Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | MATIUS 20-21

”Sapa Waé sing Péngin Dadi sing Utama Kudu Ngladèni Liyané”

”Sapa Waé sing Péngin Dadi sing Utama Kudu Ngladèni Liyané”

20:28

Wong-wong Farisi lan ahli Taurat sing sombong péngin digatèkké lan dihormati ing pasar

Wong-wong Farisi lan ahli Taurat sing sombong péngin dialem lan diajèni wong liya. (Mat 23:5-7) Yésus ora kaya ngono. ”Kaya Putrané manungsa teka, ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni.” (Mat 20:28) Wektu ngibadah, apa kita mung seneng nindakké tugas sing isa nggawé kita terkenal lan dialem wong? Nèk péngin dadi sing utama kanggoné Yéhuwah, kita kudu niru Yésus lan seneng mbantu liyané. Kadhang wong liya ora ngerti sing kita tindakké, ning Yéhuwah ngerti. (Mat 6:1-4) Nèk kita andhap asor, kita bakal . . .

  • mèlu ngresiki lan ngrumat Balé Ibadah

  • seneng mbantu sedulur sing wis sepuh lan wong liya

  • mènèhi sumbangan kanggo kepentingan Kratoné Gusti Allah