindakké. Yésus teka ing bumi merga arep ngorbanké nyawané kanggo nebus uripé manungsa. Ning, ana sing kudu ditindakké Yésus sakdurungé kuwi, sing luwih penting ketimbang nyedhiakké tebusan kanggo manungsa. Yésus kudu terus setya bèn Yéhuwah gelem nampa korban tebusané. Merga terus setya, Yésus mbuktèkké nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing paling bener lan carané Yéhuwah mréntah kuwi sing paling apik.

7. Apa buktiné nèk Yésus terus nyenengké Yéhuwah wektu ing bumi?

7 Wektu ing bumi, Yésus terus manut marang Yéhuwah, senajan dhèwèké kudu ngadhepi tantangan lan dianiaya nganti mati. (Flp. 2:8) Wektu ngadhepi tantangan, Yésus ndonga ”nganggo swara seru lan tangisan”. (Ibr. 5:7) Dhèwèké ndonga merga péngin bener-bener manut lan kuwi nggawé Yésus isa tetep setya karo Yéhuwah. Kanggoné Yéhuwah, donga-dongané Yésus kuwi kaya dupa sing wangi. Yésus terus nindakké apa waé sing nyenengké Yéhuwah lan mbuktèkké nèk carané Yéhuwah mréntah kuwi sing paling apik.

8. Piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus?

8 Awaké dhéwé isa niru Yésus nèk ngupaya tenanan kanggo terus manut lan setya marang Yéhuwah. Wektu ngadhepi tantangan, awaké dhéwé ya perlu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nindakké apa sing nyenengké Dhèwèké. Kuwi kabèh nduduhké nèk awaké dhéwé péngin terus manut karo Yéhuwah. Dongané awaké dhéwé ora bakal ditampa karo Yéhuwah nèk awaké dhéwé nindakké apa sing disengiti karo Yéhuwah. Ning, dongané awaké dhéwé isa dadi kaya dupa wangi kanggo Yéhuwah nèk awaké dhéwé terus manut karo pathokané. Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé terus setya lan manut marang Dhèwèké.—WB. 27:11.

NDUDUHKÉ RASA MATURNUWUN LAN KATRESNAN MARANG YÉHUWAH

(Deloken paragraf 9) *

9. Apa sebabé wong-wong ngekèki korban persekutuan?

9 Keloro: Awaké dhéwé ngabdi marang Yéhuwah merga péngin nduduhké rasa maturnuwun. Ing buku Kaimaman, awaké dhéwé isa sinau soal korban persekutuan. * Korban persekutuan dadi bagéan saka ibadahé wong-wong Israèl sing tujuané kanggo nyampèkké ”pamuji sokur” marang Yéhuwah. (Km. 7:11-13, 16-18) Korban persekutuan kuwi termasuk persembahan sukaréla sing diwènèhké merga wong sing ngekèki kuwi nresnani Yéhuwah, dudu merga kepeksa. Dagingé kéwan sing dikorbanké bakal dipangan karo wong sing nggawa korban kuwi, keluargané, lan para imam. Ning, ana bagéan-bagéan saka kéwan kuwi sing khusus kanggo Yéhuwah. Bagéan apa waé kuwi?

(Deloken paragraf 10) *

10. Apa sebabé korban persekutuan sing disebutké ing Kaimaman 3:6, 12, 14-16 isa dipadhakké karo upayané Yésus kanggo ngabdi?

10 Ketelu: Awaké dhéwé ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah merga nresnani Dhèwèké. Alkitab kandha nèk gajih, ginjel, lan atiné kéwan sing dienggo korban kuwi dadi bagéan sing paling apik lan dikhususké kanggo Yéhuwah. (Wacanen Kaimaman 3:6, 12, 14-16.) Yéhuwah mesthi seneng wektu ana wong Israèl sing mènèhké bagéan-bagéan kuwi kanggo Dhèwèké. Kuwi dadi bukti nèk wong sing ngekèki korban kuwi péngin ngekèki bagéan sing paling apik kanggo Yéhuwah. Apa sing ditindakké wong Israèl kuwi padha kaya upayané Yésus wektu ngabdi marang Yéhuwah. Yésus ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah. (Yoh. 14:31) Yésus seneng nindakké hukum lan kepénginané Yéhuwah. (Ms. 40:9) Yésus nindakké kuwi kabèh merga nresnani Yéhuwah, dudu merga kepeksa. Kuwi mesthi nggawé seneng atiné Yéhuwah.

