Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ndhukung Kratoné Allah Saiki

Ndhukung Kratoné Allah Saiki

Bayangna nèk bakal ana tsunami. Pamréntah wis mènèhi peringatan, ”MLAYUA! GOLEKA PANGGONAN SING AMAN!” Apa sing bakal njenengan tindakké? Mesthiné njenengan bakal langsung lunga ing panggonan sing aman.

Ora suwé manèh, awaké dhéwé bakal ngadhepi ”tsunami” sing medèni banget. Yésus nyebut peristiwa kuwi ”sengsara gedhé”. (Matius 24:21) Awaké dhéwé ora isa mlayu saka peristiwa kuwi. Ning, awaké dhéwé isa slamet. Piyé carané?

Wektu kotbah ing gunung, Yésus mènèhi préntah iki, ”Terus utamakna dhisik Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah.” (Matius 6:33) Piyé carané awaké dhéwé isa nindakké kuwi?

Ngutamakké Kratoné Allah. Iki maksudé awaké dhéwé kudu nganggep Kratoné Allah kuwi sing paling penting ketimbang liyané. (Matius 6:25, 32, 33) Apa sebabé? Merga manungsa ora isa nyingkirké kabèh masalah ing donya. Mung Kratoné Allah sing isa nindakké kuwi.

Ngutamakké apa sing bener miturut Gusti Allah. Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo manut hukum lan pathokané Gusti Allah. Apa sebabé? Merga hasilé ora bakal apik nèk awaké dhéwé tumindak sak karepé dhéwé. (Wulang Bebasan 16:25) Nèk manut karo pathokané Gusti Allah, awaké dhéwé ora mung nyenengké Gusti Allah ning ya isa ngrasakké manfaaté.​—Yésaya 48:17, 18.

Terusa ngutamakké Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah. Yésus ngomong nèk ana sing ora ngutamakké Kratoné Allah merga ngutamakké nggolèk bandha, utawa terlalu nguwatirké kebutuhan saben dina.​—Matius 6:19-21, 25-32.

Ning, Yésus janji nèk wong sing ngutamakké Kratoné Allah bakal dicukupi kebutuhané saiki lan isa éntuk berkah ing masa depan.​—Matius 6:33.

Senajan wis ngutamakké Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah, murid-muridé Yésus ing jaman mbiyèn tetep ngalami kesusahan. Ning, wong-wong kuwi isa éntuk perlindungan. Kok isa?

Wong-wong kuwi isa dilindhungi merga manut pathokané Gusti Allah. Wong-wong kuwi ya isa ngadhepi akèh masalah sing abot merga percaya nèk Kratoné Allah bakal teka kanggo ngrampungi masalahé wong-wong kuwi. Gusti Allah ya mènèhi wong-wong kuwi ”kesanggupan sing nggumunké” kanggo ngadhepi masalah.​—2 Korintus 4:7-9.

APA NJENENGAN GELEM NGUTAMAKKÉ KRATONÉ ALLAH?

Wong-wong Kristen ing jaman mbiyèn ngutamakké Kratoné Allah. Wong-wong kuwi martakké kabar apik soal Kratoné Allah ing sak donya. (Kolose 1:23) Apa saiki isih ana sing nindakké kuwi?

Ya. Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti nèk wektuné mung tinggal sithik. Ora suwé manèh, Kratoné Allah bakal nyingkirké pamréntahan sing ana saiki. Yésus ngomong nèk ”kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka”. (Matius 24:14) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké kuwi.

Piyé kuduné tanggepané njenengan wektu ana sing martakké kabar apik? Njenengan isa niru contoné wong-wong ing Béréa, salah siji kutha ing Makédonia. Wektu krungu kabar apik saka Rasul Paulus, wong-wong kuwi nampa ”kanthi semangat banget”. Wong-wong kuwi ”mriksa Kitab Suci kanthi tliti” kanggo mastèkké apa omongané Paulus kuwi pancèn bener. Bar kuwi, wong-wong mau nindakké apa sing wis disinaoni.​—Kisah 17:11, 12.

Njenengan ya isa nindakké sing padha. Nèk ngutamakké Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah, njenengan bakal éntuk perlindungan ing jaman saiki lan isa ngrasakké damai lan aman ing masa depan.