Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Ngendelké Yéhuwah Nèk Di-bully

Ngendelké Yéhuwah Nèk Di-bully

Di-bully kuwi isa marakké wong dadi lara lan strès. Bahkan merga wedi, wong ya isa dadi adoh saka Gusti Allah pas di-bully soal agamané. Lha terus, kudu piyé nèk di-bully?

Akèh umaté Yéhuwah sing tetep kendel pas di-bully merga ngendelké Yéhuwah. (Mzm 18:17) Misalé, Èster kendel mbongkar rencana jahaté pem-bully sing jenengé Haman. (Èst 7:​1-6) Sakdurungé melakukan kuwi, Èster pasa. Kuwi bukti nèk Èster ngendelké Yéhuwah. (Èst 4:​14-16) Yéhuwah mberkahi upayané Èster. Èster karo bangsané ora sida dipatèni.

Cah-cah enom, nèk kowé di-bully, njaluka bantuané Yéhuwah. Critakna sing mbok alami karo wong sing luwih tuwa misalé wong tuwamu. Yéhuwah wis mbantu Èster. Yéhuwah mesthi ya bakal mbantu kowé. Apa manèh sing isa mbok upayakké nèk di-bully?

DELOKEN VIDÉO PAS AKU REMAJA—PIYÉ NÈK AKU DI-BULLY?, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Apa sing isa cah-cah enom pelajari saka pengalamané Charlie karo Ferin?

  • Saka sing dicritakké Charlie karo Ferin, wong tuwa kudu piyé bèn isa mbantu nèk anaké di-bully?