Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Nganggo Halaman Utama JW.ORG

Carané Nganggo Halaman Utama JW.ORG

Ing halaman utama jw.org, ana akèh artikel lan vidéo sing isa marakké wong-wong dadi tertarik kanggo ndelok isiné. (Kis 13:48) Biasané sing dirembug ing kono kuwi soal berita sing paling anyar utawa topik sing kerep diomongké wong-wong.

Piyé kuwi isa dimanfaatké kanggo nginjil?

  • Kudu kerep mbukak jw.org. Pas mbukak, deloken artikel utawa vidéo ing halaman utama termasuk ing bagéan ”Pilihan”. Terus pikirna endi sing bakal menarik minaté wong-wong pas nginjil. (Nèk péngin ngerti artikel utawa vidéo liyané sing tau metu ing halaman utama, klik ”Ndelok Artikel Liyané”.) Nèk kerep mbukak jw.org, mengko isa dadi ngerti topik-topik anyar dienggo nginjil.

  • Mulai ngejak omong-omongan nganggo artikel utawa vidéo ing halaman utama. Saka artikel utawa vidéo kuwi, awaké dhéwé isa éntuk idé soal topik sing menarik kanggo wong-wong.

  • Nduduhké langsung halaman utama jw.org. Pilihen siji topik sing menarik, terus duduhna carané nggolèki keterangan luwih akèh ing jw.org.

  • Ngirim link. Kadhang ana wong sing ora seneng omong-omongan langsung, tapi seneng mbukak situs wèb. Nèk ketemu wong sing kaya ngono, langsung kirimi waé link halaman utama jw.org, utawa kirimi link artikel utawa vidéo sing ana ing halaman utama kuwi.