Awaké dhéwé ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah merga nresnani Dhèwèké (Deloken paragraf 11-12) *

11. Apa sebabé upayané awaké dhéwé kanggo ngabdi isa dipadhakké karo korban persekutuan, lan apa sebabé kuwi isa nguwatké awaké dhéwé?

11 Upayané awaké dhéwé kanggo ngabdi isa dipadhakké karo korban persekutuan. Awaké dhéwé gelem ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah merga nresnani Dhèwèké, dudu merga kepeksa. Saiki, ana jutaan wong sing gelem ngabdi marang Yéhuwah merga nresnani Dhèwèké. Kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng. Awaké dhéwé ya isa ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk Yéhuwah ora mung nggatèkké apa sing awaké dhéwé tindakké kanggo Dhèwèké, ning ya nggatèkké apa sebabé awaké dhéwé gelem nindakké kuwi. Misalé, mungkin njenengan wis ora isa nindakké luwih akèh manèh kanggo Yéhuwah merga wis tuwa. Ning, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ngertèni keadaané njenengan. Yéhuwah ngerti nèk apa sing isa njenengan tindakké saiki kuwi merga njenengan nresnani Dhèwèké. Yéhuwah mesthi seneng merga njenengan wis ngupayakké sing paling apik kanggo Dhèwèké.

12. Piyé perasaané Yéhuwah wektu korban persekutuan diwènèhké, lan apa sebabé kuwi isa nguwatké awaké dhéwé?

12 Yéhuwah seneng wektu bagéan sing paling apik saka kéwan sing dienggo korban persekutuan dibakar lan asapé munggah tekan langit. Dadi, Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé ngabdi marang Dhèwèké sakwutuhé jiwa. (Kol. 3:23) Ora soal sepira akèhé sing isa awaké dhéwé tindakké, Yéhuwah mesthi ngajèni lan ora bakal lali karo kabèh sing wis awaké dhéwé tindakké kanggo Dhèwèké.—Mat. 6:20; Ibr. 6:10.

YÉHUWAH MBERKAHI ORGANISASINÉ

13. Nurut Kaimaman 9:23, 24, apa buktiné nèk Yéhuwah setuju karo pelantikané Harun lan putra-putrané?

13 Kepapat: Yéhuwah mberkahi umaté. Bayangna apa sing kelakon sakwisé tabernakel didegké ing cedhak Gunung Sinai ing taun 1512 SM. (Pa. 40:17) Musa nganakké upacara kanggo nglantik Harun lan putra-putrané Harun dadi imam. Terus, bangsa Israèl ngumpul kanggo ndelok pertama kaliné imam-imam kuwi mènèhké korban. (Km. 9:1-5) Sakwisé Harun lan Musa mberkahi bangsa Israèl, ana geni saka Yéhuwah sing ngobong korban kuwi. Geni kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah setuju karo pelantikané imam-imam kuwi.—Wacanen Kaimaman 9:23, 24.

14. Imam-imam ing bangsa Israèl kuwi nglambangké sapa?

14 Geni saka Yéhuwah kuwi ya mbuktèkké nèk Yéhuwah ndhukung Harun lan putra-putrané sing wis dilantik dadi imam. Mula, wong-wong Israèl kudu mèlu ndhukung imam-imam sing wis dilantik kuwi. Imam-imam kuwi nglambangké Yésus sing dadi Imam Agung ing swarga lan 144.000 sing bakal dadi raja bareng karo Yésus. (Ibr. 4:14; 8:3-5; 10:1) Apa hubungané karo awaké dhéwé?

Yéhuwah mberkahi lan ndhukung organisasiné. Awaké dhéwé ya kudu ndhukung organisasiné Yéhuwah (Deloken paragraf 15-17) *

15-16. Apa buktiné nèk Yéhuwah ndhukung ”budhak sing setya lan wicaksana”?

15 Ing taun 1919, ana sedulur-sedulur sing nduwé harapan kanggo munggah swarga sing dilantik dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”. Para sedulur kuwi dipilih Yésus kanggo mimpin gawéan nginjil lan ’mènèhi pangan ing wektu sing pas’ kanggo murid-muridé Yésus. (Mat. 24:45) Apa buktiné nèk Yéhuwah ndhukung budhak sing setya lan wicaksana?

