Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Para Pinituwa Kerja Keras kanggo Manfaaté Umaté Yéhuwah

Para Pinituwa Kerja Keras kanggo Manfaaté Umaté Yéhuwah

Kèt mbiyèn, wong sing nduwé wewenang seneng nggunakké kekuasaané kanggo kepentingané dhéwé. (Mi 7:3) Mulané, akèh sing ora percaya karo wong sing nduwé wewenang. Tapi awaké dhéwé bersyukur soalé para pinituwa ing jemaat wis dilatih nggunakké wewenangé kanggo manfaaté umaté Yéhuwah.—Èst 10:3; Mat 20:​25, 26.

Ora kaya wong-wong sing nduwé wewenang ing donya iki, para pinituwa nglayani dadi pengawas merga sayang Yéhuwah lan para sedulur. (Yoh 21:16; 1Ptr 5:​1-3) Meréka ya kaya gembala sing manut arahané Yésus. Meréka ngupaya bèn para sedulur ing jemaat isa tambah akrab karo Yéhuwah lan ngrasa disayang merga nduwé sedulur seiman sak donya. Nèk ana sing butuh dikuwatké imané, ana keadaan darurat mèdis, utawa ana bencana alam, para pinituwa selalu siap mbantu. Mulané nèk butuh bantuan, njenengan isa langsung ngubungi para pinituwa ing jemaaté njenengan.—Yak 5:14.

DELOKEN VIDÉO PARA GEMBALA SING NGGATÈKKÉ DOMBA-DOMBANÉ YÉHUWAH, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Apa waé manfaat sing dirasakké Mariana bar dikunjungi para pinituwa?

  • Apa waé manfaat sing dirasakké Elias bar dikunjungi para pinituwa?

  • Bar nonton vidéo mau, piyé perasaané njenengan bar ngerti kerja kerasé para pinituwa?