16 Sétan lan para pengikuté terus ngupaya kanggo ngendhegké gawéané budhak sing setya lan wicaksana. Misalé, ana perang donya sing kelakon nganthi ping pindho lan krisis ékonomi sing parah. Umaté Yéhuwah ya dianiaya lan ngalami tumindak sing ora adil. Ning, Yéhuwah mbantu budhak sing setya lan wicaksana bèn tetep isa nyedhiakké katrangan-katrangan sing dhasaré saka Alkitab kanggo para sedulur. Malah, katrangan-katrangan kuwi disedhiakké gratis lan saiki ana ing luwih saka 900 basa. Sakliyané kuwi, gawéan nginjil ya lagi ditindakké ”ing saklumahing bumi”. (Mat. 24:14) Nèk Yéhuwah ora mbantu, organisasiné Yéhuwah ora bakal isa nindakké kuwi kabèh. Iki dadi bukti nèk Yéhuwah ndhukung budhak sing setya lan wicaksana.

17. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah?

17 Yéhuwah wis ngekèki bukti nèk Dhèwèké ndhukung organisasiné. Kuwi isa dipadhakké kaya geni sing dadi bukti nèk Yéhuwah setuju karo pelantikané imam-imam ing jaman Musa. Mula, awaké dhéwé mesthi seneng merga wis isa dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah. (1 Tés. 5:18) Apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah? Awaké dhéwé kudu ngetrapké kabèh petunjuk saka Alkitab sing disampèkké liwat publikasi, perhimpunan, lan kebaktian. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu ngupaya sak isa-isané kanggo mèlu gawéan nginjil lan mulang.—1 Kor. 15:58.

18. Awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo nindakké apa waé?

18 Awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo ngetrapké apa sing wis disinaoni saka buku Kaimaman. Awaké dhéwé perlu nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah bèn persembahané awaké dhéwé ditampa karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya ngabdi marang Yéhuwah merga péngin nduduhké rasa maturnuwun. Terus, awaké dhéwé ya ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah merga nresnani Dhèwèké. Awaké dhéwé ya bakal ngupaya sak isa-isané kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah. Kuwi kabèh dadi bukti nèk awaké dhéwé seneng dadi umaté Yéhuwah lan nganggep kuwi kehormatan sing gedhé.

LAGU 96 Sabdané Gusti sing Aji

^ par. 5 Buku Kaimaman kuwi isiné hukumé Yéhuwah kanggo wong-wong Israèl. Wong-wong Kristen ora kudu manut karo hukum kuwi. Ning, hukum kuwi isih ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa disinaoni saka buku Kaimaman.

^ par. 4 Ing jaman bangsa Israèl mbiyèn, dupa sing dibakar ing tabernakel dianggep suci lan digunakké khusus kanggo ibadah. (Pa. 30:34-38) Ning, ora ana katrangan sing nduduhké nèk wong-wong Kristen ing jamané para rasul ya nggunakké dupa kanggo ibadah.

^ par. 9 Bèn isa ngerti luwih akèh soal korban persekutuan, deloken buku Pemahaman Alkitab, Jilid 2, ing halaman 501.

^ par. 54 GAMBAR: Ing Dina Pangapurané Dosa, imam agung mlebu menyang Papan Mahasuci karo nggawa dupa wangi lan mawa bèn ruangan kuwi dadi wangi banget. Bar kuwi, dhèwèké mlebu manèh menyang Papan Mahasuci karo nggawa getihé kéwan sing dienggo persembahan dosa.

^ par. 56 GAMBAR: Wong Israèl nduduhké rasa maturnuwuné marang Yéhuwah wektu ngekèki domba kanggo korban persekutuan.

^ par. 58 GAMBAR: Wektu ing bumi, Yésus gelem nindakké prentahé Yéhuwah lan mulang wong liya merga nresnani Yéhuwah.

^ par. 60 GAMBAR: Sedulur wédok sing wis tuwa lagi ngekèki kesaksian liwat surat merga péngin ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah.

^ par. 62 GAMBAR: Ing Februari 2019, Sedulur Gerrit Lösch ngumumké nèk Alkitab Terjemahan Dunia Baru édhisi révisi wis ana ing basa Jerman. Sedulur-sedulur wédok ing Jerman seneng nggunakké Alkitab kuwi kanggo nginjil.